Top Banner
Kabar Apik nurut Lukas Lukas nulis buku nang Bapak Teofilus 1:1-4 1 1 Salam teka reang, Lukas, nang Bapak Teofilus sing tak hormati. Akeh wong wes usaha nulis cerita-cerita soal Yesus pas urip ning ndunya. 2 Paran sing ditulis iku asale teka wong sing urip bebarengan Yesus terus nyeritak'en paran sing tau kedadean. 3 Kabeh ceritane Yesus molai kawitan wes tak klumpuk'en. Terus nurut reang luweh apik nek cerita-cerita iku tak dadek'en buku iki. 4 Terus sak'iki reang kate mbuktek'en nang rika nek kabeh sing wes diwuruk'en soal Yesus nang rika iku pancen bener. Sakaria oleh wangsit soal laire Yohanes 1:5-25 5 Pas Raja Herodes Agung a mrentah ning wilayah Yudea, ana pengarepe sembayang sing jenenge Sakaria. Sakaria iku gek turunane Pak Abia. (Na, Abia iku buyute Harun, pengarepe sembayang sing kawitan biyen.) Bojone Sakaria, sing jenenge Elisabet, ya turunane Harun pisan. 6 Pengeran seneng nang uripe Sakaria karo bojone merga orak tau lali nglakoni kabeh prentahe Pengeran. 7 Tapikne, wong loro iku orak duwe anak merga Elisabet mandul, karo maneh umure wes tuwek. 8–9 Ning salah sijine dina turunane Abia kepilih nyangga tugas ning Omahe Pengeran. b Terus, pas iku tibak'e Sakaria sing kepilih c a 1.5 Raja Herodes Agung: Ana pepirang wong ning buku iki sing jenenge Raja Herodes. Ana Herodes Agung, anak'e sing jenenge Herodes Antipas, putune sing jenenge Herodes Agripa I, karo buyute sing jenenge Herodes Agripa II. Sing dimaksuten ning ayat lima, yaiku Herodes Agung. Delengen ning kamus. b 1.8-9 Omahe Pengeraniku siji-sijine enggon sembayange wong Ibrani. Enggon gede iku ana ning ibu kotane wong Ibrani, yaiku kota Yerusalem. Delengen ning kamus. c 1.8-9 kepilih : Biasae pengarep-pengarepe sembayang nggawe kopyok'an cekne weroh sapa sing nyangga tugas iku.
124

KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

Dec 14, 2020

Download

Documents

dariahiddleston
Welcome message from author
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Page 1: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

Kabar Apiknurut Lukas

Lukas nulis buku nang Bapak Teofilus1:1-4

11Salam teka reang, Lukas, nang Bapak Teofilus sing takhormati. Akeh wong wes usaha nulis cerita-cerita soal Yesus

pas urip ning ndunya. 2Paran sing ditulis iku asale teka wong singurip bebarengan Yesus terus nyeritak'en paran sing tau kedadean.3Kabeh ceritane Yesus molai kawitan wes tak klumpuk'en. Terusnurut reang luweh apik nek cerita-cerita iku tak dadek'en buku iki.4Terus sak'iki reang kate mbuktek'en nang rika nek kabeh sing wesdiwuruk'en soal Yesus nang rika iku pancen bener.

Sakaria oleh wangsit soal laire Yohanes1:5-25

5Pas Raja Herodes Agunga mrentah ning wilayah Yudea, anapengarepe sembayang sing jenenge Sakaria. Sakaria iku gekturunane Pak Abia. (Na, Abia iku buyute Harun, pengarepesembayang sing kawitan biyen.) Bojone Sakaria, sing jenengeElisabet, ya turunane Harun pisan. 6Pengeran seneng nang uripeSakaria karo bojone merga orak tau lali nglakoni kabeh prentahePengeran. 7Tapikne, wong loro iku orak duwe anak merga Elisabetmandul, karo maneh umure wes tuwek.8–9Ning salah sijine dina turunane Abia kepilih nyangga tugas

ning Omahe Pengeran.b Terus, pas iku tibak'e Sakaria sing kepilihc

a1.5 Raja Herodes Agung: Ana pepirang wong ning buku iki sing jenengeRaja Herodes. Ana Herodes Agung, anak'e sing jenenge Herodes Antipas, putunesing jenenge Herodes Agripa I, karo buyute sing jenenge Herodes Agripa II. Singdimaksuten ning ayat lima, yaiku Herodes Agung. Delengen ning kamus.b1.8-9 Omahe Pengeraniku siji-sijine enggon sembayange wong Ibrani.Enggon gede iku ana ning ibu kotane wong Ibrani, yaiku kota Yerusalem.Delengen ning kamus.c1.8-9 kepilih : Biasae pengarep-pengarepe sembayang nggawe kopyok'ancekne weroh sapa sing nyangga tugas iku.

Page 2: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

2

Omahe Pengeran

ngobongi menyan ning papan suci iku. 10Bareng iku, ana wongIbrani sing pada ndedunga ning latare Omahe Pengeran.11Pas Sakaria ana ning ngarepe enggon pengobongan menyan,

memara ana malaekate Pengeran ning sisih tengene pengobonganmenyan iku. 12Sakaria kaget ambek wedhi temenan. 13Tapimalaekat iku guneman, "Ajo wedhi! Dungane sira karo bojonewes dikabulen Pengeran. Bojone sira bakale nglairen lare lanangsing kudu sira jenengi Yohanes. 14Sira karo wong akeh bakaleseneng temenan pas lare iku dilairen. 15Merga derajate lare ikubakale duwur ning ngarepe Pengeran. Lare iku orak oleh ngombeanggur, terus molai ning njero wetenge makne, wes dikuasaniRohe Pengeran. 16Mbesok lare iku bakale mbalek'en akeh wongIbrani nang kekarepane Gusti Pengeran. 17Sak'durunge Raja singdijanjek'en teka, lare iku bakale ngapik'en maneh atine bapak-bapak karo anak-anak sing wes tau congkrah. Terus bakale ngobahatine wong-wong draka dadi apik, cekne bisa nerima raja sing

Page 3: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

3

Pengarepe Sembayang

bakale teka iku. Kabeh sing dilakoni lare iku mbesok bakale memperwatek'e karo kuasane Nabi Elia biyen."d18Maringono Sakaria njawab, "Masak sih! Reang iki wes tuwek,

apamaneh bojone reang wes tuwek pisan."19Tapi malaekat iku guneman, "Reang iki Gabriel sing ngabdi nang

Pengeran. Pengeran dewe sing ngongkon reang teka nang sira,cekne weroh kabar apik iki. 20Gunemane reang bakale kedadeanpas wayah sing ditentok'en. Tapi merga sira orak percaya, molaisak'iki sira dadi wong bisu, sampek lare iku dilairen."21Barengono, ning latare Omahe Pengeran akeh wong gek pada

ndedunga ambek ngenteni Sakaria. Terus wong-wong iku mikir,"Ngapa kok Sakaria suwe temen ning Omahe Pengeran? Ngapa kokorak metu-metu?" 22Maringono Sakaria metu, tapikne orak bisaguneman peparan. Sakaria mek ngunggahen tangane cekne wng-wong ngerti Sakaria iku bisu. Terus pada ngerti nek Sakaria mari

d1.17 Nabi Elia iku urip atusan taun sak'durunge Yohanes. Ana ramalan ningKitab Suci nek'e Nabi Elia iku bakal teka maneh sak'durunge Raja sing dijanjek'enPengeran teka. (Kitabe Maleakhi 4:5-6)

Page 4: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

4oleh wangsit teka Pengeran. 23Sak'wise marek'en penggaweanening Omahe Pengeran, Sakaria moleh.24Orak kosi suwe, Elisabet mbobot. Terus suwene limang wulan

Elisabet manggon ning omah tok. 25Elisabet guneman, "DuhPengeran, rika wes mberkahi esun. Esun orak kira esen manehmergane esun nyatane orak mandul."

Maria oleh wangsit soal laire Yesus1:26-38

26Sita Elisabet wes mbobot enem wulan, Pengeran ngongkonmalaekat sing jenenge Gabriel nang desa Nasaret. Nasaret iku ananing wilayah Galilea. 27Gabriel dikongkon nyampui prawan singjenenge Maria. Maria wes pacangan karo wong sing jenenge Yusuf.Yusuf iku gek kelebu turunane Raja Daud biyen.28Pas ketemu Maria, malaekat iku guneman, "Maria, salam teka

Pengeran. Bungah temen sira sing diwelasi Pengeran."29Maria kaget ngrungok'en guneme malaekat iku, terus takon

ning njero atine, "Paran tegese salam iku mau?" 30Tapikne malaekatiku guneman maneh nang Maria, "Ajo wedhi, merga sira oleh welasasih teka Pengeran. 31Sak'temene sira bakale mbobot, terus bakalnglairen lare lanang, sing kudu dijenengi 'Yesus'. 32Lare iku bakaledadi penggede, mergane Lare iku Anak'e Gusti Pengeran sing MahaDuwur. Ambek maneh Gusti Pengeran kate ndadek'en Lare iku raja,tiru leluhure, yaiku Raja Daud biyen. 33Lare iku bakal mrentahturunane Yakub, yaiku bangsa Ibrani. Kerajaane orak bisa sirnasak'lawas-lawase."34Maringono Maria takon nang malaekat iku, "Njare iku bisa

kedadean? Esun iki gek prawan, durung tau sanding wong lanang."35Malaekat iku njawab, "Rohe Pengeran bakal mudun mlebu nang

awak'e sira, karo maneh kuasane Gusti Sing Maha Duwur katemayungi sira. Mangkane lare sing kate lair iku bakale diaraniLare Suci teka Pengeran. 36Apamaneh Elisabet, dulure sira singmandul karo sing wes tuwek iku, sak'iki wes mbobot lare lanangsuwene enem wulan. 37Bobotane iku mbuktek'en nek Pengeran bisanglakoni sembarang kalir."38Maria nyauri ngene, "Esun iki ngabdi nang Pengeran. Dadi esun

lega nerima paran wae sing dikarepen nang Pengeran." Maringonomalaekat iku budal.

Page 5: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

5

Maria marani Elisabet ning omahe1:39-45

39Sak'marine iku, Maria budal nang omahe Sakaria, bojoneElisabet, ning wilayah Yudea. Desa iku ana ning pusungan. 40Njebulning kono, Maria mlebu omahe, terus nyeluk Elisabet. 41Pas krungusalame Maria, lare sing ana ning bobotane Elisabet obah nemen.Maringono, Elisabet dikuasani Rohe Pengeran 42 terus Elisabetguneman banter ngene, "Maria, sira iki wong wedhok sing palingdiberkahi teka wong-wong wedhok liyane. Apamaneh, lare sing ananing kandutane sira iku, diberkahi pisan. 43Masia esun iki wongcilik, dina iki esun diajeni merga ditekani sing kate nglairen rajaneesun. 44Pas esun krungu salame sira, lare sing tak bobot iki obahkesenengen. 45Maria, sira diberkahi, merga sira wes percaya nekgunemane Pengeran bakal kedadean."

Maria muji nang Pengeran1:46-55

Terus Maria guneman:46–47 "Atine esun muji nang Pengeran.

Esun nyembah Pengeran sing nyelameten esun.48–49Pengeran wes eling nang esun, wong cilik iki.Molai sak'iki kabeh bangsa nganggep esun wong sing paling

diberkahimerga Pengeran sing Maha Kuasa nggenei mujijat nang esun.

Pengeran iku Maha Suci.50Pengeran bakal nggenei welas asih nang wong-wong sing

manut turun-temurun.51Pengeran wes ndudohen kuasa gawe tangane

karo ngocar-ngaciren wong-wong sing gemede atine.52Pengeran wes nglengseren wong-wong teka jabatane sing

duwurtapi ngunggahen derajate wong-wong sing andap asor.

53Pengeran wes nggenei rejeki gede nang wong sing kluwentapi wong sugeh didadek'en wong sing orak duwe peparan.

54–55Pengeran wes nulung abdine, yaiku bangsa Ibrani.Pengeran wes eling janjine sing digenei biyen nang

mbah-buyute wong Ibrani, yaiku Abraham karoanak-putune sampek sak'lelawase."

Page 6: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

6

Laire Yohanes1:56-66

56Sak'wise telung wulan manggon ning omahe Elisabet, Mariamoleh nang omahe. 57Sita wes wayahe babaran, Elisabet nglairenlare lanang. 58Tangga-tanggane karo dulur-dulure pada senengmerga krungu Elisabet wes oleh welas asihe Pengeran sing gede.59Pas umure wolung dina, lare iku kate disunat karo dijenengen.

La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karojenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kududijenengi 'Yohanes'."61Wong-wong iku guneman, "Ngapa kok ngono? Nanak sesijia

wong sing dijenengi ngono ning keluargane sira." 62Maringonowong-wong iku gawe tangane takon nang Sakaria merga kepengenweroh jeneng paran sing kate digenehen nang lare iku. 63Merga gekbisu, Sakaria njaluk sabak, terus nulis 'Yohanes.' Wong kabeh padagawok. 64Sekala iku Sakaria molai bisa guneman maneh ambekmuji Pengeran.65Tangga-tanggane pada gawok, sampek kabeh wong ning

wilayah pegunungan Yudea pada weroh kedadean iku. 66Wongkabeh sing krungu pada guneman, "Mbesok, lare iki mesti dadiwong sing kesuwur!" Wong-wong guneman ngono merga kuasanePengeran ana ning lare iku.

Kidunge karo ramalane Sakaria1:67-80

67Maringono, Sakaria dikuasani Rohe Pengeran, terusnyampek'en pesene Pengeran ngene,

68–75 "Sak'iki reang muji Gusti, Pengerane wong Ibrani,merga Pengeran wes molai netepi janjine kanggo mbebasen

umate.Pengeran nyawisen raja sing kuat

teka turunane Raja Daud biyen.Janji iku persis sing wes diramalen nabi-nabi sing suci biyen.

Isine janji iku ngene:'Wong Ibrani bakale dibebasen teka musuh-musuhe,

ya teka tangane kabeh sing sengit.'Sak'iki Pengeran wes mbuktek'en welas asihe nang leluhure

wong Ibranimerga janjine sing suci iku molai dinyatak'en.

Janji iku digenei nang Mbah-buyut Abraham biyen.

Page 7: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

7Mangkane wong Ibrani bakal dislameten teka musuhe cekne

orak wedhi ngladeni Pengeran.Wong Ibrani ya bisa ngladeni Pengeran nggawe ati sing suci karo

bener sak'umure urip."

76 "Na, Yohanes, anak'e reang, sira bakale didadek'en nabineGusti Sing Maha Duwur.

Sira iki bakale mlaku ndiki'i kanggo nyiapen dalane Raja singdijanjek'en biyen.

77Sira bakale ndudohen dalan slamet nang umate Pengeran,yaiku, njare carane dosane wong bisa disepura.

78Raja iku bakale teka nang ndunya tiru sorote sengenge pasisuk.

Kabeh iku, merga welas asihe Pengeran.79Terus, sing lungguh ning pepeteng

karo sing urip ning ayang-ayange patibakale dituntun nang dalane Pengeran sing tentrem."

80Maringono ragane karo sukmane Yohanes iku tambah kuat.Terus lare iku manggon ning ara-ara ambae sampek molai ngabarendalane Pengeran nang bangsa Ibrani.

Laire Yesus2:1-7

21Sak'wise Yohanes lair, Raja Agustus, yaiku Raja Gede KerajaanRoma, nganak'en cacah jiwa kanggo kabeh bangsa sing dijajah

Roma.f 2 Iku cacah jiwa sing kawitan, pas Kirenius dadi gubernurning propinsi Siria. 3Merga iku, kabeh wong ning wilayahe Romakudu mbalik nang kota asale dewe-dewe cekne dicatet jiwane.4–5Pas iku Maria wes pacangan karo wong sing jenenge Yusuf.

Yusuf karo Maria manggon ning desa Nasaret, ning wilayah Galilea.Merga Yusuf gek turunane Raja Daud biyen, Yusuf kudu nyatetjiwane ning kotane Daud, yaiku Betlehem ning wilayahe Yudea.Dadi Yusuf ambek Maria sing gek mbobot budal mrana, sing kurangluweh limang dina lakune. 6Sak'wise ana ning kota Betlehem,wayahe teka kanggo Maria babaran. 7Maringono Maria nglairenjabang bayi lanange sing mbarep. Bayi iku dibarut gombal, terusditurok'en ning palungan. Maria karo Yusuf nginep ning gedokan

e1:80 Ara-ara amba: Enggon amba sing nanak wite, nanak sing manggon,tapi mek wedi tok.f2.1Roma iku kerajaan gede 2,000 taun biyen. Roma iku njajah wilayahe wongIbrani karo akeh bangsa liyane. Delengen ning peta.

Page 8: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

8

Yesus lair ning gedokan

merga kabeh omah wes dibek'i wong sing teka kanggo cacah jiwapisan.

Tukang angon wedus nginceng bayine Maria2:8-20

8Bengi iku, ning pinggire kota Betlehem, ana wong-wong singangon wedus. Wong-wong iku biasae nginep ning enggon ngangonkono. 9Pas iku, mara-mara ana malaekat ngadek ning ngarepewong-wong iku. Terus cahyane Pengeran nyorot sampek padawedhi. 10Maringono malaekat iku guneman, "Ajo wedhi, mergareang iki ngandani nang sira kabar apik sing mbungahen wong-wong kabeh ning ndunya. 11Dina iki wes lair Sang Penyelametkanggo sira kabeh ning kotane Raja Daud. Wong iku diarani Gusti,yaiku Raja pilihane Pengeran.g 12La iki tengere cekne weroh nekkabeh iki bener: sira bakale nemok'en lare bayi sing dibarut gombal,terus diturok'en ning palungan."13Mara-mara malaekat iku dibarengi akeh malaekat liyane sing

orak bisa ke'itung kehe. Terus kabeh malaekat iku pada mujiPengeran ngene:g2.11 Raja Pilihane Pengeran: Ning Alkitab bahasa Indonesia istilah singdigawe: 'Kristus/Mesias.' Delengen ning kamus.

Page 9: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

914 "Ning swarga sing paling duwur Pengeran dipuji,

Ning ndunya menungsa sing nyenengen atine Pengerandigenei ayem tentrem."

15Maringono, malaekat-malaekat iku budal balik nang swarga.Terus wong sing angon wedus iku pada guneman, "Ayo pada budalnang Betlehem, nggolek bayi sing diceritak'en malaekate Pengeraniku mau." 16Maringono wong-wong iku kebatan nemoni bayi iku.Yusuf karo Maria ana ning gedokan, terus bayi iku diturok'enning palungan. 17Pas ndeleng bayi iku, tukang angon wedus ikunyeritak'en paran sing wes disampek'en malaekat soal bayi iku.18Kabeh wong pada gawok ngrungok'en ceritane tukang angonwedus iku. 19Merga saking senenge ngrungok'en ceritane mau,Maria orak leren-leren mikiren kabeh iku. 20Maringono wong singangon wedus iku pada mbalik ambek muji Pengeran merga paransing disampek'en malaekat iku mau bener-bener kedadean.

Yesus disunat2:21-24

21Sita umure wolung dina, bayi iku disunat, terus dijenengi Yesus.Jeneng iku persis karo sing dikongkonen malaekat sak'durungeMaria mbobot.

Yesus digawa nang Omahe Pengeran2:22-40

22–24Petang puluh dina sak'marine Yesus lair, Maria karo Yusufbudal nang Omahe Pengeran. Nurut Kitabe Nabi Musa, nek anawong wedhok sing mari babaran, awak'e kudu disucek'en. Nurutaturane Pengeran, wong iku kudu ngorbanen manuk perkutut loroutawa piyek loro.Pas iku, Yesus dijak pisan nang Omahe Pengeran, kate diserah'en

nang Pengeran, nurut Kitab Sucine wong Ibrani. Kitab Suci iku uninengene:

"Saben lare lanang sing mbarep dadi duwek'e Pengeran."25Na, ning kota Yerusalem kono, ana wong Ibrani sing jenenge

Simeon. Simeon iku wong sing bener karo manut nang Pengeran.Simeon ngenteni Pengeran nyelameten wong Ibrani. Uripe Simeondituntun Rohe Pengeran. 26Rohe Pengeran iku wes ngandaniSimeon nek awak'e orak bakale mati sak'durunge ketemu Kristus,yaiku Raja pilihane Pengeran.27La, Rohe Pengeran nuntun Simeon nang Omahe Pengeran. Pas

iku Maria karo Yusuf wes nggawa bayine nang Omahe Pengeran,

Page 10: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

10

Simeon ngemban Yesus

kanggo diserahen nang Pengeran nurut aturane agama Ibrani.28Simeon terus ngemban bayi iku karo muji Pengeran ngene,

29 "Duh Pengeran, nedan nerima. Reang wes ayem tentrem karolega nerima kapan wae reang mati.

30Merga janjine Rika wes kelakon pada karo sing Rikaomongen. Sak'iki reang wes ndeleng dewe slamet singteka Rika,

31yaiku Sang Penyelamet sing wes Rika cawisen ningngarepe kabeh bangsa.

Page 11: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

1132Sang Penyelamet iku memper padhang sing ndudohen

dalane Pengeran nang bangsa-bangsa liya.Bangsa Ibrani bakale kesuwur merga tekane Sang

Penyelamet iku."33Yusuf ambek Maria gawok nang gunemane Simeon soal Yesus

iku. 34–35Maringono Simeon ndedunga kepe Pengeran mberkahiYusuf karo Maria. Simeon guneman nang Maria, makne lareiku, ngene, "Lare iki wes ditentok'en kanggo ngukum ambeknyelameten akeh wong Ibrani. Lare iki bakal mbukak rahasia elekning atine wong. Mangkane lare iku bakale ditentang wong akeh.Terus, Maria, atine sira bakale lara kaya disuduk lading."36Ning kono ana pisan nabi wedhok Ibrani sing wes tuwek,

jenenge Hana. Wong iku anak'e Pak Fenuel sing turunane PakAsyer. Sak'marine omah-omah pitung taun, bojone mati, terus dadiranda. 37Sak'iki umure wes wolung puluh papat taun. Hana ikuwong sing mantep sembayange, terus orak tau ninggalen OmahePengeran. Awan bengi gawene mek ndedunga karo pasa ning kono.38Sak'wise Simeon guneman, Hana teka. Terus Hana nedan nerimanang Pengeran. Maringono Hana nyeritak'en anane Yesus nangwong akeh sing ngenteni bangsa Ibrani duwe kerajaan maneh ceknediselameten teka kuasane bangsa liya.39Sak'wise marek'en kewajibane nurut Kitab Sucine Nabi Musa,

Yusuf ngejak anak-bojone moleh nang desa Nasaret, ning wilayahGalilea. 40Suwene-suwe lare iku tambah gede tambah kuat. Terusmaneh digenei akeh pengerten karo welas asihe Pengeran.

