Top Banner
Wulangan III Teks Anekdot Dening: El Medina Aulia Putri (XI MIA C / 08)
12

Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Jan 09, 2017

Download

Education

Hana Medina
Welcome message from author
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Page 1: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Wulangan IIITeks Anekdot

Dening:El Medina Aulia Putri (XI MIA C / 08)

Page 2: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Definisi Teks Anekdot

Teks anekdot yaiku crita sing cerkak, ringkes, lan duweni kesan sing lucu.

Page 3: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Tujuane teks anekdot yaiku kanggo panglipur, nanging sabenere ana pesen tartamtu kang kinandut ing sajrone teks.

Tujuan Teks Anekdot

Page 4: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Teks Anekdot

Krisis Reaksi KodaAbstraksi

Orientasi

Struktur Teks Anekdot

Page 5: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Katrangan:1. Abstraksi yaiku perangan ing purwakane

paragraf kang gunane kanggo menehi gambaran isine teks.

2. Orientasi yaiku perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye prastawa kasebut dumadi. Biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan.

3. Krisis yaiku perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita.

Page 6: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

4. Reaksi yaiku perangan kepriye carane pangripta ngrampungake prakara kang dumadi ing perangan krisis. Bisa uga solusi utawa respon.

5. Koda yaiku perangan pungkasane crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa ing sajroning crita.

Page 7: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

1. Nggunakake tembung panggandheng (konjungsi lan kata penghubung)

2. Ana unsur lucu3. Biasane ngemot sindiran utawa pasemon4. Ngandhut pesen moral

Ciri Kebahasaan Teks Anekdot

Page 8: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Gawe Undang-Undang

Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan. Dheweke manggon ing kutha. Ing sawijine esuk, Dodi ngajak tuku sarapan. Banjur kekarone numpak mobil lan Allan sing nyetir. Ing prapatan lampu bangjo lampune abang, nanging Allan tetep bablas mlaku. Dodi banjur ngomong karo Allan.

Tuladha Teks Anekdot

Page 9: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Dodi : Lampu abang kok mlaku terus?

Allan : Alah tenang wae. Ing nagri kene aku bisa gawe Undang-Undang kok.

Dodi : Kepriye carane? Sing gawe Undang-Undang rak ya DPR karo pamarintah, ta?

Allan : (minggirake mobile)

Dodi : Geneya kok minggir?

Allan : Arep mangsuli pitakonanmu kuwi.

Dodi : Geneya kok kudu minggir?

Allan : (mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane banjur

ngetokake dompet sing duite kandel banjur diselehake

ing ngarepe Dodi) Iki wangsulane!

Dodi : Oh...!!!

Sumber: www.justakbar.wordpress.com

Page 10: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

1. Abstraksi : Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan. Dheweke manggon ing kutha.

2. Orientasi : Ing sawijine esuk, Dodi ngajak tuku sarapan. Banjur kekarone numpak mobil lan Allan sing nyetir.

3. Krisis : Ing prapatan lampu bangjo lampune abang, nanging Allan tetep bablas mlaku.

Struktur Teks Anekdot“Gawe Undang-Undang”

Page 11: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

1. Reaksi : Dodi banjur takon marang Allan ngenani jawabane geneya ing nagri kene kok bisa gawe Undang-Undang dewe.

2. Koda : Allan minggirake mobile banjur mangsuli pitakone Dodi nganthi ngetokno dompet lan diselehake ing ngarepe Dodi.

Page 12: Wulangan III Teks Anekdot Basa Jawa

Maturnuwun ^_^