Yesus nggawok'i guru-guru Kitab Suci ning Omahe Pengeran2:41-52

41Saben taun pas Riaya Paskah,h wong tuwek'e Yesus budal nangkota Yerusalem. 42Ning salah sijine dina, pas umure 12 taun, Yesusdijak wong tuwek'e ngrayak'en Paskah ning Yerusalem kaya biasae.43Sak'marine riaya iku, wong tuwek'e moleh, tapikne Yesus gekning Yerusalem. Pas iku, wong tuwek'e orak weroh nek Yesus orakmelu moleh. 44Wong tuwek'e mikir nek Yesus wes budal barengwong-wong sing moleh nang desa Nasaret. (Na, lakune Yerusalemnang Nasaret iku suwene limang dina.) Sak'wise mlaku suwenesedina, wong tuwek'e nggolek'i Yesus ning antarane dulur-dulurekaro kanca-kancane sing mlaku nang Nasaret pisan. 45Merga oraknemok'en Yesus, wong tuwek'e mbalik maneh nang Yerusalem

h2.41 Riaya Paskah : Ewonan taun sak'durunge Yesus, wong Ibranididadek'en budak ning Mesir luweh teka 400 taun. Riaya Paskah iku dina ngelingiwayahe Pengeran mbebasen wong Ibrani teka pulasara ning Mesir.

Page 12: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

12ambek nggolek'i Yesus. 46Sak'wise telung dina nggolek'i, wongtuwek'e nemok'en Yesus ana ning latare Omahe Pengeran. Pas ikuYesus gek lungguh ambek ngrungok'en karo takon nang guru-guruKitab Suci.i 47Kabeh wong pada gawok merga Yesus ngerti nangKitab Suci karo jawaban-jawabane tepak temenan. 48Wong tuwek'emelu gawok pisan ndeleng Yesus. Terus makne guneman nangYesus, "Le, ngapa sira kok orak melu moleh? Makne karo Bapaknesira iki kuatir sampek telung dina nggolek'i sira."49Yesus njawab, "Rika orak usah kuwatir nang reang. Rika lak

wes weroh nek reang kudu ana ning Omahe Bapakne reang dewe."50Tapi wong tuwek'e orak ngerti paran tegese gunemane Yesus ikumau. 51Marine iku Yesus karo wong tuwek'e mbalik moleh nangNasaret. Yesus iku lare sing manut nang wong tuwek'e. Terus Mariaorak leren mikiren kabeh kedadean soal Yesus ning njero atine.52Suwene-suwe Yesus dadi tambah gede karo oleh pengerten.

Apamaneh Yesus tambah nyenengen Pengeran karo menungsa.

Yohanes molai nyampek'en pesen teka Pengeran3:1-22

3 (Ning Kerajaan Roma, ana akeh wilayah. Yesus manggon ningwilayah Galilea, parek'e wilayah Iturea, Trakonitis, karo Abilene.

Kidule wilayah Galilea ana wilayah Yudea.)j1Sak'wise limalas taun Tiberius dadi Raja Gede ning Kerajaan

Roma, Pontius Pilatus dadi gubernur ning Yudea. Pas iku HerodesAntipask dadi raja ning wilayah Galilea. Dulure Herodes sing jenengeFilipus dadi raja pisan ning wilayah Iturea karo Trakonitis. TerusLisanias dadi raja ning wilayah Abilene.2Wayah iku, sing dadi Pengarepe Sembayang Agung,l yaiku

Pak Hanas karo anak'e sing jenenge Kayafas. Pas sak'mono,gunemane Pengeran teka nang Yohanes, anak'e Pak Sakaria,sing gek manggon ning ara-ara amba. 3Maringono Yohanes budalnang sak'kabehe enggon sekitare kali Yordan. Ning kono, Yohanesmemelung ngene, "Tobata terus dibaptism cek'ne dosa-dosanedisepura nang Pengeran!"

i2.46 Guru-guru Kitab Suci: Ning Alkitab bahasa Indonesia istilah singdigawe: 'Ahli Taurat.' Delengen ning kamus.j3.0 Galilea, Iturea, Trakonitis, Abilene, karo Yudea. Delengen ning peta.k3.1 Herodes Antipasyaiku anak'e Herodes Agung. Delengen ning kamus.l3.2Pengarepe Sembayang Agung: yaiku pemimpine kabeh pengarepesembayang ambek Mahkama Agama. Delengen ning kamus.m3.3 baptis: yaiku awak'e wong dilebok'en ning njerone banyu, dadi tengernek kepengen mbalik nang Pengeran.

Page 13: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

134Kedadean iku wes ditulis atusan taun sak'durunge iku ning kitabe

Nabi Yesaya, ngene:

"Ana wong sing melung-melung ning ara-ara amba.Sira kudu nyiapen sembarang kalir

kanggo tekane Sang Raja.Ratakna dalan nang atine sira

kanggo tekane Raja iku.5Sak'kabehe ledok'an bakal diuruki.

Gunung karo pusungan bakale diratak'en.Dalan sing menggak-menggok bakale dikencengen.

Dalan sing mundak-munduk bakale dialusen.6Sak'kabehe wong ning ndunya

bakale ndeleng raja sing dicawisen Pengerankanggo nyelameten menungsa."

7Maringono ana wong akeh sing njaluk dibaptis. Terus Yohanesguneman nang pemimpin-pemimpin agama sing ana ning konopisan, "Sira kabeh duwe watek sing elek. Apa sira kepengen mlayuteka ukumane Pengeran sing bakale teka? 8Nek sira kate tobattemenan, buktekna nang klakoane sira. Ajo gendak polae siraturunane Abraham biyen, yaiku mbah-buyute kene. Masia Pengerantau janji nek turunane Abraham bakal diberkahi, tapi Pengeranbisa ngrobah watu-watu iki dadi turunane Abraham, ngganteni sirakabeh! 9Wit sing orak ngetok'en woh sing apik bakale ditegornganggo perkul, terus diuncalen ning njero geni. Ya ngono pisanPengeran kate ngukum wong sing klakoane elek."10Ning kono ana wong akeh sing takon nang Yohanes, "Paran sing

kudu tak lakoni?"11Yohanes njawab, "Sapa sing duwe klambi loro, genehna sing

sijine nang wong sing orak duwe. Terus sapa wae sing duwe panganluweh, dumen nang wong sing keluwen!"12Maringono, ana wong-wong tukang narik pajekn sing teka nang

Yohanes merga kepengen dibaptis pisan. Wong-wong iku padatakon, "Guru, paran sing kudu tak lakoni?"13Yohanes njawab, "Ajo nagih luweh akeh teka sing wes

ditentok'en!"

n3.12Wong tukang narik pajek: Pas jaman iku, kabeh wong sing tukangnarik pajek dianggep jahat merga biasae njupuk picise wong luweh teka sing wesditentok'en.

Page 14: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

1414Ana pisan prajurit-prajurit sing takon nang Yohanes, "Paran sing

kudu tak lakoni?"Yohanes njawab, "Ajo ngarani wong sing orak salah, ya ajo meres.

Cukupna uripe sira teka bayarane sira dewe!"15Pas iku, akeh wong Ibrani wes ngenteni karo arep-arep tekane

Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen. Wong-wong ikupada takon ning njero atine, "Apa bener Yohanes iku Raja PilihanePengeran?"16Mangkane, Yohanes guneman nang wong akeh, "Sira tak baptis

nggawe banyu, tapikne Raja iku bakale mbaptis nggawe RohePengeran ambek geni. Raja iku duwe kuasa sing luweh gede tekareang, sampek nyoplok sandale wae, reang orak pantes. 17Rajaiku bakale ngadili menungsa kabeh, yaiku nyejek'en antaranewong sing jahat karo wong sing apik. Iku persis wong tani singnyejek'en terigu teka sekeme. Terigu bakal diklumpuk'en nanggudang, tapikne sekem bakal dilebok'en ning geni, terus diobongsak'lelawase."18Yohanes nerusen nyampek'en kabar apik teka Pengeran ambek

melehen wong akeh. 19Yohanes melehen Raja Herodes Antipaspisan merga klakoan-klakoane sing elek. Salah sijine klakoane,Herodes ngepek Herodias, yaiku bojone dulure, didadek'en bojonedewe. 20Tapi, Herodes orak nglereni klakoane sing elek, malahannglebok'en Yohanes nang njero bui.

Page 15: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

15

Rohe Pengeran mudun ngrupak'en manuk dara

Riwayate Yesus3:21-38

21Sita akeh wong ning wilayah iku dibaptis, Yesus dibaptis pisan.Pas Yesus gek ndedunga, langit kebukak, 22 terus Rohe Pengeranmudun nang duwure Yesus ngrupak'en manuk dara. Pas iku anasuara teka swarga ngene, "Sira iki Anak'e Reang sing tak tresnani.Sira nyenengen atine Reang."23Pas ngawiti penggaweane, umure Yesus kira-kira telung puluh

taun. Nurut anggepane wong, Yesus iku anak'e Yusuf.Na Yusuf duwe bapak sing jenenge Eli,24Eli duwe bapak Matat,Matat duwe bapak Lewi,sing bapakne Malkhi,sing bapakne Yanai,sing bapakne Yusuf,25 sing bapakne Matica,sing bapakne Amos,sing bapakne Nahum,

Page 16: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

16sing bapakne Hesli,sing bapakne Nagai,26 sing bapakne Maat,sing bapakne Matica,sing bapakne Simei,sing bapakne Yosekh,sing bapakne Yoda,27 sing bapakne Yohanan,sing bapakne Resa,sing bapakne Serubabel,sing bapakne Sealtiel,sing bapakne Neri,28 sing bapakne Malkhi,sing bapakne Adi,sing bapakne Kosam,sing bapakne Elmadam,sing bapakne Er,29 sing bapakne Yesua,sing bapakne Elieser,sing bapakne Yorim,sing bapakne Matat,sing bapakne Lewi,30 sing bapakne Simeon,sing bapakne Yehuda,sing bapakne Yusuf,sing bapakne Yonam,sing bapakne Elyakim,31 sing bapakne Melea,sing bapakne Mina,sing bapakne Matata,sing bapakne Natan,sing bapakne Daud,32 sing bapakne Isai,sing bapakne Obed,sing bapakne Boas,sing bapakne Salmon,sing bapakne Nahason,33 sing bapakne Aminadab,sing bapakne Admin,sing bapakne Arni,sing bapakne Hesron,sing bapakne Peres,

Page 17: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

17sing bapakne Yehuda,34 sing bapakne Yakub,sing bapakne Ishak,sing bapakne Abraham,sing bapakne Terah,sing bapakne Nahor,35 sing bapakne Serug,sing bapakne Rehu,sing bapakne Peleg,sing bapakne Eber,sing bapakne Salmon,36 sing bapakne Kenan,sing bapakne Arpakhsad,sing bapakne Sem,sing bapakne Nuh,sing bapakne Lamekh,37 sing bapakne Metusalah,sing bapakne Henok,sing bapakne Yared,sing bapakne Mahalaleel,sing bapakne Kenan,38 sing bapakne Enos,sing bapakne Set,sing bapakne Adam.Adam iku ciptaane Pengeran.

Yesus diguda rajane roh-roh jahat4:1-15

41Sak'marine ninggalen kali Yordan, Rohe Pengeran nguatenYesus. Rohe Pengeran iku nuntun Yesus budal nang ara-ara

amba. 2Ning kono Iblis, yaiku rajane roh-roh jahat, ngguda Yesussuwene petang puluh dina. Pas iku Yesus keluwen temenan, mergasak'wene iku Yesus orak mangan peparan.3 Iblis guneman nang Yesus, "Nek sira iki pancene Anak'e

Pengeran, kongkonen watu iki dadi roti."4Yesus guneman, "Ning Kitab Suci ana unine ngene:

'Uripe menungsa dhuduk teka pangan tok.'"5Maringono Iblis ngejak Yesus nang enggon sing duwur, terus

memara Iblis ndudohen Yesus sak'kabehe kerajaan sing ana ningndunya. 6 Iblis guneman, "Kabeh kuasa karo dunya-brana ningndunya iki wes digenehen nang reang. Apamaneh reang bisa

Page 18: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

18nggenei nang sapa wae sing tak karepen. 7Nek'e sira nyembahreang, kabeh dunya-brana karo kuasa iku bakal dadi duwek'e sira."8Yesus guneman, "Ning Kitab Suci ana unine ngene:

'Nyembaha karo manuta nang Gusti Pengeran wae.'"9Maringono Iblis ngejak Yesus nang Yerusalem, terus Yesus

digawa nang duwure Omahe Pengeran, terus ngadek ning pucuk'elarap. (Na, biasae ana akeh wong nglumpuk ning latare OmahePengeran iku.) Terus Iblis guneman nang Yesus, "Nek sira pancenAnak'e Pengeran, rutuhna awak'e sira teka kene, 10merga anaunine Kitab Suci ngene:

'Pengeran bakale ngongkon malaekat-malaekate njaga sira.11Malaekat-malaekat iku bakale nampani sira nggawe tangane

cekne sikile sira orak sampek kenek'an watu.'"12Yesus guneman, "Ning Kitab Suci ana unine ngene:

'Ajo nguji Gusti Pengerane sira.'"13Sak'marine ngguda Yesus, Iblis budal terus nggolek wayah liya

kanggo ngguda Yesus maneh.

Yesus ngawiti penggaweane, tapiorak ditampa ning kampung asale

4:16-3014Maringono, sak'njerone kuasane Rohe Pengeran, Yesus budal

moleh nang daerah Galilea. Kabar soal Yesus sumebar nangsak'kabehe wilayah iku. 15Ning kono Yesus mulang ning balaiagama,o terus diajeni nang kabeh wong.16Sak'marine iku, Yesus moleh nang desa Nasaret, yaiku

kampung asale dewe. Ning kono, Yesus mlaku nang balai agamaIbrani, terus ngadek ning ngarepan ambek maca Kitab Suci, kayabiasae. 17Kitab Nabi Yesaya dilungen nang Yesus. Sak'marinembukak kitab iku, Yesus nemok'en karo maca bageane kitab singunine:

o4.15Balai agama: Enggon iki digawe kegiatan agama karo macem-macemekegiatan masyarakat. Delengen ning kamus.

Page 19: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

1918 'Rohe Pengeran ana ning njerone reang,merga Pengeran wes nentok'en reang

kanggo ngabaren kabar apiknang wong-wong mlarat.

Pengeran wes ngongkon reangkanggo ngabari nek'e

wong-wong tawanan bisa diculen,wong-wong sing picek bisa melek,

wong-wong sing ketindes bisa dientas,19karo ngabari nek'e

jaman welas asihe Pengeran wes teka.'20Maringono Yesus nutup kitab iku karo mbalek'en nang wong

sing nggenei mau, terus lungguhmaneh. Kabeh wong pada nguasennang Yesus. 21Teruse Yesus ngawiti mulang wong-wong iku, "Dinaiki, paran sing wes sira kabeh rungok'en teka Kitab Suci iku mauwes dinyatak'en."22Kabeh wong pada gawok ngrungok'en wuruk'ane Yesus merga

mikir kabeh iku apik, terus takon, "Kok anak'e Yusuf iku bisanjabaren isine Kitab Suci kaya ngono?"23Maringono Yesus guneman, "Mestine sira bakale nggunem

paribasan iki nang reang, 'He tukang nyelameten wong, slametnaawak'e sira dewe! Buktek'na nang enggon plairane sira iki kuasasing tau sira ndudohen ning kota Kapernaum.'" 24Yesus nerusengumenane, "Nanak sesijia nabi sing diajeni ning enggon asaledewe. 25Rungokna! Biyen pas jamane Nabi Elia ana paceklik mergananak udan suwene telung taun enem wulan. Merga iku akeh randaning daerah Ibrani kerepotan nggolek pangan. 26Masia ngono,Pengeran orak ngongkon Nabi Elia nulung salah sijine randa-randaning Ibrani kene. Tapikne dikongkon ngladeni salah sijine randaning negara liya. Randa iku ana ning desa Sarfat ning wilayahSidon. 27Apamaneh, biyen pas jamane Nabi Elisa ana akeh wongning Ibrani sing kenek lara kusta.p Masia ngono, Pengeran ya orakngongkon Nabi Elisa nulung salah sijine wong sing lara kusta ningIbrani kene. Tapikne ngongkon marasen wong sing lara kusta tekanegara Syria sing jenenge Naaman."

p4.27 Lara kusta iku lara sing mateni kulit sampek bageane awak bisa coplok.Apamaneh wong sing kenek iku bisa mati. Wong sing lara kusta itu dianggepnajis. Mangkane kudu manggon adoh teka wong, orak oleh melu sembayang, yasapa wae sing nyandak wong sing lara kusta melu dadi najis pisan.

Page 20: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

2028Sak'marine ngrungok'en iku, sak'kabehe wong ning balai agama

iku pada ngamuk, 29ngadek, terus nundung Yesus nang jabanedesa. Merga desa iku ana ning pusungan, wong-wong iku kepengennjungkrak'en Yesus nang curah. 30Tapikne Yesus mek mlakungliwati wong akeh iku, terus budal.

Yesus nundung roh jahat teka awak'e wong4:31-37

31Wayah liya Yesus budal nang kota Kapernaum, ning wilayahGalilea. Pas dina Sabat,q Yesus mulang ning balai agama. 32Wong-wong ning kono gawok nang wulangane Yesus, merga wulanganeiku mau akeh kuasane. 33Ning njero balai agama iku, ana wongsing klebon roh jahat. Roh jahat iku memelung banter, 34 "He Yesusteka Nasaret, paran urusane sira karo reang? Apa tekane sira katemateni reang? Reang weroh nek sira iku utusan sing suci tekaPengeran."35Tapikne roh jahat iku disenggrang, "Menenga! Metua sira teka

wong iki!" Terus roh jahat iku mau mbanting wong iku ning tengahewong akeh. Tapikne wong iku orak ngapa-ngapa. Mari iku rohjahat mau metu. 36Wong sing ning kono gawok kabeh, terus padaguneman nang kanca-kancane, "Mandi temenan gunemane wongiki, akeh kuasane. Apamaneh, roh-roh jahat iku nurut nang wongiki merga kuasane. Mek dikongkon wae, roh-roh jahat pada metu."37Teruse, cerita iku nyebar nang sak'kabehe wilayah iku.

Yesus marasen wong akeh4:38-44

38Maringono Yesus ninggalen balai agama iku terus mlebu nangomahe Simon. Pas iku maratuane Simon sing wedhok nggregesnemen. Simon njaluk tulung nang Yesus. 39Terus Yesus marek'ipeterone, nungkruk ning duwure wong wedhok iku, karo nundungnggregese. Maringono larane budal. Wong wedhok iku tangi terusngladeni wong kabeh sing ana ning kono.40Pas wayah surup, wong-wong sing lara sembarang kalir pada

digawa nang Yesus. Yesus numpangen tangane nang wong kabehsing lara iku siji-siji, terus wong-wong iku waras.41Pas iku pisan, ana roh-roh jahat sing metu teka wong akeh,

ambek melung-melung, "Rika iki pancene Anak'e Pengeran." Tapiroh-roh jahat iku disenggrang nang Yesus. Roh-roh jahat iku

q4.31 Dina Sabatiku dina lerene wong Ibrani seminggu sepisan kanggosembayang. Delengen ning kamus.

Page 21: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

21orak diolehi guneman merga weroh nek Yesus iku Raja PilihanePengeran.42Sisuk'e, pas sengenge wes cukul, Yesus budal nang enggon

sing sepi. Tapikne akeh wong pada nggolek'i Yesus. Sak'marinenemok'en Yesus, wong-wong iku menggak Yesus cekne orakbudal teka kono. 43Tapikne Yesus guneman, "Reang orak diutuskanggo meneng ning kene wae, tapi reang diutus nang kota-kotaliyane pisan. Reang kudu nyampek'en kabar apik nek'e KerajaanePengeranr kate dinyatak'en." 44Maringono Yesus nerusen mulangning balai-balai agama liyane ning wilayah Yudea.

Yesus milih murit-murit sing kawitan5:1-11

51–2Ning salah sijine dina Yesus ngadek ning pinggire ranuGenesaret. Yesus ndeleng ana prau loro. Pas iku nelayan-

nelayan wes mudun teka praune terus gek ngumbah jaringe.Ning kono ana wong akeh sing ngrombyong Yesus, kepengenngrungok'en pesene Pengeran. 3Cekne bisa muruk'i wong akeh singana ning pinggire ranu, Yesus munggah nang salah sijine prau,yaiku praune Simon. Yesus ngongkon Simon nyurung praune orak

r4.43 Kerajaane Pengeran: Pengeran tau njanji nang Raja Daud nekkerajaane bakale langgeng. Molai iku wong Ibrani ngenteni tekane kerajaan iku.Delengen ning kamus.

Page 22: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

22

Yesus lungguh ning duwure prau

kosi adoh teka pinggire ranu. Maringono Yesus lungguh ning duwureprau ambek muruk'i wong akeh sing ana ning pinggirane ranu iku.4Sak'wise muruk'i, Yesus guneman nang Simon, "Gawanen prau

iki nang enggon sing luweh jero, terus cemplungen jaringe kanggonyekel iwak."5Simon njawab, "Guru sak'wengi-wengi reang ambek kanca-

kanca wes mantep golek iwak, tapi orak oleh sesijia. Tapikne mergarika sing ngongkon, ya tak cemplungen wae jaring iki."6Sak'marine nyemplungen jaring, Simon karo kanca-kancane

oleh iwak sing akeh temenan sampek jaringe molai mbrodol.7Mangkane pada njaluk tulung nang kanca-kancane ning prauliyane cekne melu ngrewangi. 8–10Kanca-kancane teka, terusngrewangi ngiseni iwak ning rong prau iku sampek prau-prauiku meh klelep. Ndeleng akehe iwak sing kejaring iku, kancanekabeh pada gawok. Sak'antarane kancane Simon, ana sing jenengeYakobus karo Yohanes. Lelorone iku anak'e Pak Sebedeus.Pas ndeleng kuasane Yesus, Simon, sing celuk'ane Petrus, sujud,

terus guneman, "Gusti, ngedoha teka reang. Merga reang, wongsing dosa iki, orak pantes parek karo rika."Yesus guneman nang Simon, "Ajo wedhi. Masia penggaweane sira

mek nggolek iwak, tapikne molai sak'iki sira bakale nggolek wong-wong kanggo melu reang."

Page 23: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

2311Sak'wise nggawa prau-praune nang pinggirane ranu, nelayan-

nelayan iku ninggalen sak'kabehe terus melu Yesus.

Yesus marasen wong sing lara kusta5:12-16

12Ning salah sijine dina Yesus ana ning salah sijine kota ningwilayah Galilea. Ning kono ana wong lanang sing awak'e dibek'ikusta. Pas ndeleng Yesus, wong iku sujud ambek guneman, "Gusti,nek'e rika gelem, reang percaya rika bisa marasen reang."13Terus Yesus njuluren tangane nyandak wong ambek guneman,

"Reang gelem. Warasa sira sak'iki!" Memara larane wong iku waras.14Maringono Yesus gunemanmaneh, "Kedadean iki, ajo diceritak'ennang sapa wae. Tapikne dudohna awak'e sira nang pengarepesembayang, kanggo mbuktek'en nek sira wes waras teka lara kustaiki. Terus genehana korban kewan nang Pengeran, persis sing wesdikongkonen Nabi Musa biyen."15Tambah suwe jenenge Yesus tambah kesuwur ning endi-endi.

Akeh wong pada nekani Yesus cekne bisa ngrungok'en wulanganekaro pisan diwarasen teka larane. 16Masia ngono, Yesus biasaenggolek enggon sing sepi cekne bisa ndedunga.

Yesus marasen wong lumpuh5:17-26

17Ning salah sijine dina, Yesus mulang ning njero omahe wong.Pas iku Pengeran nggenei kuasa nang Yesus kanggo marasenwong. Ning kono ana pepirang wong Farisis karo guru Kitab Sucising lungguh ambek ngrungok'en Yesus. Wong-wong iku maunebudal teka sak'kabehe desa ning wilayah Galilea, Yudea karo kotaYerusalem.18Maringono ana sing nggotong wong lumpuh ning tandu,

kepengen mlebu nang omah iku cekne bisa marek'i Yesus. 19Polaesaking akeh'e wong ning omah iku, wong lumpuh ambek kancaneorak bisa mlebu. Merga iku, wong lumpuh iku mau digawa munggah

s5.17 Wong Farisiiku golongane wong Ibrani sing sregep nglakoni kabehaturane Kitab Suci ambek adat sing digawe wong Ibrani. Delengen ning kamus.

Page 24: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

24

Wong lumpuh digawa nang duwure omah (5.19)

nang duwure omah. Maringono larape omah iku dibedel. Terus wonglumpuh iku diduk'en nang njerone omah, ning tengah-tengahewong akeh, pas ning ngarepe Yesus.20Ndeleng iku, Yesus weroh wong-wong iku percaya nang

kuasane. Terus Yesus guneman nang wong lumpuh iku, "Cak,dosane sira wes disepura."21Pas krungu iku, pepirang guru Kitab Suci karo wong Farisi

pada takon nang kanca-kancane, "Sapa wong iki sing wani nantangPengeran? Sak'jane mek Pengeran wae sing bisa nyepura dosanemenungsa!"22Tapikne Yesus wes weroh paran sing dipikiren wong-wong iku

terus guneman, "Ngapa sira kok orak percaya reang bisa nyepuradosane wong? 23Nek reang guneman, 'Dosane tak sepura,' utawa'Larane tak warasen,' sing endi luweh ewoh tak buktek'en? 24Reang

Page 25: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

25iki Rajane Menungsa.t Dadi reang duwe kuasa ning ndunya kanggonyepura dosane wong. Delengen, iki buktine." Terus Yesus gunemannang wong lumpuh iku, "Tangia, jupuk'en tandune sira, terusmoleh'a."25Memara wong lumpuh iku tangi ning ngarepe wong akeh.

Sak'marine njupuk tandune, wong iku moleh nang omahe ambekmuji nang Pengeran. 26Kabeh wong sing ana ning kono padagawok karo wedhi, terus muji Pengeran pisan. Wong-wong iku padaguneman ngene, "Nggawok'i temenan kedadean sing kene ndelengdina iki."

Yesus disalahen merga orak melu adate wong Ibrani5:27-39

27Marine iku Yesus metu, terus campuh karo wong tukang narikpajek, sing jenenge Pak Lewi. Pas iku Lewi gek lungguh ningpanggonan mbayar pajek. Yesus guneman, "Ayo melua reang!"28Lewi ngadek, ninggalen penggaweane, terus melu Yesus.29Marine ngono Lewi nganak'en syukuran kanggo Yesus ning

omahe. Akeh wong tukang narik pajek karo kanca-kanca liyanemelu mangan bebarengan Yesus karo Lewi. 30Tapi wong Farisiambek guru Kitab Suci pada ngrundel terus guneman nang murit-murite Yesus, "Ngapa sira kok mangan bebarengan karo wong-wong tukang narik pajek ambek wong-wong dosa?"31Yesus njawab, "Dhuduk wong waras sing mbutuh diwarasen,

tapi wong sing lara. 32Reang teka dhuduk kanggo ngejak wong singjere dewe bener, tapikne kanggo ngejak wong dosa cek'ne tobatteka dosa-dosane."33Wong Farisi iku pada guneman maneh, "Murit-murite Yohanes

gelek pasa karo ndedunga. Ya ngono pisan murit-murite wongFarisi. Tapikne, ngapa murit-murite rika kok memangan karongombe tok?"34Terus Yesus njawab gawe paribasan soal awak'e dewe,

"Kemanten lanang orak kira ngongkon kanca sinoman pasa pas tekanang slametan. 35Tapikne, kanca-kancane kemanten iku mestinepasa, pas kemanten lanang iku mau dicekel musuhe."36Maringono Yesus nyritak'en paribasan maneh nang wong-wong

iku, "Nanak wong sing nyowek klambi anyar kanggo nambal klambilawas sing bolong. Klambi anyar iku bakale rusak merga disuwek,terus kain lelorone iku orak bakal cocok. 37Terus, nanak wong singngiseni anggur anyar ning kantong kulit sing lawas. Merga kantongt5.24Rajane Menungsa: Ning Alkitab bahasa Indonesia istilah sing digawe:'Anak Manusia.' Delengen ning kamus.

Page 26: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

26teka kulit sing lawas iku bakale mbledos teka glembunge angguranyar iku. Nek ngono, anggure kebuak ambek kantonge ya rusakpisan. 38Tapikne banyu anggur sing anyar kudu dilebok'en nangkantong kulit sing anyar. 39Apamaneh nanak sesijia wong singgelem ngombe banyu anggur sing anyar sak'wise ngombe banyuanggur sing lawas. Wong iku bakal guneman, 'Enakan anggur singlawas.'"

Tetakonan soal dina Sabat6:1-5

61Ning salah sijine dina Sabat,u Yesus mlaku-mlaku ngliwatigaga bebarengan murit-murite. Terus murit-murite metik wijine

terigu. Wijine terigu iku dikocek'i, terus dipangan. 2Tapikne wong-wong teka golongane Farisi pada guneman, "Ngapa kok murit-murite sira manen terigu pas dina Sabat? Sira lak wes weroh wongIbrani orak oleh nyambut gawe pas dina suci iki."3Yesus njawab, "Apa sira orak maca ning Kitab Suci soal ceritane

Daudv biyen? Sak'durunge Daud dadi raja, Daud ambek kanca-kancane keluwen. 4Terus Daud mlebu nang Omahe Pengeran,maringono njupuk roti sing wes disajek'en nang Pengeran. Roti ikudipangan Daud, terus digenehen nang kanca-kancane. Tapi nurutKitab Suci, roti iku orak oleh dipangan wong biasa. Sak'jane mekpengarep-pengarepe sembayang wae sing oleh mangan roti iku.5Dadi gatekna! Rajane Menungsa iki duwe hak nentok'en paran singoleh utawa orak oleh dilakoni pas dina Sabat."

Yesus marasen wong pas dina Sabat6:6-11

6Pas dina Sabat liyane, Yesus mulang ning balai agama Ibrani.Ning kono ana wong sing tangan tengene lumpuh. 7Pepirang guruKitab Suci ambek wong Farisi pada nguasen paran sing kate dilakoniYesus. Nek'e Yesus marasen wong pas dina Sabat, iku bakale dadidalan kanggo nyalahen Yesus. 8Tapikne Yesus weroh paran singdipikiren wong-wong iku. Terus Yesus guneman nang wong sing laratangane iku mau, "Ngadeka sira ning ngarepan kene!" Terus wongiku ngadek ning ngarepan. 9Terus Yesus takon nang wong-wongsing ana ning kono, "Nurut Kitab Suci, paran sing oleh dilakoni pas

u6.1 Dina Sabatiku dina lerene wong Ibrani seminggu sepisan sing digawesembayang. Delengen ning kamus.v6.3Daud iku rajane wong Ibrani biyen sing paling diajeni. Delengen 'KerajaanePengeran' ning kamus.

Page 27: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

27dina Sabat? Nglakoni sing apik utawa sing elek? Nyelameten wongutawa mateni wong?"10Maringono Yesus nguasen wong-wong kabeh, terus guneman

nang wong sing lara tangane iku mau, "Julurna tangane sira!" Marinjuluren tangane, tangane wong iku langsung waras. 11Sak'wiseiku, guru-guru Kitab Suci ambek wong-wong Farisi dadi mangkeltemenan. Terus rundingan njare carane ngalahen Yesus.

Rolas murite Yesus dipilih dadi utusan-utusane6:12-16

12Marine ngono, Yesus budal nang pusung. Ning kono Yesusndedunga nang Pengeran sak'wengi-wengi. 13Sak'marine dina wespadhang, Yesus nyeluk murit-murite kabeh. Teka murit-murit iku,Yesus milih 12 wong, terus didadek'en utusan-utusanw sing bakalnerusen wuruk'ane. 14 Jenenge wong-wong iku:Simon sing celuk'ane Petrus,Andreas dulure Petrus,Yakobus,Yohanes,Filipus,Bartolomeus,15Matius,Tomas,Yakobus anak'e Alfeus,Simon sing dianggep 'fanatik,'x16Yudas anak'e Yakobus,ambek Yudas Iskariot sing nyerahen Yesus nang musuh-musuhe

sak'durunge dipateni.

Yesus marasen karo mulang wong akeh6:17-26

17Maringono Yesus karo murit-murite mudun teka pusung ikunang enggon ledok'an. Ning kono ana akeh wong ambek murit-murit liyane sing pada teka. Ana pisan wong Ibrani teka Yudeakaro kota Yerusalem sing mlakune limang dina. Ana maneh wong-wong dhuduk bangsa Ibrani teka kota Tirus karo Sidon ning pinggiresegara sing mlakune telung dina. 18Sak'kabehe wong-wong ikukate ngrungok'en wulangane Yesus, karo diwarasen teka lara-

w6.13 Utusan: Ning Alkitab bahasa Indonesia istilah sing digawe: 'rasul.'Delengen ning kamus.x6.15 Fanatik: Ning Alkitab bahasa Indonesia istilah sing digawe: 'zelot.' Kataiki bisa tegese 'sing duwe semangat' utawa 'sing kepengen nglawan pemrentah.'

Page 28: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

28larane. Wong-wong sing keganggu roh-roh jahat diwarasen pisan.19Wong-wong kabeh iku pada usaha nyandak klambine Yesus,mergane ana kuasa sing metu teka Yesus sing bisa marasen wong-wong iku kabeh.20Terus Yesus guneman nang wong-wong sing kulina melu Yesus,"Bungah temen sira sing mlarat, merga sira wes dadi wargane

Kerajaane Pengeran.21Bungah temen sira sing luwe, merga sira kabeh bakale warek.Bungah temen sira sing nangis, merga sira kabeh bakale pada

ngguyu.22Nek sira melu Rajane Menungsa, sira bakal disengiti, orak

direken, dilok'en, karo difitnah, tapi sira bakal diberkahi pisan.23Sira gek bisa bungah karo seneng merga sira kabeh oleh ganjaransing gede ning swarga. Ajo getun masia sira ngalami ngono. Sirapada karo nabi-nabi biyen. Merga kabeh nabi biyen ya digawe ngonopisan nang mbah-buyute sira."

24 "Tapikne, blai'a sira sing sugeh, merga sira bakale orak olehseneng maneh.

25Blai'a sira sing warek, merga sira bakal kluwen.Blai'a sira sing ngguyu-ngguyu wong sing sara, merga sira bakal

nangis kesusahan.26Blai'a sira sing dijunjung wong.Nek akeh wong nyanjung jenenge sira, iku tegese sira pada

karo nabi biyen sing gorohan. Merga biyen nabi sing gorohan yadijunjung pisan nang wong akeh."

Welas asihana musuhe sira6:27-36

27 "Tapi rungokna wulangane reang iki. 'Welas asihana musuhe,apik'ana wong sing nyengiti sira, 28njalukna berkah nang Pengerankanggo wong sing nyedani sira, karo dungak'na wong sing nglakonielek nang sira. 29Nek ana wong sing ngampleng pipine sira singtengen, genehna pisan sing kiwa. Nek ana wong sing njupuk jubahesira, genehna pisan klambine sira. 30Nek ana wong sing njaluk,gewehana. Nek ana wong sing njupuk peparane sira, ajo njalukbalen. 31Lakokna apik nang wong liya cekne wong liya nglakoni apiknang sira. 32Nek sira mek nrisnani wong sing nrisnani sira, sira orakbakal digenei ganjaran apik teka Pengeran. Iku pada karo wongdosa sing nrisnani polae ditrisnani dikek. 33Nek sira mek ngapik'iwong sing ngapik'i sira, sira orak bakal digenei ganjaran apik tekaPengeran. Iku pada karo wong dosa sing nglakoni apik mergadiapik'i dikek. 34Ambek maneh, nek sira nyilihi wong sing bisa

Page 29: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

29mbalek'en, sira orak bakal digenei ganjaran apik teka Pengeran.Wong dosa ya bisa nyilihi merga kepengen balen sing pada.'"35 "Tapikne welas asihana musuhe sira, apik'ana, silihana, ajo

ngarepen balen. Nek ngono sira bakale oleh ganjaran apik singgede. Nek watek'e sira kaya ngono, iku mbuktek'en nek sira pancenanak'e sing Maha Duwur. Merga Pengeran iku ngapik'i wong singorak nedan nerima karo wong sing dosa. 36Sira kudu duwe welasasih, merga Bapakne sira ning swarga duwe welas asih pisan."

Ajo ngakimi wong6:37-45

37 "Ajo ngakimi wong liya, cekne orak diakimi Pengeran. Ambekmaneh ajo ngukum wong liya, cekne orak diukum Pengeran.Sepuranen wong liya, cekne disepura Pengeran. 38Genehana, ceknedigenei. Gawe'a taker sing gede, sing bek. Merga takeran sing siragawe kate ditakeren nang sira."39Terus Yesus guneman gawe paribasan maneh ngene, "Bisa tah,

wong picek nuntun wong picek liya? Mestine wong loro iku bakalekecemplung jurang. Ya ngono pisan murit orak bisa mulang muritliyane. 40Apamaneh, murit orak luweh ilmune teka gurune. Tapiknemurit sing wes nutuken ilmune bakale bisa nuntun wong entahgurune."41 "Njare sira bisa metani tuma siji ning ndase kancane, tapi ndase

sira dewe sing bek tuma orak sira petani? 42Njare sira bisa gunemannang kancane ngene, 'Kanca, tak petani ya tumane sira sing siji iku,'tapikne ndase sira dewe sing bek tuma orak dipetani? He wong singapi-api apik, petanana dikek tuma sing ngebek'i ndase sira dewe.Teruse sira bisa metani tuma ning ndase kancane."y43 "Wit sing apik orak kira ngetok'en woh sing elek. Ya ngono pisan

wit sing elek orak kira ngetok'en woh sing apik. 44Wong bisa werohwit paran wae teka wohe. Dadi, wong orak bisa metik woh'e ara teka

y6.41-42 Tulisan asline teka Kitab Suci ngene: "Ngapa kok sira ndeleng bledukning mripate kancane sira, tapi orak weroh nek ana balok ning mripate sira dewe.Njare sira bisa guneman nang kancane, 'Kanca, jaren wae tak jupuk'en bledukning mripate sira,' tapikne sira orak weroh nek ana balok ning mripate sira dewe.He wong sing api-api apik, tok'na dikek balok ning mripate sira, maringono sirabisa ngetok'en bleduk teka mripate kancane."

Page 30: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

30

Metik wohe ara (6.44)

wite bedhor, utawa metik woh'e anggur teka wite dadap. 45Wongsing atine apik bakale gunemane apik. Tapikne wong sing atine elekbakale gunemane elek. Merga paran wae sing digunemen wong,asale teka atine dewe."

Pendasi sing kuat karo sing orak kuat6:46-49

46Terus Yesus guneman maneh, "Ngapa sira kok nyeluk reang,'Gusti, Gusti,' tapi sira orak nglakoni paran sing tak kongkonen?47Saben wong sing teka nang reang, terus ngrungok'en wuruk'anereang pada karo wong sing gawe omah. Nek wong iku ngrungok'enambek nglakoni, iku memper 48wong sing pendasi omahe jero

Page 31: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

31temenan, terus teka watu. Pas ana banjir gede sing nerak,omah iku orak rubuh merga pendasine kuat. 49Tapikne wong singngrungok'en wuruk'ane reang terus orak nglakoni, wong iku padakaro wong sing nggawe omah ning duwure lemah tok, tapi nanakpendasine. Pas diterak banjir gede, omah iku rubuh, terus rusakkabeh."

Perwira Roma sing percaya nang Yesus7:1-10

71Sak'marine mulang wong akeh iku, Yesus budal nang kotaKapernaum. 2Ning kota iku ana perwira teka Roma sing

ngepalani satus prajurit Roma. Perwira iku duwe abdi sing palingdisenengi. Abdi iku lara nemen sampek meh mati. 3Maringonoperwira iku krungu nek'e Yesus teka ning kotane. Pas ikutetuwek'ane wong Ibrani dikongkon perwira iku njaluk tulung nangYesus, cekne gelem teka nang omahe terus marasen abdi iku. 4Sitawes nemoni Yesus, wong-wong iku pada njaluk tulung temenan,"Perwira iku pantes rika tulungi, 5merga wong iku seneng nang

Page 32: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

32

Perwira Roma

bangsa Ibrani, karo pisan wes nggawek'en balai agama kanggowong kene."6–8Maringono Yesus budal bebarengan wong akeh nang omahe

perwira iku mau. Pas gek radhak adoh teka omahe, Yesus dicampuhire-rewange perwira iku sing nggenei pesen ngene: "Guru, tampatrimane, reang orak gelem ngrepoti rika, polae reang, wong cilik iki,orak pantes nerima rika ning omahe reang. Merga iku reang orak

Page 33: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

33wani nemoni rika dewe. Tapi reang ngerti nek kabeh wong kudumanut nang duwurane. Reang manut nang rajane reang. Terus,prajurit-prajurit ning isore reang manut nang reang pisan. Nek takkongkon 'Rana!' mesti rana, nek tak kongkon 'Rene!' ya mesti rene.Nek tak kongkon 'Lakokna iki!' ya mesti dilakoni. Merga rika duwekuasa sing paling duwur, reang percaya nek rika ngongkon wae,abdine reang bakale waras."9Sak'marine ngrungok'en gunemane wong iku, Yesus gawok.

Terus Yesus noleh nang kabeh wong sing melu ambek guneman,"Sak'temene, perwira sing dhuduk bangsa Ibrani iki luweh yakinnang reang timbangane wong teka bangsane reang dewe singtau tak campuhi." 10Sita re-rewange perwira iku teka nang omah,abdine perwira iku wes waras.

Yesus nguripen lare enom7:11-17

11Orak suwe marine iku, Yesus budal nang kota Nain. Murit-murite karo wong akeh pada melu Yesus. 12Pas Yesus wes parekteka lawang gapurane kota iku, ana wong-wong sing gek nggotongmayet metu teka kota iku. Sing mati iku, lare jaka ontang-anting.Makne lare iku dadi randa merga bojone wes mati. Akeh wongnyelawat karo ngetuten randa iku mau. 13Pas nguasen randa iku,Gusti Yesus mesak'en temenan, terus guneman, "Mak, lare iku ajoditangisi."

Page 34: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

34

Yesus nyandak pendusa iku (7:14)

14Maringono Yesus marani karo nyandak pendusa iku. Wong-wong sing nggotong iku pada mandeg. Terus Yesus guneman nangmayet iku, "Cak, rungokna! Tangi'a sak'iki." 15Langsung lare enomsing wes mati iku, tangi, lungguh karo kawit guneman. TerusYesus masrahen lare iku nang makne. 16Marine ngono kabeh wongpada wedhi karo muji Pengeran. Wong-wong iku guneman ngene,"Pengeran wes ngutus nabi gede ning antarane wong kene kabeh!Pengeran wes nekani umate. 17Kabar soal Yesus iku nyebar nangsak'kabehe wilayah Yudea karo ning wilayah sekitare.

Tetakonane Nabi Yohanes nang Yesus7:18-23

18Yohanes ya ngrungok'en pisan kabeh kabar soal Yesus tekamurit-murite. 19Maringono, Yohanes ngongkon murite, loro kabehe,takon nang Gusti Yesus ngene, "Apa rika iku Raja Pilihane Pengeransing dijanjek'en biyen, utawa apa wong Ibrani kudu ngenteni wongliya?"20Wong loro iku mau teka nang Yesus terus guneman, "Yohanes,

sing mbaptis wong, ngongkon takon nang rika, 'Apa rika iku RajaPilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen, utawa apa kene kabehkudu ngenteni wong liya?'" 21Pas iku Yesus gek marasen akeh wong

Page 35: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

35teka akeh maceme lara, ya nundung roh-roh jahat karo manehnggawe akeh wong sing picek bisa nguasen.22Maringono Yesus nyauri, "Balik'a nang Yohanes. Ceritakna paran

sing wes sira deleng karo sira rungok'en. Wong picek bisa ndeleng,wong lumpuh bisa mlaku, wong sing lara kusta bisa waras, wongbudek bisa krungu, wong mati bisa urip maneh, terus wong mlaratdigenei kabar apik teka Pengeran. 23Dadi, bungah temen wong singorak bimbang nang reang."

Yesus cerita nang wong akeh soal Nabi Yohanes7:24-35

24Sak'marine kongkonane Yohanes iku mbalik, Yesus molaiguneman nang wong akeh soal Yohanes ngene, "Paran tujuanesira budal nang ara-ara amba? Apa kepengen ndeleng suket singketerak angin? 25Kanggo paran sira budal mrana? Apa kate ndelengwong sing nggawe klambi apik? Ya mesti orak kira. Merga wongsing keklamben apik karo wong sugeh ana ning istanane raja!26Dadi tujuane sira rana iku kate ngapa? Apa sira kepengen ndelengnabi? Bener, tapikne Yohanes iku luweh gede teka nabi-nabi liyane.27Merga Pengeran tau guneman soal Yohanes ning Kitab Sucingene:

'Gatek'na! Reang bakal ngongkon nabine reangndikik'i tekane Raja pilihane Reang.

Nabine Reang iku bakale nyiapen atine wongkanggo tekane Raja pilihane Reang.'"

28 "Rungokna! Teka kabeh wong, nanak nabi sing derajateluweh duwur ketimbang Yohanes. Tapikne, wong sing paling cilikning Kerajaane Pengeran, gek luweh duwur derajate ketimbangYohanes."29Sita krungu gunemane Yesus iku mau, wong-wong tukang narik

pajek ambek wong-wong liyane sing ana ning kono pada ngakoninek dalane Pengeran iku bener, merga kabeh wong iku tau tobat,terus dibaptis Yohanes. 30Tapikne wong-wong Farisi karo guru-guruKitab Suci wes metu teka dalane Pengeran merga orak gelem tobatterus nolak dibaptis nang Yohanes.31Maringono Yesus guneman maneh, "Njare carane

ngumpamak'en wong-wong jaman sak'iki sing atine orak bisadisenengen? 32Wong-wong iki tak umpamak'en karo lare-lare cilikning pasar sing sesautan nang kancane ngene,'Reang karo kanca-kanca pada ngidung sing sedih, tapikne

ngapa sira kabeh kok orak nangis?'

Page 36: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

36'Reang karo kanca-kanca pada nyuling nang sira kabeh, tapikne

ngapa sira kok orak njoget?'"33 "Nabi Yohanes iku teka mangan walang karo ngombe madu

sing orak tiru wong biasa. Merga iku sira orak seneng terusguneman, 'Yohanes iki dhuduk nabi tapi wong sing klebon rohjahat.' 34Maringono, reang, Rajane Menungsa, gelek mangan karongombe tiru wong biasa. Tapi sira orak seneng ambek guneman,'Wong sing brokoh mangane karo doyan ngombe iki dhuduk nabi,tapi kancane tukang narik pajek karo wong sing dosa.' 35Nyatane,wong-wong sing nurut kekarepane Pengeran wes mbuktek'en nekhikmate Pengeran iku bener."

Yesus nyepura wong wedhok sing dosa7:36-50

36Ana wong teka golongane Farisi sing jenenge Simon. Simon ikungejak Yesus mangan nang omahe. Maringono Yesus budal nangomahe wong iku terus lungguh ning klasa ambek mangan.37Ning kota iku ana salah sijine wong wedhok sing tau dadi wong

nambeng. Pas krungu nek Yesus gek mangan ning omahe Simon,wong wedhok iku budal marani ambek nggawa sak'botol cilik lengawangi. 38Merga Yesus mangan ambek leleyeh ning klasa, wongwedhok iku mau ngadek ning parek'e sikile Yesus. Wong wedhokiku nangis, terus nelesi sikile Yesus karo eluhe. Maringono sikile

Page 37: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

37

Wong wedhok ngelap sikile Yesus gawe rambute

Yesus diambung, dilap nggawe rambute, terus diolesi karo lengawangi.39Pas nguasen kedadean iku, Simon mikir ning njero atine ngene,

"Nek Yesus pancen nabi, mestine weroh nek'e wong wedhok iku,wong sing dosa."40Dadi Yesus guneman nang Simon ngene, "Simon ana sing

kepengen tak wuruk'i nang sira."Simon njawab, "Ya Guru, monggo sampekna."

Page 38: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

3841Yesus guneman, "Ana wong loro sing duwe utang nang wong

sing penggaweane ngutangi peces. Sing siji duwe utang gedeneongkose penggawean 500 dina. Sing sijine duwe utang gedeneongkose penggaweane 50 dina. 42Suwe-suwe, nyatane wong loroiku pada orak bisa mbayar utange. Ahire sing ngutangi mbebasenwong loro iku teka utange dewe-dewe. Nurut sira, sapa ningantarane wong loro iku sing luweh nedan nerima nang sing ngutangimau?"43Simon njawab, "Nurut reang, sing paling akeh utange, sing

luweh nedan nerima."Terus Yesus guneman, "Jawabane sira iku bener."44Maringono Yesus noleh nang wong wedhok iku ambek guneman

nang Simon, "Sira wes ndeleng paran sing dilakoni wong wedhokiki. Pas reang mlebu nang omah iki, sira orak nggenei banyu singdigawe wisuh sikile reang. Tapikne sikile reang diwisui karo eluhewong wedhok iki terus dilap ambek rambute. 45Molai reang teka,sira orak nerima reang nggawe ambung.z Tapi wong wedhok iki orakleren ngambung sikile reang. 46Apamaneh, sira orak ngolesi ndasereang nggawe lenga. Tapikne wong wedhok iki ngolesi sikile reangnggawe lenga wangi. 47Rungokna! Dosane wong wedhok iki singakeh wes disepura. Mangkane wong wedhok iki ndudohen nedannerimane sing gede. Tapi nek reang nyepura wong sing dosanemek titik, nedan nerimane wong iku bakal titik pisan." 48TerusYesus guneman nang wong wedhok iku, "Dosa-dosane sira wes taksepura."49Kabeh wong sing mangan bareng Yesus mikir ning njero atine

ngene, "Sapa sih wong iki sing wani nyepura dosane wong?"50Tapi Yesus guneman nang wong wedhok iku, "Sira wes

dislameten merga percaya nang reang. Sak'iki moleh'a wes, singdamang pikire."

Wong wedhok-wedhok sing ngrewangi penggaweane Yesus8:1-3

81Orak kosi suwe marine iku, Yesus budal nang kota-kotakaro nang desa-desa, kanggo ngabaren kabar apik, yaiku,

Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en biyen kate dinyatak'en. Rolasmurit sing didadek'en utusan-utusane melu bareng Yesus pisan.2Sak'barengane iku, ana wong wedhok-wedhok sing wes taudiwarasen Yesus. Ana sing maune klebon roh jahat, ana pisan singtau duwe lara liya-liyane. Ning antarane wong-wong wedhok iku,z7.45 Ngambung: Carane nyampa wong sing diajeni pas jamane Yesus,biasae ngambung pipi utawa bathuk.

Page 39: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

39ana sing jenenge Maria tapi celuk'ane Magdalena. Maria iku tauklebon pitung roh jahat. 3Ana pisan wong wedhok sing jenengeYohana, bojone Pak Kusa sing dadi bendaharane Raja HerodesAntipas. Ana maneh Susana karo wong-wong wedhok liyane. Wong-wong wedhok iku pada nglumpuk'en keduwenane kanggo nyukupikebutuhane Yesus karo murit-murite.

Paribasane wiji sing disawor8:4-15

4Akeh wong teka kota endi-endi melu nglumpuk rombonganeYesus. Terus Yesus mulang nggawe paribasan ngene, 5 "Ana wong

Page 40: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

40

Wong tani sing nyaworen wiji

tani sing nyaworen wiji. Pas disawur, ana wiji sing rutuh ningpinggire dalan. Wiji iku diidek-idek wong, terus dicucuk'i manuk-manuk. 6Ana pisan sing rutuh ning we-watunan. Maringonosak'wise cukul, dadi garing merga oyote orak bisa jero. Apamaneh,orak oleh banyu. 7Ya ana pisan sing rutuh campur eri. Tapi pas cukulbareng, kecepit eri sampek kate mati. 8Terus ana sing rutuh ninglemah sing landuh. Wiji iku cukul, terus sita dipanen, woh'e satuslipet akehe."

Page 41: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

41Terus Yesus guneman, "Nek ngerti paribasan iki, iling-ilingen!"a9Murit-murite pada takon nang Yesus, "Paran tegese paribasan

iku?"10Yesus nyauri, "Nang sira kabeh tak genei pangerten soal

rahasiane Kerajaane Pengeran. Tapikne nang wong-wong liyane,reang mek nggawe paribasan cekne tulisan ning kitab Nabi Yesayadinyatak'en, yaiku:

'Masia ndeleng tapi orak weroh,ngrungok'en tapikne orak ngerti.'"

11 "Ngene tegese paribasan iku: wiji iku tegese pesene Pengeran.12Wiji sing rutuh ning pinggir dalan iku tegese wong singngrungok'en pesene Pengeran, terus Iblis nyolong teka njero atine,cekne wong iku orak bisa percaya ya orak bisa dislameten."13 "Sing rutuh ning we-watunan iku tegese wong sing ngrungok'en

kabar apik teka Pengeran karo ditampa ambek seneng. Tapi kabarapik iku orak moyot. Percaya diluk, tapi pas pengguda teka,percayane ilang."14 "Terus sing rutuh campur eri tegese wong sing ngrungok'en

kabar apik teka Pengeran. Tapikne merga kedunyan, ahire, imanementah kaya woh sing mangkuk."15 "Sing rutuh ning lemah sing landuh iku tegese wong sing

ngrungok'en kabar apik teka Pengeran, karo nyimpen ning atinesing apik karo jujur. Wong iku sregep sampek nguwoh akeh."

Paribasane teplok8:16-18

16 "Nanak sesijia wong sing nyumet teplok maringono ditutupnggawe gentong utawa dideleh ning longan. Tapikne dicantolen

a8.8 Tulisan asline teka Kitab Suci ngene: "Sapa sing duwe kuping kanggongrungok'en, rungok'na!"

Page 42: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

42

teplok jaman biyen

nang nduwuran cekne sapa wae sing mlebu omah katok padhange.17Nanak sesijia sing disingeten sing orak bakal kewerohan. Nanaksesijia rahasia sing orak bakal konangan ambek dirungok'en.18Merga iku, gatekna nang wuruk'ane reang. Sapa wae singduwe pengerten soal kekarepane Pengeran, pengertene bakalditambahi. Tapi sing orak duwe pengerten soal kekarepanePengeran, pengertene sing ana bakale dijupuk."

Sapa sing dianggep dulur nang Yesus8:19-21

19Maringono, makne Yesus karo dulur-dulure pada teka kepengennyampui Yesus, tapikne orak bisa merga akeh wong ana ning kono.20Dadi ana wong sing nggenei weroh nang Yesus, "Makne karodulur-dulure rika ana ning njaba, kepengen nyampui rika."21Yesus guneman, "Sing dadi makne reang karo dulur-dulure

reang, yaiku wong-wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, terusdilakoni."

Page 43: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

43

Ombak karo angin manut nang Yesus8:22-25

22Ning salah sijine dina, Yesus karo murit-murite pada munggahnang prau. Terus Yesus guneman, "Ayo nyabrang ranu sing gedeiki."b Maringono Yesus ambek murit-murite pada budal. 23Sak'wisebudal, Yesus keturon. Mara-mara ana angin gede sing teka. Sakinggedene angin banyu melutak, mlebu nang njero prau, sampek mehblai.24Maringono murit-murite nggugah Yesus ambek guneman,

"Blaen guru! Kene kabeh kate mati!"Yesus tangi, terus guneman banter, "Mandeka angin, menenga

banyu!" Memara banyu karo angin dadi anteng. 25Terus Yesusguneman nang murit-murite, "Ngapa kok sira orak percaya nangreang?"Murit-murit iku dadi wedhi karo gawok, terus pada guneman nang

kancane, "Sapa sak'temene wong iki? Angin karo banyu kok nurutnang kongkonane."

Ewonan roh jahat manut nang Yesus8:26-39

26Maringono Yesus karo murit-murite njebul ning daratan. Enggoniku ana ning sabrange Ranu Galilea, yaiku enggone wong Gerasa.c27Pas mudun teka prau, Yesus ditekani wong lanang teka kota.Wong iku dileboni akeh roh jahat, terus wes suwe orak keklamben.Apamaneh orak manggon ning omah, tapi manggon ning kuburan.28–29Wong iku bulak-balek dikuasani roh-roh jahat. Masia sikil karotangane dikecek ambek rante terus dijaga, tapi wong iku bisa ucul

b8.22 Ranu Galilea iku ambane kurang-luweh 11 kilo. Terus dawane kurang-luweh 20 kilo.c8.26Wong Gerasa iku dhuduk teka suku Ibrani.

Page 44: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

44

Masia dirante, wong iku bisa ucul

wae. Apamaneh, wong iku digawa roh-roh jahat nang enggon singsepi.Terus Yesus ngongkon roh-roh jahat iku metu. Tapi wong mau

sujud ambek melung-melung, "Yesus, anak'e Pengeran sing MahaKuasa, paran urusane rika karo reang! Tulung, ajo nyiksa reang!"30Sekala iku Yesus takon, "Sapa jenenge sira?"Wong iku njawab, "Jenenge reang 'Ewonan'!" (Jenenge wong iku

'Ewonan' merga dileboni ewonan roh jahat). 31Terus roh-roh jahatiku njaluk temenan nang Yesus cekne orak dikongkon mlebu nangneraka.32Orak adoh teka kono, ana grombolane babi sing nggolek

mangan ning teping siringe pusung. Roh-roh jahat iku njaluk nangYesus maneh cekne diolehi mlebu nang babi-babi ika. Yesus ngolehi.33Maringono roh-roh jahat iku metu teka wong mau terus mlebunang babi-babi iku. Mari dileboni roh-roh jahat, babi-babi iku pada

Page 45: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

45

Babi-babi mati klelep

mlayu nang curah ning pinggire ranu, nyemplung ning ranu, terusmati klelep.34Sak'marine ndeleng iku, wong-wong sing njaga babi-babi mau

mlayu nang kota karo desa-desa parek'e kono terus nyeritak'enkedadean iku. 35Maringono akeh wong pada teka polae kepengenndeleng paran sing kedadean. Pas marek'i Yesus, wong-wong ikundeleng nek wong sing klebon roh jahat mau wes waras karowes keklamben. Apamaneh wong iku lungguh ning pinggire Yesusambek ngrungok'en wuruk'ane. Ndeleng iku, wong-wong sing tekadadi wedhi.36Wong-wong, sing maune ndeleng dewe njare wong iku

diwarasen, ndongengen kedadean mau nang wong sing gek entasteka. 37Merga saking wedhine, kabeh warga wilayah Gerasa njalukYesus budal, ninggalen enggone. Dadi Yesus budal munggah praumaneh.38Na, wong sing wes waras iku mau njaluk kepengen melu

Yesus. Tapikne Yesus menggak, terus ngongkon wong iku molehngene, 39 "Moleh'a nang omahe sira. Dongengna paran sing wesdilakoni Pengeran nang sira." Maringono wong iku moleh ambekndongengen nang sak'kabehe kota paran sing dilakoni Yesus nangawak'e.

Page 46: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

46

Wong wedhok iku ngutik jubahe Yesus

Yesus marasen wong wedhok karo nguripen lare enom8:40-56

40Pas njebul ning sabrange ranu, Yesus ditampa akeh wong singwes ngenteni tekane. 41–42Ning kono ana wong jenenge Pak Yairussing dadi pemimpine balai agama Ibrani. Anak wedhok'e Yairussing ontang-anting lara nemen sampek meh mati. Lare iku umurekurang luweh 12 taun. Merga iku, Yairus marani Yesus ambek sujudning ngarepe. Yairus njaluk tulung temenan cekne Yesus teka nangomahe. Yesus gelem budal, tapikne ning tengahe dalan, wong akehpada nekani Yesus sampek desel-deselan.43Ning antarane wong akeh iku ana wong wedhok sing wes

12 taun ngetok'en getih terus-terusan. Wong iku wes ngentek'endunyane kanggo nambak'en awak'e, tapikne nanak sing bisamarasen. 44Wong iku marek'i Yesus teka mburi terus ngutik jubaheYesus. Sekala iku wong wedhok mau dadi waras.45Maringono Yesus guneman, "Sapa sing mau ngutik jubahe

reang?"

Page 47: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

47Merga nanak sing ngaku, Petrus guneman, "Ya mesti wae Guru.

Polae ning kene akeh wong pada desel-deselan."46Tapikne Yesus guneman, "Reang weroh ana wong sing ngutik

reang, merga ana kuasane reang sing metu."47Merga krasa konangan, wong wedhok iku mlaku nang ngarepan

ambek gembeblek terus sujud nang ngarepe Yesus. Wong wedhokiku ndongengen nang wong akeh nek langsung waras pas ngutikjubahe Yesus.48Maringono Yesus guneman nang wong wedhok iku, "Ndok, sira

waras merga percaya nang reang. Sak'iki moleh'a wes, sing damangpikire."49Pas Yesus guneman, Yairus gek ana ning kono. Terus Yairus

ditekani salah sijine dulure. Dulure iku guneman nang Yairus, "Ajorepot-repot ngejak guru nang omahe rika merga anak'e rika wesmati."50Pas krungu iku, Yesus guneman nang Yairus, "Ajo kuatir,

percaya'a wae nang reang, merga anak'e sira bakale slamet."51Teka nang omahe Yairus, Yesus orak ngolehi wong liya mlebu.

Sing oleh mlebu mek telung murite, yaiku Petrus, Yohanes, ambekYakobus. Yairus karo bojone diolehi mlebu pisan. 52Kabeh wongpada nangisi lare iku. Tapikne Yesus guneman, "Ajo nangisi lareiku, merga lare iku orak mati tapikne mek turu wae."53Wong-wong pada ngguyu nang gunemane Yesus merga weroh

nek'e lare iku wes mati. 54Maringono Yesus nyandak tangane lareiku ambek guneman, "Ndok, tangia!" 55Terus sukmane lare ikumbalik maneh nang awak'e. Sekala iku lare wedhok mau tangi.Maringono, Yesus ngongkon wong tuwek'e nggenei mangan nanglare iku. 56Ndeleng kedadean iku, Yairus karo bojone dadi gawoktemenan. Tapikne Yesus menggak cekne ajo nyeritak'en kedadeaniku nang sapa wae.

Yesus ngutus 12 utusane9:1-6

91Maringono Yesus nglumpuk'en utusan-utusane sing kabehe12, terus nggenei kuasa nang utusan-utusan iku cekne bisa

nundung roh-roh jahat karo marasen lara-larane wong. 2Yesusngongkon utusan-utusan iku budal kanggo marasen larane wong,ambek ngabaren nek Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en biyenkate dinyatak'en.3Yesus guneman nang utusan-utusane, "Ajo nggawa peparan ning

dalan. Ajo nggawa teken, bangkelan, bontotan, utawa peces. Yapisan ajo nggawa salinan. 4Nek'e sira ditampa salah sijine wong,

Page 48: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

48mlebua nang omahe. Terus nginepa ning kono sampek sira budalmaneh nang enggon liyane. 5Nek'e sira orak ditampa ning salahsijine kota, budala teka kono. Kebasen bleduk ning sikile sira. Ikunggambaren nek salahe wong-wong iku dhuduk tanggungane sira."6Maringono utusan-utusan iku budal nang desa-desa, terus

ngabaren kabar apik soal Yesus ambek marasen larane wong ningendi-endi.

Raja Herodes Antipas kepengen nyampui Yesus9:7-9

7Kabar nek'e akeh wong diwarasen nyebar sampek dirungok'enRaja Herodes Antipas sing dadi penguasane wilayah Galilea.(Herodes kepengen weroh sapa sing nglakoni kabeh iku.) TapiHerodes dadi bingung merga ana sing guneman, "Nabi Yohaneswes urip maneh." 8Ana pisan sing guneman, "Nabi Eliad wes tekamaneh." Sing liyane guneman, "Salah sijine nabi biyen urip maneh."9Herodes guneman, "Orak kira sing nggawe mujijat iku Yohanes,merga reang dewe sing ngongkon nugel ndase Yohanes. Tapiknesapa, sak'temene, wong iki?" Maringono Herodes nggolek caracekne bisa nyampui Yesus.

Yesus nggenei mangan nang luweh teka limang ewu wong9:10-17

10Sak'marine mbalik, utusan-utusan iku ndongengen nang Yesusparan sing wes dilakoni. Maringono Yesus ngejak 12 utusanenang kota Betsaida cekne bisa leren ning enggon sing adoh tekawong. 11Tapikne wong akeh pada weroh, terus ngetuten Yesus.Masia Yesus ambek utusan-utusane kepengen leren, wong akehiku ditampani wae. Terus Yesus molai marasen lara-larane wong,ambek mulang soal Kerajaane Pengeran.12Bareng wes kawit peteng, 12 utusane teka nang Yesus ambek

guneman, "Guru, kongkonen wong-wong iku budal nang kampung-kampung karo desa-desa ning sekitare kene, cekne nggolek pangankaro enggon nginep, merga enggon iki adoh teka endi-endi."13Tapikne Yesus njawab, "Sira sing kudu nggenei mangan nang

wong akeh iku."

d9.8 Nabi Elia iku urip atusan taun sak'durunge Yesus. Elia orak mati tapidientas Pengeran langsung nang swarga. Ana ramalan ning Kitab Suci nek'eNabi Elia iku bakal teka maneh nang ndunya, sak'durunge raja sing dijanjek'enPengeran teka. (Kitabe Maleakhi 4:5-6)

Page 49: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

49

Kabeh wong iku dadi warek

Utusan-utusane guneman, "Sing ana ning kene mek rong leriwak karo limang iji roti. Apa reang karo kanca-kanca kudu budalnukok'en pangan kanggo sak'kehe wong iki?"14Na ning enggon iku ana kurang-luweh limang ewu wong lanang,

orak keitung wong-wong wedhok karo lare-lare cilik.Yesus guneman nang murit-murite, "Kongkonen wong akeh iku

lungguh sak'kelompok'e seket-seket wong." 15Mari iku murit-murite nglakoni paran sing wes dikongkonen nang Yesus. 16TerusYesus njupuk rong ler iwak karo limang iji roti iku mau, ndangaknang duwuran ambek nedan nerima nang Pengeran. Sak'wise ikuiwak karo roti mau ditugel-tugel, terus digewehen nang murit-murite cekne dibage-bagek'en nang wong akeh iku. 17Sak'wisewong akeh iku mangan sampek warek, kekarene iwak karo roti ikudiklumpuk'en kabehe ana 12 wakul.

Petrus ngakoni Yesus iku Raja pilihane Pengeran9:18-21

18Ning salah sijine dina, pas Yesus gek ndedunga dewe, murit-murite teka nang Yesus. Maringono, Yesus takon nang murite, "Neknurut wong akeh, reang iki sapa?"19Murit-murite njawab, "Ana sing ngarani rika iku Yohanes sing

tau mbaptis wong. Ana sing ngarani rika iku Nabi Elia. Ana pisansing ngarani rika iku salah sijine nabi biyen sing urip maneh."

Page 50: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

5020Yesus takon maneh nang murite ngene, "Nek nurut sira, sapa

reang iki?"Petrus nyauri, "Rika iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran."21Tapi Yesus menggak cekne murit-murite orak nyeritak'en iku

nang sapa wae.22Maringono Yesus guneman, "Reang, Rajane Menungsa, kudu

dilarani karo orak ditampa nang tetuwek'e wong Ibrani, ketua-ketuane pengarepe sembayang, karo guru-guru Kitab Suci. Reangbakal dipateni, tapi diuripen maneh pas telung dinane."

Sarate wong sing melu Yesus9:23-27

23Yesus guneman nang wong akeh sing ana ning kono, "Sapawae sing kepengen melu reang kudu mburek'en butuhe dewe, karosaben dinane siap mati entah wong sing mikul salibe,e terus melureang. 24Merga sapa sing kate nggecek'i uripe ning ndunya, uripesing langgeng bakale ilang. Tapikne sapa sing kilangan uripe ningndunya merga melu reang, uripe bakale langgeng. 25Nanak gunanewong sugeh dunya-brana sak'isine tapi uripe orak slamet."26 "Reang, Rajane Menungsa, bakale teka maneh kanggo ngakimi

ndunya iki. Pas iku, reang kate ndudohen kuasane reang karokeagungane Sang Bapak ambek malaekat-malaekate. Ajo sampeksira sak'iki isin nang wong nek sira percaya nang reang karowulangane reang. Nek ngono, pas reang teka maneh, reang bakalorak nerima sira. 27Rungokna! Ning antarane sira ning kene, bakaleana sing orak mati sak'durunge ndeleng Kerajaane Pengeran."

Keagungane Yesus didudohen9:28-36

28Kira-kira wolung dina sak'wise Yesus mulang mau, Yesus ngejakmurite kabehe telu, yaiku Petrus, Yohanes, karo Yakobus munggahnang pucuk'e gunung kate ndedunga. 29Pas Yesus ndedunga, prainemaleh, karo klambine dadi putih kilap-kilap. 30Terus memara katokwong loro sing guneman ambek Yesus. Wong loro iku nabi biyen,yaiku Musaf karo Elia. 31Awak'e wong loro iku padhang temenan.

e9.23 Mikul salib: Pas jamane Yesus, nek ana wong sing mikul salib, ikutegese kate diukum pati. Wong iku dikongkon mikul kayu salib ning njabanekota, terus dipaku nang kayu sing dipikul mau. Maringono kayune dideken, terusdijaren gemantung sampek mati.f9.30 Nabi Musa urip ewonan taun sak'durunge Yesus. Masia wes mati,kuburane nanak sing weroh.

Page 51: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

51

Klambine Yesus dadi putih kilap-kilap

Yesus, Musa karo Elia pada mbahas matine Yesus sing bakalkedadean ning kota Yerusalem.

Page 52: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

5232Pas iku Petrus karo kanca-kancane keturon. Pas tangi, wong

telu iku nguasen Yesus ning njerone cahyane Pengeran. Katok pisanwong loro sing ngadek ning pinggire Yesus. 33Terus, sita wongloro iku kate ninggalen Yesus, Petrus guneman nang Yesus, "Gusti,reang seneng temenan nang enggon iki. Kepe wae tak gawek'enpondok-pondok'an telu ning kene. Siji gawe rika, siji gawe Musa,terus sijine maneh gawe Elia." Tapikne Petrus orak weroh paransing diomongen iku.34Pas guneman ngono, ana mendung putih sing teka. Terus

Petrus karo kanca-kancane diubengi mendung sampek pada wedhi.35Teruse krungu suarane Pengeran, "Yesus iki Anak'e Reang singTak'pilih dadi rajane dunya. Manuta nang gunemane."36Sak'marine suara iku mandeg, murit-murite ndeleng Yesus

dewek'an ning kono. Tapikne, murit-murite ngrahasiak'en ambekorak nyeritak'en nang sapa wae kedadean iku mau.

Yesus nundung roh jahat teka lare enom9:37-45

37Pas sisuk'e Yesus ambek murite telu mau mudun teka gunungiku. Maringono ana wong akeh sing pada teka, kate nemoniYesus. 38Teka rombongan iku, ana wong siji sing guneman nangYesus ngene, "Guru, reang njaluk tulung delengen anak'e reang,merga lare lanang iku anak'e reang sing ontang-anting. 39Nek paskeganggu roh jahat, lare iku memara melung-melung, terus kejet-kejet sampek teka cangkeme metu wuntuk'e. Roh jahat iku bulak-balek nglarani anak'e reang, terus meh-meh orak gelem ninggalenlare iku. 40Reang wes njaluk tulung tapikne murit-murite rika orakbisa nundung roh jahat iku."41Maringono Yesus guneman, "He wong-wong jahat sing orak

percaya, sampek kapan reang kudu sabar nang sira? Masia reangwes suwe urip ning antarane sira, ngapa kok sira orak percaya?"Terus Yesus guneman nang wong iku, "Gawaen mrene anak'e sira!"42Pas anak'e wong mau meh marek'i Yesus, lare iku digawe

mbontang-mbanting karo kejet-kejet nang roh jahat. Tapikne Yesusnyenggrangi roh jahat iku cekne metu teka lare iku. Sak'wisewaras, lare iku dibalek'en maneh nang bapakne. 43Kabeh wongpada gawok ndeleng kuasane Pengeran sing gede. Pas wong-wonggek gawok ndeleng kabeh kedadean iku, Yesus guneman nangmurit-murite ngene, 44 "Rungokna karo ilinga: Rajane Menungsabakale dipasrahen nang kuasane menungsa." 45Tapi murit-muriteorak ngerti gunemane Yesus iku, merga maksute disingeten. Masiangono murit-murite orak wani takon maksute nang Yesus.

Page 53: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

53

Sapa sing paling duwur derajate?9:46-48

46Maringono murit-murite pada bengkerengan soal sapa singderajate paling duwur. 47Tapikne Yesus weroh pikirane murit-murite, terus ngejak lare cilik ngadek ning pinggire. 48MaringonoYesus guneman nang murit-murite, "Sapa wae sing ngajeni lare cilikiki merga manut nang kongkonane reang, iku pada karo ngajenireang. Terus sapa wae sing ngajeni reang, iku pada karo ngajenising ngutus reang. Merga sapa wae sing derajate paling cilik nurutmenungsa, wong iku sing paling duwur derajate nurut Pengeran."

Wong sing dhuduk murite Yesus nundung roh jahat9:49-50

49Yohanes guneman nang Yesus, "Guru, ana wong sing nundungroh jahat gawe jenenge rika. Maringono reang karo murit liyanemenggak wong iku cekne ajo gawe jenenge rika, merga wong ikudhuduk golongane dewe."50Tapi Yesus guneman, "Ajo sira penggak, merga sapa wae sing

orak dadi musuhe sira, wong iku dadi rewange sira."

Yesus orak ditampa ning Samaria9:51-56

51Pas marek'i wayahe munggah nang swarga, Yesus niat temenanbudal nang kota Yerusalem. 52Merga kepengen nang Yerusalem,Yesus ngongkon pepirang murite budal ndikik'i. Wong-wong ikubudal terus mlebu nang salah sijine desa ning wilayah Samariacekne nyiapen sembarang kalir kanggo tekane Yesus. (Na, wongSamaria orak akor karo wong Ibrani.) 53Sita krungu nek Yesuskate budal nang ibu kotane wong Ibrani, yaiku kota Yerusalem,wong Samaria iku orak gelem nerima Yesus. 54Merga orak ditampa,murit-murite Yesus, yaiku Yakobus karo Yohanes guneman, "Gusti,oleh tah, reang ngongkon geni mudun teka langit cekne mateniwong-wong iki kabeh?" 55Tapikne Yesus noleh ambek menggakwong loro iku. 56Maringono Yesus karo murit-murite budal nangdesa liyane.

Sing melu Yesus kudu mancer9:57-62

57Pas Yesus ambek murit-murite gek nerusen lakune, ana wongsing guneman nang Yesus ngene, "Reang kepengen melu rika nangendi wae."

Page 54: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

5458Yesus njawab, "Luwak iku duwe glowok'an, manuk duwe susuh.

Tapikne reang, Rajane Menungsa, orak duwe panggonan gaweleren."59Terus Yesus guneman nang wong liyane, "Melua Reang!"Wong iku guneman, "Gusti, nek'e oleh, reang kate moleh dikek

cekne bisa ngubur bapakne reang."60Tapi Yesus njawab, "Kepe wae wong sing mati ragane dikubur

nang wong sing mati imane. Tapikne sira budala, terus kabarna nekKerajaane Pengeran kate dinyatak'en."61Ana maneh wong liya sing guneman, "Gusti, reang kate melu

rika, tapikne reang kate pamitan dikek nang dulure reang."62Yesus guneman nang wong iku, "Wong sing kepengen melu

reang entah wong sing mbajak lemah. Wong iku orak oleh nolehmburi tapi kudu mancer nang dalane Pengeran. Merga sapa waesing getun ninggalen paran sing ana, wong iku orak pantes ngabdinang reang ning Kerajaane Pengeran."

Yesus ngutus 70 murite10:1-11

101Maringono Gusti Yesus milih pitung puluh murit liyane,terus ngongkon budal loro-loro nang saben kota karo enggon

sing kate ditekani Yesus. 2Terus Yesus guneman nang murit-muriteiku, "Penggaweane sira iki memper wong sing manen. Panenanakeh temenan, tapikne wong sing manen mek titik. Mangkanenjaluk'a nang Sing Ngatur Panenan cekne nambahi luweh akehwong sing dijak panen. 3Sak'iki budala! Tapi gatekna, sira kabehduwe resiku ngentah wedus ning tengahe kirik-kirik ajak. 4Ajonggawa peces, bangkelan, ambek serepan sandal. Ajo mandegmayong, tapi langsung budala nang enggon sing kate sira tekani."5 "Nek sira kate mlebu nang omahe wong, gunemana dikek ngene,

'Mandar moga Pengeran nggewei basuki langgeng nang omah iki.'6Nek ana wong sing nerima pendungane sira, ayem tentrem bakalemelu wong iku. Tapi nek orak ditampa, ayem tentrem iku bakalembalik nang sira. 7Nginepa ning omah iku. Terus mangana karongombea paran wae sing dicepak'en nang sira. Pangan iku sing dadiasile sira. Merga sapa wae sing nyambut-gawe kudu oleh asile. Neksira wes nginep ning salah sijine omah, ajo ngalih-ngalih nang omahliyane."8 "Nek'e sira mlebu terus ditampa ning salah sijine kota, mangana

paran wae sing wes dicepak'en nang sira. 9Maringono warasnawong-wong sing lara ning kono karo sampekna nang wong-wongiku nek Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en biyen kate dinyatak'en.

Page 55: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

5510Tapi nek'e sira orak ditampa nang salah sijine kota, metu'anang dalan, terus gunema ngene, 11 'Reang ngebasen bleduk'ekota iki sing ana ning sikile reang, dadi tengere salahe kota ikidhuduk tanggungane reang. Tapi gatekna! Kerajaane Pengeran singdijanjek'en kate dinyatak'en.'"12Yesus nerusen gunemane, "Rungokna! Pas wayahe kiamat,

kota-kota sing orak nerima sira bakal diukum luweh nemen timbangukumane kota Sodom ewonan taun biyen, sing tau diobongPengeran merga jahat. 13Ya ngono pisan, blai'a wong Ibrani singana ning kota Khorasim ambek kota Betsaida iki, merga orak tobatpas ndeleng mujijate reang. Kok'na mujijate reang digawe ningkota-kota jahat, memper Tirus ambek Sidon ewonan taun biyen,mestine wong-wong sing dhuduk teka bangsa Ibrani iku langsungtobat temenan. 14Merga iku, pas wayahe kiamat, ukumane kotaTirus ambek Sidon, sing jahat biyen, gek luweh enteng ketimbangkota sing orak nerima sira. 15He, warga Ibrani ning kota Kapernaumsing orak percaya nang reang! Apa sira mikir sira bakale diunggahennang swarga? Orak! Sira bakale di'isoren nang neraka."16Yesus guneman maneh nang murit-murite, "Sapa wae sing

nerima sira, ya nerima reang. Sapa wae sing orak nerima sira, yaorak nerima reang. Apamaneh, sapa wae sing orak nerima reang,ya orak nerima Pengeran sing ngutus reang."

70 murit mbalik nang Yesus10:17-24

17Suwe-suwe pitung puluh murit iku mbalik maneh nang Yesus.Murit-murit iku pada bungah terus guneman ngene, "Gusti, roh-rohjahat pada nurut pas ditundung gawe jenenge rika."18Yesus guneman, "Reang wes ndeleng Iblis rutuh teka swarga

ngentah bledek. 19Rungokna! Reang wes nggenei kuasa nang sirakanggo ngidek ula ambek kalajengking, ya pisan kanggo ngalahenkuasane musuhe sira, yaiku Iblis. Nanak sing bisa nglarani sira.20Sira sak'iki seneng merga bisa ngalahen roh-roh jahat. Tapiknesira kudu luweh seneng maneh merga jenenge sira kecatet ningswarga."21Pas iku Yesus bungah temenan merga dikuaten nang Rohe

Pengeran. Terus Yesus ndedunga ngene, "Bapak sing nguasanijagat iki, reang nedan nerima nang Rika. Rika seneng ndudohenkuasa nang wong-wong cilik sing melu reang. Tapi nang wong-wongpinter agama sing kemeroh, kuasane Rika disingeten. 22Sak'kabehepengerten wes digewehen nang reang. Nanak sesijia wong singweroh nang reang, anak'e Rika, sak'liyane Rika, ya Bapak. Nanak

Page 56: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

56sesijia wong sing weroh nang Rika, ya Bapak, sak'liyane reang,ambek wong-wong sing tak pilih."23–24Maringono Yesus noleh nang murit-murite terus guneman,

"Bungah temen sira, merga wes ndeleng kabeh iki. Nabi-nabi karoraja-raja biyen kepengen ndeleng paran sing sira deleng sak'iki, tapiorak bisa. Terus kepengen ngrungok'en paran sing sira rungok'ensak'iki, tapi orak bisa."

Ceritane wong Samaria sing nglakoni apik nang musuhe10: 25-37

25Wayah liya ana guru agama Ibrani kate njajal Yesus. Wong ikutakon nang Yesus, "Guru, paran sing kudu tak lakoni cekne olehurip sing langgeng?"26Yesus njawab, "Sira wes weroh isine Kitab Sucine Nabi Musa.

Paran sing ditulis?"27Wong iku nyauri:

"'Sira kudu nrisnani Gusti Pengerane siragawe sak'kabehe atine sira,sak'kabehe sukmane sira,sak'kabehe kekuatane sira,

ambek sak'kabehe pikirane sira.'Terus, 'Sira kudu nyenengen tanggane sirag

kaya sira nyenengen awak'e sira dewe.'"28Yesus guneman nang wong iku, "Sira iku bener. Nek nglakoni

ngono, sira bakale oleh urip langgeng."29Tapikne gawe nutupi kesalahane dewe, wong iku takon maneh

nang Yesus, "Tanggane reang iku sapa?"30Yesus njawab, "La, ana wong Ibrani sing mudun teka kota

Yerusalem nang desa Yeriko. Wong iku didang nang begalan singorak mek mbegal tok, tapikne nggepuk'i terus dijaren sampek mehmati. 31Teruse, ketepak'an ana wong Ibrani sing dadi pengarepesembayang liwat dalan iku. Pas weroh, pengarepe sembayang ikuminggir ngadoh karo ngliwati wae. 32Terus, ana maneh wong Ibraniteka suku Lewih sing lewat. Pas weroh, wong Lewi iku minggirngadoh pisan karo ngliwati wae."

g10:27 Tanggane sira : Ning Alkitab bahasa Indonesia istilah sing digawe:"sesamamu manusia." Tapi tulisan asline: 'tangga.'h10:32 Suku Lewi: Wong Ibrani ana 12 suku, salah sijine dijenengi sukuLewi. Suku Lewi iku digewei tugas kanggo ngrewangi Pengarepe Sembayang ningOmahe Pengeran.

Page 57: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

57

Atine wong Samaria iba

33 "Tapikne ana wong teka suku Samariai liwat pisan ningkono. Pas wong Samaria ndeleng wong sing kebegal mau, atineiba. 34Terus diparek'i, dibuntel catune, diberseni ambek anggur,ya ditambani ambek lenga. Teruse wong sing lara iku mauditunggangen keledene, digawa nang penginepan cekne dirumati.35Sisuk'e wong Samaria iku nggenei nang sing duwe penginepanpeces sing gedene pada karo rong dina nyambut-gawe. Terusguneman, 'Rumaten wong iki. Nek'e entek'e luweh akeh teka iki,tak genei maneh pas reang mrene.'"36Maringono Yesus takon maneh, "Nurut sira, sapa ning antarane

wong telu mau, sing dadi tanggane wong sing kebegal iku?"37Guru agama iku nyauri, "Wong Samaria sing melasi wong sing

kebegal iku."Yesus guneman nang wong iku, "Budala, lakokna kaya wong

Samaria iku mau."

i10:33 Suku Samaria: Masia wong Samaria gek turunane Mbah-buyuteAbraham entah wong Ibrani, tapi orak murni merga wes kawin campur karobangsa-bangsa liyane. Mangkane wong Ibrani wes suwe orak akor karo wongSamaria, terus dianggep musuhe.

Page 58: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

58

Yesus mampir ning omahe Marta karo Maria10:38-42

38Maringono Yesus karo murit-murite budal maneh terus tekaning salah sijine kota. Ning kono ana wong wedhok jenenge Martasing ngampiren Yesus nang omahe. 39Marta duwe dulur wedhoksing jenenge Maria. Ning kono Maria lungguh ning parek'e sikileYesus ambek ngrungok'en wuruk'ane Yesus. 40Sak'wene iku Martagek repot tandang gawe ning mburi. Merga iku Marta marek'i Yesusambek guneman, "Gusti, apa rika orak mesak'en tah nang esun?Maria ngejaren esun tandang gawe dewe. Kongkonen ngapa ceknengrewangi esun."41Tapikne Gusti Yesus njawab ngene, "Marta, Marta, sira ajo

bingung mayahen awak'e sira dewe karo penggawean iku. 42Sak'ikimek siji wae sing luweh penting, yaiku ngrungok'en wuruk'anereang. Maria wes milih bagean sing luweh apik, sing orak bisadijupuk nang sapa wae."

Yesus muruk'i carane ndedunga nang murite11:1-13

111Ning salah sijine dina Yesus ndedunga dewe. Maringono,salah sijine murit guneman, "Gusti, reang weroh Yohanes

mulang carane dunga nang murite. Wuruk'ana pisan carane dunganang reang kabeh."

2Dadi Yesus guneman, "Pas ndedunga, dunga'a ngene:'Sang Bapak ning swarga, dadekna jenenge Rika diajeni.Tekakna Kerajaane Rika ning ndunya.3Genehana kene kabeh pangan sing cukup saben dina.4Terus sepuranen dosa-dosane kene kabeh, merga kene kabeh

nyepura saben wong sing duweni salah nang kene kabeh.Terus jagaen kene kabeh cekne orak marek'i pengguda.'"5–6Maringono Yesus guneman nang murit-murite, "Umpamane,

pas dalu, ana wong sing budal nang omahe kancane ambekguneman, 'Reang njaluk pangane, merga ana dayoh adoh singteka terus mampir ning omahe reang. Ketepak'an reang orak duwepeparan gawe nyuguhi.' 7Mesti sing duwe omah iku bakal semaurteka njero, 'Ajo ganggu reang. Lawange wes tak konci. Reang karoanak'e reang wes turu. Reangmoh tangi karo nggenei sira pangan.'"8 "Rungokna! Masia sing njaluk iku kancane dewe, sing duwe omah

orak gelem tangi karo orak gelem nggenei pangan. Tapikne mergawong sing njaluk ngrengek-ngrengek teterusan, sing duwe omahbakal tangi wae karo nggenei paran sing dibutuhen."

Page 59: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

599 "Rungokna reang! Memper umpama iku mau, nek sira njaluk

teterusan, sira bakale digenei; nek sira nggolek'i teterusan, sirabakale nemok'en; nek sira drodok teterusan, sira bakale dibukak'enlawang. 10Merga saben wong sing njaluk bakal nerima, singnggolek'i bakal nemok'en, sing drodok bakal dibukak'en lawang."11 "Coba pikiren umpama iku maneh. Sira, masia jahat, bisa

nggenei paran sing apik. Orak kira ana bapak sing kate nggeneiula nang anak'e sing njaluk iwak. 12Utawa nanak bapak sing katenggenei kalajengking nang anak'e sing njaluk endog. 13Dadi sira,masia jahat, weroh carane nggenei peparan sing apik nang anak'edewe. Luweh maneh Sang Bapak ning swarga bisa nggenei singapik. Nek sira njaluk, Sang Bapak bisa nggenei Rohe Pengeran nangsira.

Kuasane Yesus karo kuasane Iblis11:14-23

14Ning salah sijine dina Yesus nundung roh jahat teka wong singlara bisu. Sak'marine roh jahat iku metu, wong bisu mau bisaguneman maneh. Ndeleng kedadean iku wong akeh sing ana ningkono pada gawok. 15Tapikne ana sing guneman, "Yesus nundungroh jahat nggawe kuasane rajane roh-roh jahat." 16Terus anawong-wong liyane sing kepengen njajal Yesus pisan. Wong-wongiku njaluk Yesus nggawe mujijat cekne mbuktek'en nek'e kuasaneYesus pancen teka Pengeran.17Tapikne Yesus weroh pikirane wong-wong iku terus guneman,

"Nek ana salah sijine kerajaan sing pemimpine padamemungsuhan,kerajaan iku mesti bakale ajur. Nek'e ana wong omah-omah singorak rukun, mesti rumah tanggane bakale semburat. 18Ya ngonopisan ning kerajaane roh-roh jahat. Nek'e roh jahat karo roh jahatpada memungsuhan, kerajaane bakale rutuh. Merga iku orak kirareang nundung roh jahat nggawe kuasane rajane roh-roh jahat. Siraguneman nek'e reang nggawe kuasane rajane roh-roh jahat kanggonundung roh jahat. 19Nek ngono, kanca-kancane sira ya nundungroh jahat nggawe kuasane rajane roh-roh jahat pisan. Gatek'na,masia sira njajal nyalahen reang, sira pada wae nyalahen golonganesira dewe. 20Tapi nek'e reang nundung roh jahat nggawe kuasanePengeran, iku tegese Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en iku westeka nang sira."21 "Roh jahat iku memper wong kuat sing njaga kratone dewe

gawe gaman andalane cekne dunya-branane aman. 22Reang ikimemper wong sing luweh kuat teka wong sing njaga mau. Reang

Page 60: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

60bisa nglawan, bisa njupuk gaman andalane wong mau, terus dunya-branane bakal tak dum-dumenen."23 "Sapa sing orak bareng reang, tegese nglawan reang. Sapa wae

sing orak nglumpuk'en wong bareng reang tegese ngedohen wongteka Pengeran."24 "Nek'e roh jahat ditundung terus metu teka wong, roh jahat

iku bakale ngloyong nggolek wong liya cekne bisa leren. Tapi nekorak nemok'en wong, roh jahat iku bakale guneman, 'Reang katembalik maneh nang omah sing tak tinggalen iku mau.' 25Pas tekaning kono, roh jahat iku ndeleng nek'e omah iku wes rijik karoketata apik. 26Maringono roh jahat iku bakale budal ngejak pitungroh jahat liyane sing luweh jahat maneh. Roh-roh jahat iku bakalemlebu nang omah iku terus manggon ning kono. Ahire wong ikudadi luweh nemen teka maune."

Sapa sing paling bungah?11:27-28

27Sak'wene Yesus gek guneman ngono, ana salah sijine wongwedhok sing guneman nang Yesus, "Bungah temen wong wedhoksing nglairen ambek nyusoni rika."28Tapikne Yesus guneman ngene, "Orak ngono. Sing paling

bungah yaiku wong sing ngrungok'en pesene Pengeran terusdilakoni."

Yesus melehen wong-wong sing ngarepen mujijat11:29-32

29Pas iku jumlahe wong sing ngrungok'en Yesus tambah akeh.Terus Yesus guneman, "Wong-wong jaman sak'iki pada jahat kabeh.Wong-wong iki ngarepen tenger sing mbuktek'en kuasane reang.Tapikne wong-wong iki orak bakal digenei sesijia tenger, sak'liyanetengere Nabi Yunus biyen. 30–32Memper Nabi Yunus biyen sing daditenger kanggo wong ning kota Niniwe,j ya ngono pisan RajaneMenungsa bakale dadi tenger kanggo wong jaman iki. Pas dinakiamat, wong teka kota Niniwe bakale urip maneh karo ndudohensalahe wong Ibrani jaman iki. Biyen, wargane kota Niniwe tobatpas ngrungok'en gunemane Nabi Yunus. Masia reang iki luweh gedetimbangane Nabi Yunus, ngapa sira iki kok orak tobat ngrungok'engunemane reang?"

j11.30-32 Kota Ninewe: Ibu kotane kerajaan Asyur biyen. Wong Asyur ikudhuduk teka bangsa Ibrani.

Page 61: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

61"Pas dina kiamat, Ratu bangsa Sebak bakale urip maneh karo

ndudohen salahe wong Ibrani jaman iki. Ratu Seba biyen iku budalteka enggon sing adoh polae kepengen ngrungok'en pangerteneRaja Salomo.l Masia pengertene reang iki luweh gede timbanganeRaja Salomo biyen, ngapa sira iki kok orak kepengen ngrungok'enreang?"

Paribasane teplok11:33-36

33Yesus nerusen gunemane, "Nanak sesijia wong sing nyumetteplok terus ditutupi karo besek sing gede, tapikne kudu dicantolenning nduwuran cekne sapa wae sing mlebu bisa katok padhange.34Atine wong memper teplok. Nek atine wong apik, awak'edipadhangi sampek praene ya padhang pisan. Tapi, nek atine wongelek, awak'e orak dipadhangi, terus praene wong katok peteng.35Merga iku gatek'na! Ajo sampek padhang sing ana ning sira ikudadi peteng. 36Nek'e atine sira apik, uripe sira bakale padhangmemper kesorot padhange teplok."

Yesus melehen wong Farisi karo guru Kitab Suci11:37-54

37Sak'wise Yesus guneman, ana salah sijine wong teka golonganeFarisi sing ngejak Yesus mangan nang omahe. Dadi Yesus mlebunang omahe wong Farisi iku terus lungguh ambek mangan. 38WongFarisi iku mau gawok polae ndeleng Yesus orak ngobok tanganesak'durunge mangan, nurut adate wong Ibrani.39Tapikne Gusti Yesus guneman nang wong iku, "He wong Farisi!

Sira mek ngrijiki njabanane awak'e sira ngentah wong goblok singngrijiki cingkir karo mangkok, tapi njabane tok. Ning njero atinesira mek jahat karo kemarok. 40Sira iki goblok. Sing ana ningnjeronane awak kudu dirumat pisan merga Pengeran sing nggawenjaba-njerone awak. 41Nek keduwenane sira digenehen nang wongsing orak duwe, sira bakale rijik njaba-njerone."42 "He wong Farisi, blai'a sira! Sira sregep nglakoni aturan-aturan

enteng tapi aturane Pengeran sing abot sira lalek'en. Nurut KitabSuci, wong Ibrani kudu nggenei sepersepuluh teka asile dewenang Pengeran. Merga aturan iku enteng, sampek-sampek siranjupuk pisan teka bumbu pepek ning pawon terus sira genehen

k11.30-32 Bangsa Seba: Kerajaan biyen ning kidule bangsa Ibrani, ningAfrika.l11.30-32 Raja Salomo: rajane wong Ibrani sing paling bijaksana karo singpaling sugeh.

Page 62: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

62sepersepuluhe nang Pengeran. Tapikne sira orak urip adil karo jujurnang menungsa, ya orak nrisnani Pengeran pisan. Sak'jane sirakudu nglakoni aturan sing siji, terus ajo lalek'en aturan liyane."43 "He wong Farisi, blai'a sira! Sira seneng nggolek rai ning pasar.

Terus sira seneng lungguh ning enggon sing paling ngarep ningbalai agama. 44Blai'a sira merga atine sira najis. Sira iki pada karokuburan sing nanak paesane.m Akeh wong dadi najis merga oraksengaja mlaku ning nduwurane."45Salah sijine guru Kitab Suci guneman nang Yesus, "Guru,

gunemane rika iku wes ngenyek golongane kene pisan."46Yesus njawab, "He guru Kitab Suci, blai'a sira! Sira nggawe

aturan-aturan sing ewoh dipikul wong, tapi sira dewe orak gelemngrewangi masia titik wae. 47Blai'a sira! Sira mbenek'en kuburanenabi-nabi biyen sing dipateni mbah-buyute sira biyen. Timbanganesira mbenek'en kuburane nabi-nabi biyen, luweh apik sira nglakoniwuruk'ane. 48Sira mek mbenek'en kuburane wae tapi orak nurutiwuruk'ane nabi-nabi iku. Merga iku sira pada wae karo mbah-buyute sira biyen sing mateni nabi-nabi iku. 49Pengeran, sing ngertisembarang kalir, tau guneman ngene, 'Reang bakale ngutus nabi-nabi karo utusan-utusan. Tapikne ana sing bakale disiksa karodipateni.' 50Wong-wong jaman iki orak nuruti wuruk'ane kabeh nabibiyen. Mangkane wong-wong jaman iki bakale nanggung salahembah-mbuyute sing mateni nabi-nabi biyen. 51Molai teka nabikawitan sing dipateni, yaiku Habel, sampek Nabi Sakaria, nabipaling pungkasan sing dipateni. Sakaria iku dipateni ning OmahePengeran ning antarane enggon pengobongan korban karo papansembayang. Rungokna! Wong-wong jaman sak'iki mesti bakalediukum merga orak nuruti wuruk'ane kabeh nabi sing dipateni iku."52 "He guru Kitab Suci, blai'a sira! Masia Kitab Suci bisa mbukak

lawang pangerten soal Pengeran, tapi sira dewe orak gelemmlebu. Apamaneh, sira ngedang-ngedangi wong liya sing kepengenmlebu."53Sak'marine Yesus budal teka kono, wong-wong Farisi karo guru-

guru Kitab Suci dadi memuring, terus bulak-balek mbantah Yesusnggawe tetakonan. 54Wong-wong iku nggolek njalaran gawe njebakcekne bisa ngalahen gunemane Yesus.

m11.44 Kuburan sing nanak paesane: Nurut wong Ibrani, wong dadinajis nek ngidek kuburan. Terus wong iku kudu disucek'en cekne bisa melusembayang maneh.

Page 63: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

63

Wuruk'an kanggo murit-murite Yesus12:1-12

121Sak'wene iku ewonan wong wes nglumpuk sampek padadesel-deselan. Terus Yesus guneman nang murit-murite,

"Sira kudu ati-ati nang wulangane wong-wong teka golongane Farisising klakoane orak pada karo wuruk'ane. Merga cara sing ngono ikubisa ndayani atine wong akeh, memper ragi sing ngrubah adonanejajan. 2Paran wae sing ditutup wong sing orak kenek digugu bakalekebukak. Terus paran wae sing disingeten bakale diweruhi wong.3Merga iku, paran wae sing sira gunem ning enggon sing peteng,bakale dirungok'en nang enggon sing padhang. Terus paran singdibisik'en nang kupinge wong ning njerone kamar, bakale dikabarenteka duwure larape omah."4 "Kanca-kanca, rungokna gunemane reang. Ajo wedhi nang

wong-wong sing mek bisa mateni ragane sira, tapikne orak bisamateni sukmane sira. 5Reang bakale ndudohen nang sira sapasing kudu sira wedheni. Wedhi'a nang Pengeran! Merga sak'marinemateni raga, Pengeran duwe kuasa kanggo nglebok'en sukmanewong nang neraka. Rungokna! Mek Pengeran wae sing kudu sirawedheni."6 "Manuk pipit sing kabehe lima didol murah ning pasar. Masia

ngono nanak sesijia teka manuk iku sing orak digatek'en Pengeran.7Tapi, sira luweh diajeni Pengeran timbangane manuk pipit singakeh. Menungsa iku luweh digateni nang Pengeran, sampek-sampek rambut ning ndase sira wes ke'itung kehe. Merga iku, ajokuwatir nang uripe sira."8 "Kabeh wong sing ngakoni reang ning ngarepe menungsa, reang,

Rajane Menungsa, ya pisan bakal ngakoni wong iku ning ngarepemalaekat-malaekate Pengeran. 9Tapikne wong sing orak ngaku ningngarepe wong nek percaya nang reang, ya ngono pisan reangorak bakal ngakoni wong iku ning ngarepe malaekat-malaekatePengeran. 10Sapa wae sing gunemane nentang wulangane RajaneMenungsa, wong iku bakale disepura. Tapikne sapa wae singnentang Rohe Pengeran ning njero atine, wong iku orak bisadisepura."11 "Sira bakal diadili ning balai agama, ya digawa nang penguasa-

penguasa merga melu reang. Tapi ajo kuatir njare carane mbelaniawak'e sira dewe utawa paran sing kudu sira sampek'en ning kono.12Pas sira diadili, Rohe Pengeran bakale ndudohen ning atine siraparan sing kudu sira sampek'en, pas wayahe."

Page 64: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

64

Paribasane wong sugeh sing goblok12:13-21

13Ning antarane wong akeh iku, ana sing guneman nang Yesus,"Guru, kongkonen dulure reang cekne gelem mbagi warisan karoreang."14Tapikne Yesus guneman nang wong iku, "Kanca, reang dhuduk

hakim utawa wong sing tukang mbagi warisan antarane sira karodulure sira."15Maringono Yesus guneman nang wong akeh iku, "Becik ya! Sira

kudu jejaga. Ajo sampek sira kedunyan. Merga uripe menungsaorak mek teka dunya-branane."16Terus Yesus nyeritak'en paribasan ngene, "Ana wong sugeh sing

gagane ngetok'en asil akeh. 17Wong sugeh iku mikir ning njeroatine, 'Paran sing kudu tak lakoni merga reang orak duwe gudangmaneh kanggo nyimpen panenane reang sing akeh iku.'"18 "Maringono wong iku mikir maneh, 'Sak'iki reang kate ndandani

gudange reang terus tak dadek'en sing luweh gede. Maringonokabeh terigu karo barang-barange reang tak lebok'en nang gudangiku.' 19Terus wong sugeh iku mikir maneh, 'Reang wes duwesembarang kalir sing orak bakal entek pepirang taun. Sak'iki reangkate leleyeh wae. Reang kate mangan, ngombe, karo ngrasak'endunyane reang.'"20 "Tapikne Pengeran guneman nang wong iku, 'Sira iki goblok!

Bengi iki sira bakale mati. Terus sapa sing bakale ngrasak'en dunya-brana sing wes sira klumpuk'en iku?' 21 Iku ganjarane wong-wongsing nglumpuk'en dunya-brana kanggo awak'e dewe tapikne oraksugeh ning ngarepe Pengeran."

Ajo kuwatir nang urip ning ndunya12:22-31

22Terus Yesus guneman nang murit-murite, "Merga iku ilinga'a,ajo kuatir nang uripe sira, yaiku paran sing kate sira panganambek paran sing kate sira gawe. 23Merga uripe sira luwehpenting timbangane pangan, karo ragane sira iku luweh pentingtimbangane sandangan. 24Delengen manuk gagak sing orak taumanja, orak manen, ya orak duwe gudang, tapikne digenei pangankaro Pengeran. Apamaneh sira kabeh luweh digateni teka manuk-manuk iku."25 "Nanak sesijia wong sing bisa ndawak'en umure. Nek sira kuatir

tok nang uripe, sira tetep orak bisa ndawak'en umure sira, masiasak'jam wae. 26Nek'e sira orak bisa nglakoni barang enteng kaya

Page 65: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

65nambahi sak'jam nang uripe, ngapa sira kok kuatir nang sandang-pangane sira? 27Wasenen njare cukule kembang ning antaranesesuketan. Masia kembang-kembang iku orak nyambut gawe yaorak nenun, tapikne gek luweh apik timbangane klambine RajaSalomo biyen, sing sugeh temenan iku. 28Masia Pengeran maesisesuketan iku nggawe kembang sing apik temenan, suket iku mekurip diluk, terus sisuk'e wes nanak. Mestine sira kabeh luwehdirumat nang Pengeran timbangane suket iku. Tapikne ngapa koksira mek titik wae percaya nang Pengeran?"29 "Ajo ngangsa karo kuwatir nang sandang-pangane sira. 30Wong

sing orak percaya nang Pengeran ngangsa nang uripe. TapikneBapakne sira, yaiku Sang Bapak ning swarga, wes weroh sirambutuhen iku kabeh. 31Tapikne golek'ana Kerajaane Pengeran,terus kabeh iku bakale ditambahen nang sira. 32Sira kabeh kayakumpulane wedus, tapi ajo wedhi! Merga Bapakne sira, yaiku SangBapak ning swarga, seneng temenan nggenei paran wae sing ananing kerajaane nang sira."33 "Sira kudu sing ati-ati nentok'en enggon simpenan dunya-

barane sira. Ajo nyimpen keduwenane sira ning ndunya merga bisadientek'en, dicolong maling, karo dirusak'en rayap. Tapi dolen wae,terus genehna nang wong sing orak duwe! Nek nglakoni ngono, sirawes nyelengi dunya-brana ning swarga. Nanak maling karo rayapning kono. 34Apamaneh, nek dunya-branane sira ana ning ndunyawae, sira bakale mikir urip ning ndunya tok. Nek dunya branane siraana ning swarga, sira bakale mikiren urip langgeng ning swarga."

Jejaga kanggo tekane Rajane Menungsa12:35-59

35Yesus nerusen gunemane, "Sira kudu jejaga. Ajo sampekteplok'e sira mati. 36Sira kudu entah babu sing ngenteni jeraganemoleh teka kawinan. Nek'e jeragan teka, terus ndrodok lawang,babu iku bakal mbukak lawange. 37Babu-babu sing gek jejagapas jeragane teka bakale bungah. Rungokna! Merga babune setia,jeragan iku bakale sembong terus nyepak'en mangan kanggobabune. 38Nek'e jeragane teka pas tengah wengi utawa parek isuk,babu-babu sing gek ngenteni pas jeragane teka bakale bungah,merga dianggep setia nang jeragane. 39Tapikne gatekna! Sing duweomah orak kira weroh jam pira tekane maling. Nek'e weroh mestineomahe orak dibobol maling. 40Ya ngono pisan sira kudu jejagamerga Rajane Menungsa bakale teka pas kiamat ning wayah singorak disangka-sangka."

Page 66: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

6641Petrus guneman, "Gusti, apa paribasan iku ditujok'en nang

murit-murite rika sing ana ning kene, utawa nang kabeh wong?"42Gusti Yesus njawab, "Sapa babu kepercayaane jeragan sing

setia karo sing teges? Ya babu iku sing bakale dikongkon ngaturbabu liyane karo nggenei mangan nang babu-babu iku paswayahe. 43Babu sing gek nglakoni penggaweane pas jeragane tekabakale bungah. 44Rungokna! Dunya-branane jeragan iku bakaledipercayak'en nang babu iku. 45Tapikne nek'e babune iku mikir ningjero atine, 'Jeragane reang gek suwe tekane.' Maringono babu ikunggepuk'i babu liyane terus mangan karo ngombe sampek mabuk.46 Jeragan iku bakale teka ning dina sing orak disangka-sangka karowayah sing orak diweruhi. Babu iku bakale diukum bebarengan karowong-wong sing orak setia, terus dipateni nang jeragane. 47Babusing wes weroh kekarepane jeragane, tapi orak nglakoni bakalediambleki nemen. 48Tapikne babu sing orak weroh kekarepanejeragane, terus orak nglakoni pisan, babu iku bakale diamblekititik. Sapa wae sing digenei akeh, bakale dituntut akeh. Terus singdipercayai barang akeh, bakal dikongkon mbalek'en luweh akehmaneh."

Sing melu Yesus bakal dimungsuhi12:49-53

49Yesus nerusen gunemane, "Reang teka kanggo ngadili ndunyaiki. Sak'jane reang wes kepengen ngadili sak'iki, tapi gekdurung wayahe. 50Sak'durunge iku, reang kudu dilarani nemen.Abot temenan atine reang sampek siksaan iku dimarek'en.51Apa sira mikir reang teka nggawa rerukunan ning antaranemenungsa? Orak! Duduk rerukunan sing tak gawa tapiknememungsuhan. 52Molai sak'iki wong sak'omah sing kabehe limabakale memungsuhan: wong telu kate nglawan wong loro sing melureang, utawa wong loro kate nglawan wong telu sing percaya nangreang. 53Sak'omah bakale pada memungsuhan:'Bapakne kate memungsuhan karo anak'e sing lanang,ya ngono pisan anak sing lanang kate memungsuhan karo

bapakne.Makne kate nglawan anak'e sing wedhok,ya ngono anak sing wedhok kate memungsuhan karo makne.Maratua sing wedhok kate nglawan mantune sing wedhok,ya ngono mantu sing wedhok kate memungsuhan karo maratua

sing wedhok.'"

Page 67: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

67

Sing kudu dilakoni pas wayahe12:54-59

54Yesus guneman nang wong akeh, "Nek'e sira kabeh ndelengmendung, sira langsung guneman, 'Dina iki kate udan.' Teruskedadean udan temenan. 55Ya pisan nek sira ndeleng anginteka, sira kabeh guneman, 'Kate panas dina iki.' Terus kedadeanpanas. 56He wong-wong sing kemeroh! Masia sira bisa mestek'entetengere wayah udan utawa panas, ngapa sira kok orak ngertitetengere Pengeran sak'iki?"57 "Ngapa sira kok orak bisa mutusen paran sing kudu dilakoni?

58Nek ana wong sing kate nuntut sira nang pengadilan, pas katebudal nang pengadilan, usahakna masalahe sira karo wong ikuwes dimarek'en. Merga nek orak, sira bakal digawa peksa nangngarepe hakim. Terus sira diserahen nang penjaga, mari iku sirabakale dilebok'en ning bui. 59Rungokna! Sira orak kira metu tekabui sak'durunge utange sira lunas temenan."

Nasibe wong sing orak gelem tobat13:1-5

131Pas wayah iku Yesus oleh kabar soal wong-wong Galileasing dipateni, pas gek gawe korban sembahan. Masia ana

ning panggonan suci, wong-wong iku dipateni nang kongkonaneGubernur Pilatus. 2Terus Yesus takon, "Apa matine wong singorak kaprah mau mbuktek'en nek dosane wong-wong iku luwehakeh timbang dosane wong Galilea liyane? 3Orak! Rungokna! Nek'esira orak tobat teka dosa, sira bakale dimusnahen pisan. 4Njarenasibe wong 18 sing mati kebyuk'an tembok menara, parek'e kolamSiloam? Merga matine orak kaprah, apa iku mbuktek'en nek dosanewong-wong iku luweh akeh timbang dosane wong Yerusalem liyane?5Orak! Rungokna! Nek'e sira orak tobat teka dosa, sira bakaledimusnahen pisan."

Paribasane wit sing nanak wohe13:6-9

6Marine iku Yesus nyeritak'en paribasan, "Ana jeragan sing duwekebonan anggur. Ning kebonan iku ana wit ara.n Ning salah sijinedina jeragan iku nggolek woh ara ning wite, tapikne orak nemok'en

n13.6Wit ara iku duwe woh sing cilik. Wohe dipetik terus dipemeh cekne ulesemaleh ireng. Nek ngono wohe dadi legi terus awet. Ning Kitab Suci, wong Ibranigelek diumpamak'en karo wit ara.

Page 68: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

68

Wit ara

sesijia. 7Terus jeragan iku guneman nang koline, 'Delengen! Reangwes telung taun nggolek'i wohe tapikne orak tau nemok'en. Tegorenwae wit sing nanak gunane iki!'"8 "Koline iku mau njawab, 'Pak, jarna wae wit iki setaun engkas

urip ning kene. Tak'watune ning pinggir-pinggire terus tak geweirabhuk. 9Sapa weroh, beleh taun ngarep wit iki metu wohe. Tapiknenek orak, engko tak tegore.'"

Page 69: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

69

Yesus marasen wong pas dina Sabat13:10-17

10Ning salah sijine dina Sabat,o Yesus mulang ning balai agama.11Ning kono ana wong wedhok sing wes wolulas taun lara bungkuk,merga ana roh jahat sing ngganggu sampek awak'e orak bisangadek jejek. 12Pas ndeleng wong wedhok iku, Yesus nyeluk ambekguneman, "Mak, larane rika wes tak warasen." 13Terus Yesusnyandak pundak'e wong wedhok iku. Mara-mara wong wedhok ikumau bisa ngadek jejek, terus muji nang Pengeran.14Tapikne pemimpine balai agama bongol, merga Yesus wes

marasen wong pas dina Sabat. Pemimpin iku guneman nang wong-wong, "Ana enem dina kanggo nyambut gawe. Nek kepengendiwarasen, sira kudu teka nang salah sijine dina iku. Tapikne ajopas dina Sabat iki."15Terus Gusti Yesus guneman, "He, wong sing klakoane orak

pada karo wuruk'ane, rungokna! Pas dina Sabat kabeh wong mestingeculen sapine utawa jarane teka gedokane terus diombeni.16Ngapa kok wong wedhok sing wes wolulas taun dikuasani rohjahat iki orak oleh dibebasen masia pas dina Sabat? Apamanehwong wedhok iki, sing gek turunane Mbah-buyut Abraham, pancenduwe hak nerima berkahe Pengeran sing dijanjek'en nang Abrahambiyen."17Pas Yesus guneman ngono, kabeh wong sing orak seneng

nang Yesus pada kisinan. Tapikne wong-wong liyane pada senengtemenan ndeleng mujijat sing dilakoni Yesus.

Carane Rajane Menungsa mrentah ndunya13:18-21

18Yesus takon nang wong-wong iku, "Kerajaane Pengeran iku takibaraten karo paran? 19Kerajaane Pengeran iku tak ibaraten karowiji sing cilik sing disawuren ning gaga. Wiji cilik iku cukul terusdadi wit sing manuk-manuk bisa nggawe susuh ning pange."20Terus Yesus guneman maneh, "Kerajaane Pengeran iku tak

ibaraten karo paran? 21Kerajaane Pengeran iku tak ibaraten karoragi sing diudek ambek 20 kilo terigu sampek mekar sak'kabehe."

o13.10 Dina Sabat iku dina lerene wong Ibrani seminggu sepisan kanggosembayang. Pas dina iku wong Ibrani orak oleh nyambut gawe. Delengen ningkamus.

Page 70: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

70

Lawang sing cilik13:22-30

22Marine ngono Yesus nerusen lakune nang kota Yerusalemambek mulang ning kota-kota karo desa-desa sing diliwati. 23Terusana wong sing takon nang Yesus, "Gusti, apa mek titik wae wongsing bakal dislameten teka ukuman ning neraka?"24Yesus njawab, "Kerajaane Pengeran iku memper omah sing

lawange cilik. Usahakna mlebu nang lawang sing cilik iku!Rungokna! Akeh wong bakal usaha cekne mlebu tapikne orak bisa.25Nek sing duwe omah wes nutup lawange, ajo sampek sira ananing njababe. Nek sira ana ning njaba, sira bakal ndrodok lawangambek ceceluk, 'Nuwun sewu, tulung bukakna lawang.'""Tapi sing duwe omah bakale semaur, 'Sapa sira iku? Reang orak

kenal!'"26 "Terus sira bakal guneman, 'Rika gelek dolan ning omahe reang.

Rika ya tau mulang ning desane reang.'"27 "Tapikne sing duwe omah iku bakale semaur, 'Reang orak kenal

sira. Budala sira, wong sing nglakoni jahat!'"28 "Sira kabeh bakale nangis ambek kesiksa pas ndeleng tekane

Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en iku. Sira bakal ndeleng mbah-buyute sira, yaiku Bapak Abraham, Isak, Yakub, karo sak'kabehnabi biyen. Masia wong-wong iku pada bungah, tapi sira kabehbakale ditundung. 29Akeh wong sing dhuduk bangsa Ibrani tekabagean wetan, kulon, lor, kidul bakale marek'i. Terus wong-wongiku bakale mlebu karo mangan ning Kerajaane Pengeran iku.30Rungokna! Wong Ibrani sing sak'jane mlebu dikek bakale dadising kari. Terus sing teka kari, yaiku wong sing dhuduk bangsaIbrani, bakale dadi dikek."

Yesus nerusen lakune nang kota Yerusalem13:31-35

31Pas iku ana wong-wong teka golongane Farisi sing maraniYesus, terus guneman, "Rika kudu ninggalen enggon iki, merga RajaHerodes Antipas kate mateni rika."32Yesus guneman, "Balik'a nang Herodes, terus tuturen nang

wong sing orak genah iku, 'Dina iki karo sesok reang gek nundungroh jahat karo marasen wong. Terus dina ping telune reang katemarek'en penggaweane.' 33Masia ngono, dina iki, sesok karoemben reang gek kate nerusen laku nang kota Yerusalem, mergamolai biyen nabi-nabi mesti dipateni ning kota Yerusalem."

Page 71: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

7134Yesus terus guneman maneh, "He wong-wong Yerusalem,

sing mateni nabi-nabi biyen terus sing ngantem utusan-utusanePengeran karo watu. Reang bulak-balek kepengen nglumpuk'ensira kabeh entah petek babon sing nglumpuk'en karo ngangkremianak-anak'e. Tapi ngapa kok sira orak gelem diklumpuk'en?35Rungokna! Sira kabeh bakal ditinggal dewek'an merga orakgelem diklumpuk'en. Sak'temene, sira orak bakal ndeleng reangmaneh sampek wayahe sira kabeh pada guneman, 'Bungah temenRaja Pilihane Pengeran.'"

Yesus marasen wong maneh pas dina Sabat14:1-6

141Ning salah sijine dina Sabat, Yesus diundang manganning omahe wong Farisi. Wong iku salah sijine tetuwek'ane

golongan iku. Sita mangan, Yesus diwasen nang wong-wong tekagolongane Farisi.2Maringono memara teka wong sing lara abuh sikile karo tangane,

terus ngadek ning ngarepe Yesus. 3Yesus takon nang guru KitabSuci ambek wong Farisi ngene, "Nurut Kitab Suci, oleh tah marasenwong pas dina Sabat?" 4Tapikne wong-wong iku meneng wae.Maringono wong sing lara iku dicandak tangane, diwarasen, terusdikongkon budal.5Sak'wise iku Yesus guneman nang wong-wong sing ana ning

kono, "Sapa sih, ning antarane sira, sing orak ndang nulungi anak'eutawa sapine sing kecemplung blumbang, masia pas dina Sabat?"6Tapikne nanak sing bisa njawab tetakonane Yesus.

Wong sing gemede karo wong sing andap asor14:7-11

7Yesus ndeleng ana wong-wong milih lungguh ning enggonsing paling apik. Merga iku Yesus mulang paribasan iki, 8 "Nek'ediundang nang kawinan, sira ajo lungguh ning enggon sing palingngarep, merga beleh sing duwe gawe wes ngundang wong singluweh diajeni teka sira. 9Nek'e dayoh sing luweh diajeni iku teka,sing duwe gawe bakale guneman nang sira, 'Genehna enggon ikinang dayoh iku.' Maringono sira bakale budal kisinan, terus lungguhning enggon sing paling mburi. 10Tapikne nek'e sira diundangnang kawinan, lungguh'a nang enggon sing paling mburi, belehsing duwe gawe guneman ngene, 'Kanca, monggo lungguh'a ningngarepan.' Nek nglakoni ngono, sira bakale diajeni nang dayoh-dayoh liyane. 11Merga sapa wae sing gemede, bakale diremehen

Page 72: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

72Pengeran. Tapikne sapa wae sing andap asor bakale kejunjung nangPengeran."

Sapa sing kudu diundang?14:12-14

12Maringono Yesus guneman nang wong sing ngundang Yesusmangan iku, "Nek sira ngejak wong mangan ning omah, ajo ngejakkanca-kanca, dulur-dulur karo tangga-tanggane sira sing sugeh.Merga sira mesti ngarepen dijak gentenan mangan pisan ningomahe. Nek ngono, sira mek oleh ganjaran teka menungsa tapiorak oleh teka Pengeran. 13Tapikne nek'e sira ngejak wong mangan,ngejak'a wong-wong sing orak duwe peparan, sing ciri awak'e, singlumpuh, karo wong sing picek. 14Nek ngono sira bakale diberkahimerga wong-wong iku orak bisa mbales. Apamaneh, mbesok sirabakale oleh ganjaran apik pas wong-wong bener diuripen manehsak'wise dina kiamat."

Paribasane slametan gede14:15-24

15Pas krungu gunemane Yesus, salah sijine wong Farisi gunemanngene, "Seneng temenan wong sing bakal melu mangan ningslametane Kerajaane Pengeran." 16Merga iku, Yesus gunemangawe paribasan, "Tekane Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en ikumemper wong sing kate nganak'en slametan gede terus ngundangwong akeh. 17Sak'marine nyepak'en mangan, sing duwe kajatngongkon abdine mbaleni dayoh-dayoh sing wes diundang ngene,'Dina iki rika dikongkon teka nang slametane jeragane reang.'18Tapikne kabeh wong iku pada orak gelem teka, terus gawe alasandewe-dewe. Sing siji guneman, 'Duh sepurane, reang sak'iki gekkate ndeleng gaga sing entas tak tuku.' 19Sing liyane guneman,'Duh sepurane, reang gek entas tuku sapi kabehe 10. Sak'iki reanggek kate mbajak sawah nggawe sapi-sapi iku.' 20Ana maneh singguneman, 'Duh orak bisa, polae reang gek entas rabi.'"

Page 73: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

73

Sing duwe kajat karo abdine

21 "Dadi abdi iku mau mbalik terus tuturan. Pas krungu gunemaneabdi iku, sing duwe kajat memuring terus guneman nang abdine,'Ayo ndang budala nang sak'kabehe dalan karo plosok-plosok'edesa. Terus jak'en mrene wong-wong sing mlarat, sing ciri awak'e,sing picek, karo wong sing lumpuh.' 22Sak'marine nglakoni iku,abdine mau guneman, 'Pak kongkonane rika wes tak lakoni tapiknegek ana enggon lungguhan sing kotong.'"23 "Maringono sing duwe kajat guneman nang abdine, 'Budala

maneh nang sak'kabehe dalan karo gang, terus peksa'en mrenewong-wong sing ana ning kono cekne ngebek'i enggon slametaniki. 24Rungokna! Ning antarane wong-wong sing wes tak undangtapi orak gelem teka iku, nanak sesijia sing bakal mangan ningslametane reang iki.'"

Pikiren dikek sak'durunge melu Yesus14:25-35

25Ning salah sijine dina akeh wong pada mlaku ngetuten Yesus.Pas iku Yesus noleh terus guneman nang wong-wong iku, 26 "Sapawae sing kepengen dadi murite reang, kudu luweh ngeboten reangketimbang bapakne, makne, bojone, anak'e, dulur-dulure, ya uripe

Page 74: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

74dewe. 27Sapa sing kepengen dadi murite reang kudu melu reang.Wong iku kudu siap mati entah wong sing mikul salibe."p28 "Nek kate mbangun omah, mestine sira kudu gawe itung-

itungan biaya dikek, cek'ne weroh picise sira cukup apa orak.29Nek'e picise sira orak cukup, sira bakale dinyek tanggane mergamek nggawe pendasine tok. 30Tanggane sira bakale guneman,"Njare! Wong iku wes molai mbangun tapi medak."31 "Utawa nek'e ana raja sing duwe 10,000 prajurit terus kate

perang karo raja sing duwe 20,000 prajurit, mestine raja iku kudumikir-mikir dikek apa ya bisa ngalah'en musuhe iku. 32Nek raja ikuweroh prajurit-prajurite kurang kuat, mestine ngongkon utusanenjaluk damai pas musuhe gek adoh. 33Ya ngono pisan, pikir-pikirendikek, merga sapa wae ning antarane sira sing kepengen dadimurite reang kudu ninggalen kabeh keduwenane."34 "Rungokna! Uyah iku ana gunane. Tapi nek uyah dadi lawar, ya

orak bisa diasinen maneh. 35Uyah iku wes nanak gunane kanggoparan wae, dadi bakale dibuak. Dadi, gatekna wuruk'ane reang iki."

Paribasane wong angon sing bungah15:1-7

151Ning salah sijine dina, wong-wong tukang narik pajekkaro wong-wong dosa liyane teka nang Yesus kepengen

ngrungok'en wulangane. 2Terus wong Farisi karo guru Kitab Sucising pada ngrasani Yesus ngene, "Ngapa kok Yesus iku gelemnampa terus mangan bareng wong-wong dosa!"3Merga dirasani ngono, Yesus guneman nang wong-wong iku

gawe paribasan ngene, 4 "Nek'e sira duwe wedus kabehe 100 terussalah sijine ilang, paran sing bakale sira lakoni? Mestine sira bakaleninggalen wedus sing 99 ning sesuketan, terus nggolek'i singsiji iku sampek ketemu. 5Nek'e wes ketemu, sira bakale seneng

p14.27 Mikul salibe : Pas jamane Yesus, nek ana wong sing mikul salib,iku tegese kate diukum pati. Wong iku dikongkon mikul kayu salib ning njabanekota, terus dipaku nang kayu sing dipikul mau. Maringono kayune dideken, terusdijaren gemantung sampek mati.

Page 75: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

75

Wong iku bakale nyongklok wedus iku nang pundak'e

terus nyongklok wedus iku nang pundak'e sira. 6Terus nek'e westeka nang omah, sira bakale ngejak kanca-kancane karo tangga-tanggane ambek guneman, 'Ayo seneng-seneng bareng reang,merga weduse reang sing ilang wes ketemu.' 7Rungokna! Ya ngonopisan ning swarga. Pengeran luweh bungah nek ana wong dosa sijising tobat timbangane ana 99 wong 'bener' sing orak mbutuhentobat."

Paribasane wong wedhok sing bungah15:8-10

8Yesus nerusen gunemane, "Nek ana wong wedhok sing duwepeces emas kabehe 10, maringono peces sing sijine ilang, paransing bakale dilakoni? Wong wedhok iku bakale nyumet damar,nyapu omahe, terus nggolek'i ning endi-endi sampek ketemupicise. 9Nek'e wes ketemu, wong wedhok iku bakale ngejak kanca-kancane karo tangga-tanggane terus guneman, 'Ayo seneng-seneng bareng esun, merga picise esun sing ilang wes ketemu.'

Page 76: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

76

Lare iku ngombeni babi-babi

10Rungokna! Ya ngono pisan malaekat-malaekat ning swargabakale bungah nek ana wong dosa siji sing tobat teka dosa-dosane."

Paribasane bapak sing bungah15:11-32

11Maringono Yesus guneman maneh, "Ana wong sing duweanak lanang kabehe loro. 12Sing wragil guneman, 'Pak, genehanawarisan sing dadi bageane reang.' Terus warisane didumi nanganak'e loro iku."13 "Pepirang dina marine, lare sing wragil iku ngedol kabeh

warisane terus budal nang negara liya sing adoh. Ning negara ikumek nggolek seneng sampek picise dientek'en. 14Sak'marine picisedientek'en, ning negara iku ana laib gede sampek lare iku orakduwe peparan. 15Maringono lare iku nyambut gawe nang salahsijine wong ning negara iku. Lare iku dikongkon ngombeni babi-babine ning gagane. 16Ning kono lare iku kluwen sampek kepengenmangan pangane babi-babi iku. Masia ngono, nanak sesijia wongsing nggenei peparan. 17Ahire lare iku dadi sadar, terus mikir,

Page 77: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

77'Koli-koli sing nyambut gawe nang bapak oleh pangan sing akeh,tapikne reang dewe sampek meh mati kluwen ning kene. 18Reangkate moleh wae wes. Reang kate guneman nang bapak ngene, "Pak,reang wes nggawe dosa nang Pengeran ambek nang rika. 19Reangwes orak pantes dadi anak'e rika maneh. Dadekna reang koline rikawae."'"20 "Dadi lare iku mbalik moleh nang bapakne. Pas gek

radhak adoh teka omahe, wes dideleng bapakne. Mari dideleng,bapakne rumangsa mesak'en temenan, terus mlayu, meluk ambekngambung lare iku. 21Lare iku guneman, 'Pak reang wes nggawedosa nang Pengeran ambek nang rika. Reang wes orak pantes dadianak'e rika maneh.'"22 "Tapi bapakne ngongkon nang koli-koline, 'Gage gawa'en mrene

sandangan sing paling apik terus gewehna nang anak'e reang iki.Pasangen ali-ali ning jerijine karo sepatu ning sikile. 23 Jupuk'enpedhet sing paling lemu, terus dibeleh. Ayo pada bungah ambeksyukuran, 24merga anak'e reang wes mati tapikne urip maneh.Anak'e reang wes ilang tapikne ditemok'en maneh.' Maringonokabeh pada molai nggawe syukuran."25 "Sak'wene iku lare sing mbarep mau gek ana ning gaga. Pas

lare iku moleh terus wes parek karo omahe, krungu suarane musikambek tari-tarian. 26Terus salah sijine koli ditakoni, 'Ana paran iki?'"27 "'Iki ana syukuran! Bapakne rika ngongkon mbeleh pedhet sing

paling lemu merga adekne rika wes mbalik moleh, terus slamet.'28Lare sing mbarep iku bongol sampek orak gelem mlebu nangnjero omahe. Mangkane bapakne metu terus ngejak mlebu nangomah."29 "Tapi lare iku nolak ngene, 'Pak, reang wes taunan mantep

nyambut gawe kanggo rika. Reang orak tau nglanggar kongkonanerika. Masia ngono sampek cempe wae orak tau rika gewehen,cekne bisa sukuran karo kanca-kancane reang. 30La, anak'e rika ikuwes ngentek'en warisane karo pelacur-pelacur. Tapikne pas mbalik,ngapa kok bapak mbelehen pedhet sing lemu?'"31 "Bapakne nyauri ngene, 'Le, sira iku wes urip bareng reang ning

kene. Paran sing dadi duwek'e reang, ya dadi duwek'e sira pisan.32Tapi rungokna! Reang ambek sira kudu bungah merga adekne sirawes mati tapi sak'iki urip maneh, yaiku wes ilang tapi ditemok'enmaneh.'"

Page 78: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

78

Paribasane bendahara sing pinter16:1-13

161Maringono Yesus mulang nang murit-murite gawe ceritangene, "Ana wong sugeh sing duwe bendahara. Terus ana

sing wadul nek'e bendahara iku mau ngambur-ngamburen picisewong sugeh iku. 2Maringono wong sugeh iku nyeluk bendaharaneterus takon, 'Bener tah, sira wes ngambur-ngamburen picise reang?Balekna catetane wong sing duwe utang nang reang, sing maunesira urusi. Merga sira bakale tak lereni.'"3 "Bendahara iku mikir ning njero atine, 'Sak'iki reang bakal

dilereni. Paran sing kudu tak lakoni? Nek'e macul reang orak kuat,nek'e ngemis reang esen. 4Sak'iki reang duwe akal. Merga bakaldilereni, reang kudu nggolek kanca sing gelem nerima reang ningomahe.'"5 "Dadi bendaharane iku nyeluk kabeh wong sing duwe utang nang

jeragane. Terus, bendahara iku guneman nang salah sijine wongsing diutang iku, 'Pira utange sira nang jeragane reang?'"6 "Wong sing duwe utang njawab, 'Kabehe 3,500 liter lenga

saitun.'"q

"Terus bendahara iku guneman, 'Ikilo surat utange sira. Gawe'ensing anyar, tulisen utange sira separoh wae, yaiku 1,750 liter.'"7 "Maringono nang wong sijine maneh bendahara iku guneman,

'Pira utange rika?'""Wong iku njawab, 'Kabehe 20 ton terigu.'""Terus bendahara iku guneman maneh, 'Iki surat utang'e rika.

Gawe'en sing anyar, tulisen 16 ton terigu wae.'"8 "Ahire wong sugeh iku weroh terus guneman, 'Pinter temenan,

bendahara sing orak jujur iku!'"Terus Yesus guneman, "Dadi wong-wong sing kedunyan luweh

pinter timbang wong-wong sing uripe bener."9Maringono Yesus guneman maneh, "Rungokna! Gawe'en

dunyane sira kanggo nggolek kanca. Sita dunyane sira wes entek,sira bakal ditampa nang enggon sing langgeng. 10Sapa sing kenekdipercaya nang tanggung jawab sing cilik, ya bakale dipercaya pisannang tanggung jawab sing gede. Tapikne sapa sing orak kenekdipercaya nang tanggung jawab sing cilik, bakale orak dipercayapisan nang tanggung jawab sing gede. 11Nek'e sira orak kenekdipercaya ngatur hartane ndunya iki, sapa sing bakale percaya nangsira ngatur harta sing langgeng? 12Terus nek'e sira orak kenekq16.6 Lenga saitun iku asale teka woh saitun. Lenga iku bisa digawe lenganeteplok, nambani catu, karo nggoreng.

Page 79: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

79dipercaya ngatur hartane wong liya, sapa sing bakale genehen nangsira paran sing dadi duwek'e sira?"13 "Nanak babu sing bisa nyambut nang rong jeragan. Merga

babu iku bakale nyengit nang jeragan sing siji terus seneng nangjeragan sing sijine, utawa, bakale nurut nang siji tapikne oraknggatek'en sing sijine. Sira orak bisa ngladeni nang Pengeran karopisan ngladeni nang dunya-brana."

Aturane Rajane Menungsa16:14-18

14Wong-wong teka golongane Farisi ngrungok'en gunemaneYesus iku mau. Tapi merga seneng nang peces, wong-wong iku padangenyek Yesus. 15Merga iku Yesus guneman ngene, "Ning ngarepemenungsa, sira iki katok'e bener, tapikne Pengeran weroh atinesira. Merga paran sing dianggep apik nang menungsa, iku dianggepelek nang Pengeran."16 "Molai biyen wong Ibrani manut nang Kitab Sucine Nabi Musa

karo kitabe nabi-nabi liyane sampek tekane Nabi Yohanes, singmbaptis wong. Tapi sak'iki, kabar apik wes dikabaren nek KerajaanePengeran sing dijanjek'en iku kate dinyatak'en. Merga iku kabehwong rebutan cekne mlebu nang kerajaan iku. 17Tapikne, luwehgampang musnahen jagat iki, ketimbang ngilangen siji aksara singpaling cilik teka Kitab Sucine Nabi Musa."18 "Sapa sing pegatan terus rabi maneh karo wong wedhok liya,

wong iku pada wae nggawe jinah. Terus sapa wae sing rabi karowong wedhok sing pegatan ya gawe jinah pisan."

Wong sugeh karo Pak Lasarus16:19-31

19Yesus guneman gawe paribasan, "Ana wong sugeh singklambinan apik temenan. Wong sugeh iku saben dina nyenengenawak'e karo pangane sing enak temenan. 20–21Ana maneh wongmlarat sing jenenge Pak Lasarus. Lasarus iku saben dina meknggletak ning ngarep pager omah'e wong sugeh iku. Merga kluwen,mek ngenteni kekarene pangan sing dibuak wong sugeh mau.Apamaneh, awak'e wes borok'en kabeh terus kirik-kirik gelek tekandilati borok'e."22 "Maringono Lasarus mati. Sukmane dijupuk nang malaekat-

malaekat terus digawa nang swarga. Ning kono lungguh ningparek'e Mbah-buyut Abraham."23 "Orak kosi suwe, wong sugeh mau mati pisan, dikubur, terus

mlebu nang neraka. Ning neraka, wong sugeh mau kesiksa

Page 80: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

80temenan. Pas mandeng nang nduwuran, wong sugeh iku nguasenLasarus lungguh ning parek'e Mbah-buyut Abraham."24 "Maringono wong sugeh iku guneman, 'Mbah Abraham,

mesak'na reang iki! Reang klaran temenan ning geni iki. KongkonenLasarus iku ngeclupen jerijine nang banyu terus kongkonen ndelehning ilate reang.'"25 "Tapikne Abraham guneman, 'Le, ilinga. Pas ana ning ndunya,

sira wes oleh peparan sing apik, tapi Lasarus oleh sing elek.Dadi sak'iki Lasarus seneng, tapikne sira oleh klaran temenan.26Apamaneh, antarane wong kene karo sira ana jurang sing orakbisa diliwati. Dadi sapa wae sing teka kono kepengen rene orak bisa,sing rene kate rono orak bisa nyabrang.'"27 "Wong sugeh iku mau njawab, 'Nek ngono, reang njaluk nang

rika, kongkonen Lasarus iku tangi teka pati terus mbalik nangomahe bapakne reang. 28Ning kono reang gek ana dulur lanangsak'weteng kabehe lima. Kongkonen Lasarus nuturi dulur-dulurereang cekne mbesok orak mlebu nang enggon siksaan iki.'"29 "Tapikne Abraham nyauri, 'Dulur-dulure sira wes duwe Kitabe

Nabi Musa karo kitabe nabi-nabi liyane. Kepe wae dulure sira manutnang kitab-kitab iku.'"30 "Wong sugeh iku guneman maneh, 'Mbah Abraham, nurut

reang, kitab-kitab iku orak cukup. Tapi nek'e dituturi nang wongmati sing urip maneh, dulure reang bakale tobat teka dosa-dosane.'"31 "Tapikne Abraham guneman, 'Nek dulur-dulure sira orak

nggatek'en prentahe Nabi Musa karo nabi-nabi liyane, ya mestineorak bakale percaya masia ana wong mati sing tangi teka pati.'"

Ajo ngguda, tapi sepuranen17:1-4

171Maringono Yesus guneman nang murit-murite, "Mestinebakale ana akeh guda sing njalaren wong gawe dosa. Tapikne

blai'a wong sing njalaren wong liya gawe dosa. 2Ajo sampek anawong sing njalaren salah sijine murite reang sing orak kuat imane,sampek gawe dosa. Nek nglakoni ngono, luweh apik wong ikudikalungi lumpang watu, terus dicemplungen ning njero segara.3Merga iku, sira kudu sing ati-ati.""Nek'e ana murit sing gawe salah nang sira, tuturana cek'ne weroh

salahe. Nek murit iku njaluk sepura nang sira, sepuranen wong iku.4Nek wong iku gawe salah nang sira sedina ping pitu, terus njaluksepura saben nggawe salah, sira kudu nyepura wong iku."

Page 81: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

81

Yesus karo wong 10 sing lara kusta

Yakin karo manut nang Yesus17:5-10

5Maringono utusan-utusan iku pada guneman nang Gusti Yesus,"Gusti, tulungen reang kepe bisa luweh yakin nang kuasane rika."6Gusti Yesus njawab, "Nek keyakinane sira nang kuasane reang

mek sak'gedene wijine sesawi, sira bisa ngongkon wit sing gedeiki, 'Ngalih'a nang segara terus mancep'a ning kono.' Mesti wit ikubakale manut nang sira merga sira manut nang reang. 7Nanakjeragan sing ngongkon koline, 'Hage, ndang mangana!,' masiakoline gek payah merga entas moleh teka gaga, utawa teka angonwedus. 8Tapikne jeragane bakale ngongkon, 'Salina dikek, tataknamangan, terus ladenana reang sampek mari mangan. Sak'marineiku sira oleh mangan.' 9Apamaneh, jeragan iku orak kira nedannerima nang koline, merga kabeh iku wes dadi kewajibane koli iku.10Ya ngono pisan, ajo gendak nek'e sira wes nglakoni sing wesdikongkonen. Tapikne sira kudu guneman, 'Reang iki mek koli wae.Reang mek nglakoni paran sing dadi kewajibane reang.'"

Yesus marasen wong 10 sing lara kusta17:11-19

11Pas nerusen lakune nang kota Yerusalem, Yesus ngliwatiwangkite wilayah Samaria karo Galilea. 12Pas mlebu nang salahsijine desa ana wong 10 sing lara kusta nekani Yesus. Wong 10iku ngadek teka adohmerga dianggep najis. 13Wong-wong ikupepelung, "Yesus, Gusti, mesak'na reang kabeh!"

Page 82: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

8214Pas mandeng wong-wong iku, Yesus guneman, "Ya wes, budala

ambek dudohna awak'e sira nang pengarep-pengarepe sembayangkepe orak dianggep najis maneh." Pas budal, wong-wong sing larakusta iku dadi waras.15Terus salah sijine wong sing wes waras iku mau, mbalik

nang Yesus ambek memuji Pengeran nggawe suara sing banter.16Maringono wong iku sujud ning ngarepe Yesus ambek ngucapennedan nerimane merga wes diwarasen. Wong iku dhuduk tekasuku Ibrani tapikne teka suku Samaria. 17Terus Yesus takon nangwong iku, "Maune rak ana wong 10 sing diwarasen. Sing sanganang endi? 18Ngapa kok mek wong Samaria iki sing nedan nerimanang Pengeran? Wong Ibrani sing wes waras kok orak mrene?"19Maringono Yesus guneman maneh nang wong Samaria iku,"Tangia terus budala. Sira waras merga percaya nang reang."

Kapan Rajane Menungsa bakale teka maneh?17:20-37

20Maringono ana wong-wong teka golongane Farisi sing takonnang Yesus, "Kapan Kerajaan sing dijanjek'en Pengeran teka nangndunya?"Yesus njawab, "Tekane Kerajaane Pengeran iku orak ngliwati

tetenger sing katok mata. 21Dadi nanak wong sing bisa guneman,'Delengen! Kerajaane Pengeran ana ning kene!,' utawa 'Ana ningkono!', merga enggone Kerajaane Pengeran ana ning atine wong."22Marine iku Yesus guneman nang murit-murite ngene, "Bakale

teka dinane sing nggawe sara, sampek sira kangen ndeleng RajaneMenungsa iki maneh. Tapi, sira bakale orak ndeleng reang sampekwayah sing ditentok'en. 23Terus wong-wong liya bakal gunemannang sira, 'Delengen ning kono, Rajane Menungsa wes teka.'Utawa, 'Delengen ning kene! Ikilo Rajane ndunya.' Tapikne siraajo budal nggolek'i mrana-mrene merga tekane reang manehpas kiamat, bakal katok kabeh wong. 24Merga entah murupekilat sing slamberan sampek ngebek'i langit, ya ngono pisan dinatekane Rajane Menungsa. 25Tapikne sak'durunge teka maneh,reang bakale disiksa nemen nang wong-wong jaman iki sing nolakreang."26 "Dina tekane Rajane Menungsa iku memper jamane Nabi Nuh

biyen. 27Pas iku wong-wong mek mangan-manganan, ngombe-ngombenan, rabi ya dirabek'en kaya biasae sampek banjir gedeteka. Pas iku Nuh sak'keluargane mlebu nang njero prau gede iku.Maringono, mara-mara banjir gede iku teka sampek wong-wongkabeh sing orak mlebu prau iku pada mati."

Page 83: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

8328 "Kedadean iku ya memper jamane Pak Lot.r Pas iku wong-wong

mek mangan karo ngombe, tuku karo dodol, nandur karo mbangunkaya biasae. 29Tapikne, sak'marine Lot sak'keluargane metu tekakota Sodom iku, ana udan geni karo udan welirang teka swarga singmateni kabeh wong ning kota iku."30 "Ya ngono pisan kedadean ning ndunya pas tekane reang,

Rajane Menungsa. 31Sapa wae sing pas iku gek ana ning njabaneomah, ajo mbalik njupuk barange sing ana ning njero omah. Yangono pisan sapa wae sing gek ana ning gaga ajo moleh nangomahe. 32 Ilinga bojone Lot biyen iku!s 33Sapa wae sing ngebotenuripe bakale kilangan uripe. Tapikne sapa wae sing kilangan uripening ndunya, merga melu reang, bakale duweni urip sing langgeng."34 "Rungokna! Bengine pas reang teka maneh, bakal ana wong

loro sing turu ning lincak. Pas iku sing siji bakale digawa, tapiknesing sijine ditinggal. 35Bakal ana wong wedhok loro sing pas ikugek mbebek terigu. Sing siji bakale digawa terus sijine ditinggal.36 [Bakal ana wong loro sing pas iku nyambut gawe ning gaga. Singsiji bakale digawa terus sijine ditinggal."]37Maringono murit-murite takon nang Yesus, "Gusti, kedadean iku

bakale ana ning endi?"Yesus nyauri, "Memper manuk gagak sing bisa weroh enggone

mayet, kabeh wong bakale weroh kedadean iku."

Paribasane hakim karo randa18:1-8

181Sak'wise iku Yesus mulang gawe paribasan cekne murit-murite tetep madep mantep ndedunga karo ajo ngersula.

2Paribasane ngene, "Ning salah sijine kota ana hakim sing orakwedhi nang Pengeran karo orak ngajeni sapa wae. 3Terus ana salahsijine wong wedhok sing dadi randa merga bojone wes mati. Randaiku bulak-balek teka nang hakim iku ambek guneman, 'Belananaesun teka musuhe esun.'"4 "Sak'wene iku hakim mau orak gelem ngrewangi. Tapikne

maringono hakim iku mikir ning jero atine ngene, 'Masia reang orakwedhi nang Pengeran karo orak ngajeni sapa wae, 5 tapikne luwehapik nek randa iku tak tulung wae. Nek orak tak tulung, randa ikubakal terus-terusan nyusahen reang.'"

r17.28 Lot iku ponak'ane Mbah-buyut Abraham biyen. Lot manggon ning kotajahat sing dijenengi Sodom.s17.32 Bojone Lot maleh dadi patung uyah merga ngeboten dunyane singditinggalen ning kota Sodom. (Kitab Kejadian 19:26)

Page 84: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

846Maringono Gusti Yesus nerusen gunemane, "Rungokna! Ahire

randa iku dibelani merga mbolak-mbalik njaluk tulung nang hakimsing orak adil iku. 7Nek hakim sing orak adil iku bisa nglakoningono, apamaneh Pengeran mesti ndang mbelani nang umate singndedunga awan karo bengi? Apa Pengeran bakal kesuwen mbelaniumate? 8Rungokna! Pengeran mesti orak kesuwen gawe adil nangumate! Tapikne, pas Rajane Menungsa teka maneh, apa bakale anawong sing gek percaya ning ndunya?"

Paribasane wong Farisi karo tukang narik pajek18:9-14

9Yesus nyampek'en paribasan nang wong-wong sing nganggepawak'e dewe bener, terus seneng ngremehen wong liya. Paribasanengene, 10 "Ana wong loro sing kate ndedunga ning OmahePengeran. Sing siji, wong Farisi.t Sing sijine maneh tukang narikpajek.u 11Wong Farisi iku ngadek dewean ambek ndedunga ningnjero atine ngene, 'Ya Pengeran, reang matur kesuwun nang rikamerga reang orak pada karo wong liya. Reang dhuduk rampok,dhuduk tukang goroh, orak tau jinah karo maneh orak ngepek batimemper tukang narik pajek iku. 12Reang pasa seminggu ping pindoterus nggenei sepersepuluh teka asile penggaweane reang nangrika, ya Pengeran.'"13 "Tapikne, tukang narik pajek mau ngadek radhak adoh terus

orak wani ndangak nang langit merga getun dadi wong dosa. Wongiku guneman, 'Duh Pengeran mesakna reang, wong sing dosa iki.'"14Maringono Yesus guneman, "Rungokna! Tukang narik pajek iku

moleh dadi wong sing disepura Pengeran, tapi sing wong Farisi orak.Merga sapa wae sing gemede, wong iku bakale diremehen. Tapikne,sapa wae sing andap asor, wong iku bakale kejunjung duwur."

Yesus mberkahi lare-lare cilik18:15-17

15Ning wayah liya wong-wong akeh nggawa lare-lare cilik nangngarepe Yesus. Yesus dijaluk'i nyandak pundak'e lare-lare ikucekne diberkahi. Pas dideleng murit-murite Yesus, wong-wong ikudipenggak ya dilok'en. 16Tapi Yesus tetep ngongkon lare-lare ikudigawa marek. Terus guneman nang murit-murite ngene, "Kepe

t18.10Wong Farisi: golongane wong sing sregep nglakoni adat sing digawewong Ibrani karo kabeh aturane Kitab Suci. Delengen ning kamus.u18.10 Wong tukang narik pajek: Pas jaman iku, kabeh wong singtukang narik pajek dianggep jahat merga biasae njupuk picise wong luweh tekasing wes ditentok'en.

Page 85: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

85wae lare iku digawa mrene. Ajo dialang-alangi merga lare-lare cilikiki nggambaren wong-wong sing dadi wargane Kerajaane Pengeran.17Rungokna! Sapa wae sing orak manut nang aturane KerajaanePengeran entah lare cilik, wong iku orak bisa dadi wargane kerajaaniku."

Wong sugeh sing ewoh melu Yesus18:18-30

18Ana penggede sing takon nang Yesus ngene, "Guru sing apik,paran sing kudu tak lakoni cekne oleh urip sing langgeng?"19Yesus njawab, "Ngapa kok sira nyeluk reang apik? Nanak sing

apik sak'liyane Pengeran dewe. 20Sira mestine wes weroh prentah-prentahe Pengeran ning Kitab Suci:

'Ajo jinah, ajo mateni, ajo nyolong, ajo goroh,terus ajenana bapak-makne sira.'"

21Penggede iku njawab, "Kabeh iku wes tak lakoni molai gek enombiyen."22Sak'marine ngrungok'en guneme wong iku, Yesus guneman,

"Ana siji maneh sing kudu sira lakoni: dolen kabeh keduwenane siraterus genehna asile nang wong-wong sing orak duwe. Nek nglakoningono sira bakale oleh ganjaran gede ning swarga. Maringono,melua reang."23Ngrungok'en guneme Yesus, penggede sing sugeh iku dadi

sedih merga dikongkon ngedol kabeh keduwenane. 24Yesusmandeng penggede iku ambek guneman, "Pancen ewoh temenannek wong sugeh dadi wargane Kerajaane Pengeran. 25Luweh

Page 86: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

86

Unta

gampang unta mlebu ning bolongane dom ketimbang salah sijinewong sugeh dadi wargane Kerajaane Pengeran."26Sing ngrungok'en iku takon nang Yesus, "Kok ewoh temenan

wong bisa diselameten!"27Yesus nyauri, "Paran sing orak kira dilakoni menungsa, bisa

dilakoni Pengeran."28Terus murite Yesus sing jenenge Petrus guneman, "Delengen!

Paran sing dadi keduwenane reang, wes tak tinggal, terus melurika."29Yesus guneman ngene, "Rungokna! Sapa wae sing ninggalen

keduwenane, omahe, bojone, dulure, bapak-makne, utawa anak'e,merga kepengen manut nang aturane Kerajaane Pengeran, 30wongiku bakale nerima ganjaran sing luweh gede teka iku kabeh ningjaman iki. Apamaneh, mbesok bakale urip langgeng ning swarga."

Ping telune Yesus ngramal patine18:31-34

31Yesus nglumpuk'en 12 murite sing raket terus guneman,"Sak'iki awak'e dewe kate budal nang Yerusalem merga paran singwes ditulis nang nabi-nabi biyen soal Rajane Menungsa, bakalekedadean. 32Reang kate dipasrahen nang wong-wong sing dhudukIbrani, kate diolok-olok, dinyek, karo diidoni. 33Wong-wong ikubakale nandangi nemen terus mateni reang. Masia ngono, pastelung dinane Rajane Menungsa iki bakale tangi teka pati." 34Tapi 12murit iku orak ngerti paran maksute gunemane Yesus mau. Tegeseguneme iku disingeten cekne murite pada orak ngerteni.

Page 87: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

87

Yesus marasen wong picek18:35-43

35Pas Yesus wes parek ning kota Yeriko ana wong picek singlungguh ning pinggire dalan ambek ngemis. 36Sita krungu ana wongakeh liwat nang ngarepane, wong picek iku takon, "Kok rame? Anaparan iku?"37Ana sing njawab, "Yesus teka desa Nasaret gek entas liwat."38Maringono wong picek iku memelung, "Yesus, Yesus, Raja sing

dijanjek'en Pengeran teka turunane Raja Daud biyen, mesak'nareang iki!"39Wong-wong sing ana ning ngarepan pada ngongkon wong picek

iku meneng. Tapikne wong picek iku tambah memelung banter,"Yesus, Yesus, turunane Raja Daud, mesak'na reang iki!"40Maringono Yesus mandeg teka lakune terus ngongkon gawa

wong picek mau nang ngarepe. Pas wong picek iku wes parek, Yesustakon, 41 "Paran sing sira jaluk teka reang?"Wong iku njawab, "Gusti, reang kepengen ndeleng."42Yesus guneman, "Dadia wong sing bisa ndeleng! Sira waras

merga percaya nang reang."43Sekala iku wong picek maumemara bisa ndeleng terus ngetuten

Yesus ambek nedan nerima nang Pengeran. Pas nguasen kedadeaniku, kabeh wong pada muji nang Pengeran pisan.

Wong srakah sing tobat19:1-10

191Maringono Yesus njebul nang kota Yeriko, tapi kepengenngliwati wae. 2Ning kota iku ana wong sing jenenge Pak

Sakeus. Sakeus iku sugeh merga dadi pemimpine tukang narikpajek. 3Sakeus kepengen ndeleng sapa sak'temene Yesus iku tapirepot merga ana wong akeh ning kono, terus awak'e endek.4Mangkane Sakeus mlayu ndikik'i, terus menek kayu, cekne bisa

ndeleng Yesus sing kate liwat ning kono. 5Pas teka ning kayu sing

Page 88: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

88

Yesus masen nang nduwuran

dipenek Sakeus iku, Yesus masen nang nduwuran ambek guneman,"Sakeus hage muduna! Reang kate nginep ning omahe sira."6Saking senenge, Sakeus langsungmudun teka kayu terus nerima

Yesus nang omahe. 7Kabeh wong sing ndeleng kedadean iku padagedumel ngene, "Njare sih, kok Yesus gelem mampir nang omahewong sing dosa iku."8Tapikne Sakeus ngadek ambek guneman nang Gusti Yesus,

"Gusti, separohe dunyane reang kate tak genehen nang wong singorak duwe. Terus nek'e tau ana wong sing tak peres, picise bakaletak lironi ping papate teka maune."

Page 89: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

899Maringono Yesus guneman nang Sakeus, "Dina iki Sakeus

sak'keluargane wes dislameten. Wong iki pantes diselameten mergagek turunane Abraham.v 10Pancen reang, Rajane Menungsa, tekanang ndunya kanggo nggolek'i ambek nyelameten wong-wong singnyasar."

Paribasane penggede sing didadek'en raja19:11-27

11Sak'wene iku akeh wong gek ngrungok'en gunemane Yesus. Pasiku Yesus ana ning parek'e kota Yerusalem. Kota iku biyen pusatkerajaane wong Ibrani. Mangkane wong-wong ndarak'en nek'eKerajaan langgeng sing dijanjek'en Pengeran kate dinyatak'en.12Dadi Yesus mulang nggawe paribasan ngene, "Ana turunane rajasing kate mrentah bangsane dewe. Penggede iku budal nang negarasing adoh cekne didadek'en raja, terus moleh."13 "Na, sak'durunge budal, penggede mau nyeluk abdi-abdine

sing kabehe 10, terus guneman, 'Sak'wene reang budal, nggonenpeces iki gawe dagang.' Maringono abdi-abdi iku disilih'i peces singgedene penggawean telung wulan."14 "Na, warga kono orak seneng nang penggede mau. Dadi

sak'marine budal, penggede iku ditututi wong-wong teka bangsane.Wong-wong iku njaluk nang penguasane enggon adoh iku ngene,'Penggede iku ajo didadek'en rajane bangsane reang.'"15 "Masia ngono penggede iku tetep didadek'en raja, terus mbalik

maneh nang bangsane dewe. Ning kono penggede iku nyeluk abdi-abdine merga kepengen weroh pira batine teka dagange dewe-dewe."16 "Abdi sing nomer siji teka terus guneman, 'Peces sing rika

genehen iku wes tak kembangen dadi ping 10 teka maune.'"17 "Terus penggede iku guneman nang abdi iku, 'Sira iku abdi sing

apik! Sira wes kenek dipercaya nglakok'en barang cilik. Mangkanesira bakale tak dadek'en penguasane 10 kota.'"18 "Maringono abdi sing nomer loro teka terus guneman, 'Peces

sing rika genehen iku wes tak kembangen dadi ping lima tekamaune.'"19 "Penggede mau guneman nang abdi iku, 'Sira bakale tak

dadek'en penguasane limang kota.'"20 "Maringono abdi sing nomer telu teka terus guneman, 'Ikilo,

picise sing tau rika genehen. Peces iku tak simpen ning saputangane. 21Reang wedhi nang rika merga rika iku wong sing kaku.v19.9 Turunane Abraham: Pengeran tau njanji nang Abraham, yaikumbah-buyute wong Ibrani, nek kabeh turunane bakal diberkahi.

Page 90: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

90Rika biasae njupuk paran sing dhuduk duwek'e rika, terus manentanduran sing orak tau rika panja.'"22 "Terus penggede iku guneman, 'Sira iki abdi sing jahat! Merga

sira ndarak'en reang wong sing kaku, sira bakale diukum gawecara sing kasar. Nek sira ndarak'en reang bisa njupuk paran singdhuduk duwek'e reang, terus manen tanduran sing orak tau takpanja, 23ngapa sira kok orak ngembangen picise reang nang wongsing pinter dagang? Nek ngono, pas reang mbalik, peces sing takgenehen iku bisa dibalek'en sak'bungane.'"24 "Maringono penggede iku guneman nang kongkonane sing ana

ning kono ngene, 'Jupuk'en peces teka abdi iki terus genehna nangabdi nomer siji sing wes bisa ngembangen ping 10 iku.'"25 "Tapikne kongkonane iku guneman, 'Ajo Pak, iku orak adil,

merga abdi iku wes duwe peces 10 lipet teka maune.'"26 "Tapi penggede iku guneman, 'Rungokna! Abdi-abdi sing duwe

bati bakale tak tambahi luweh akeh maneh. Tapikne abdi-abdi singorak duwe bati, paran wae sing ana bakale tak jupuk. 27Terus,sak'iki gawanen rene musuh-musuh sing orak gelem reang dadirajane. Patenana wong-wong iku kabeh ning ngarepe reang.'"

Yesus disanjung pas marek'i kota Yerusalem19:28-40

28Sak'marine guneman ngono, Yesus karo murit-murite budalnang kota Yerusalem. 29Pas parek'e desa Betfage karo kampungBetania, yaiku ning Pusung Saitun, Yesus ngongkon murite lorongene, 30 "Budala dikek nang kampung sing ana ning ngarepan iku.Ning kono sira bakale nyampui kelede enom sing gek durung tauditunggangi wong. Culna kelede iku terus gawanen rene. 31Nek'eana wong sing takon, 'Ngapa kok kelede iku diculen?' semaura,'Gusti mbutuhen kelede iki.'"32Marine ngono wong loro iku budal terus nyampui kelede sing

persis gunemane Yesus iku mau. 33Pas ngeculen kelede iku, singduwe guneman, "Lo, ngapa kok kelede iku diculen?"34Wong loro iku njawab, "Gusti mbutuhen kelede iki."35Sak'wise kelede mau digawa nang Yesus, wong loro iku ndeleh

klambine ning gegere kelede cekne digawe lemek. Marine ikungrewangi Yesus munggah nang nduwure kelede. 36Pas Yesus geknunggang kelede mau wong-wong pada mbeber klambine ning

Page 91: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

91

Yesus munggah kelede

tengahe dalan cekne diliwati Yesus. Wong-wong iku nglakoni ngonomerga nganggep Yesus iku raja sing kudu dianjeni.37Wektu Yesus wes parek kota Yerusalem, yaiku ning dalan misor

teka Pusung Saitun, kabeh murit-murite sing akeh iku pada mujinang Pengeran nggawe suara sing banter, merga wes ndelengmujijat-mujijat sing akeh. 38Wong-wong iku pada guneman banter,

"Bungah temen Raja Pilihane Pengeran.Ayem tentrem ning swarga,ya Sing Maha Duwur diajeni."

39Ning kono ana wong Farisi sing pada guneman nang Yesus,"Guru, kongkonen murit-murite rika meneng."40Yesus guneman ngene, "Rungokna! Nek wong-wong iku

meneng, watu-watu iki bakale memelung muji nang Pengeran."

Kota Yerusalem ditangisi Yesus19:41-44

41Sita Yesus wes parek nang Yerusalem, Yesus ndeleng kotaiku ambek nangisi. 42Terus Yesus guneman, "Mesak'en temenan

Page 92: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

92wargane kota Yerusalem iki. Luweh apik nek dina iki sira kabehnerima reang dadi rajane sira cekne oleh ayem tentrem. Tapiknerahasia iku wes disingeten teka sira. 43Bakale teka dinane musuh-musuhe sira ngubengi kota iki ambek jebakan nang pinggirecekne nanak sing bisa metu. 44Musuh-musuh iku bakale mateniakeh wargane kota iki, terus bakale orak ngarek'en siji watu pasngrubuhen kabeh tembok kota. Kabeh iku bakal kedadean mergasira orak nggatek'en wayah tekane pitulungan teka Pengeran."

Yesus nundung wong-wong teka Omahe Pengeran19:45-48

45Maringono Yesus teka nang Omahe Pengeran, Terus Yesusnundung kabeh wong sing dodolan ning latare Omahe Pengeran.46Yesus guneman, "Ana unine Kitab Suci ngene:

Page 93: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

93

Yesus nundung wong teka Omahe Pengeran

'Omahe Pengeran iku omah kanggo ndedunga.'Tapikne malah sira dadek'en enggone rampok."47Saben dina Yesus mulang ning latare Omahe Pengeran. Tapi,

pengarep-pengarepe sembayang karo guru-guru Kitab Suci ambekpemimpin-pemimpine wong Ibrani pada usaha mateni Yesus.48Masia ngono, wong-wong iku orak nemok'en carane nyekel Yesusmerga kabeh wong seneng temenan nang Yesus, ya kepengenngrungok'en gunemane.

Tetakonan soal kuasane Yesus20:1-8

201Ning salah sijine dina Yesus mulang nang wong akeh ambeknyampek'en kabar apik ning latare Omahe Pengeran. Ning

kono ana pepirang ketuane pengarepe sembayang, guru Kitab Suci,karo tetuwek'ane wong Ibrani sing pada teka. 2Wong-wong iku

Page 94: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

94takon nang Yesus, "Rika duwe kuasa teka endi? Sapa sing nggeneikuasa iki nang rika?"3Yesus njawab, "Reang ya kate takon nang sira kabeh: 4Pas Nabi

Yohanes mbaptis wong sing kepengen tobat, apa Yohanes nggawekuasane Pengeran utawa kuasane menungsa?"5Wong-wong iku pada rundingan terus guneman nang kancane,

"Nek'e njawab, 'Yohanes iku nggawe kuasane Pengeran,' Yesusbakale takon, 'Ngapa sira kok orak percaya nang Yohanes?' 6Tapinek'e njawab 'Yohanes iku nggawe kuasane menungsa,' kene kabehbakal diantemi watu, merga kabeh warga iku wes percaya Yohanesiku nabi." 7Ahire wong-wong iku njawab, "Kene orak ngerti kuasaneYohanes teka endi."8Dadi Yesus guneman nang wong-wong iku, "Nek'e ngono, reang

ya orak nggenei weroh nang sira, teka endi kuasa sing tak gawekanggo nglakoni kabeh iku."

Paribasane gaga sing diparok'en20:9-18

9Maringono Yesus nyampek'en paribasan ngene, "Ana wongsing manja wit-witan anggur ning gagane. Terus sing duwe gagaiku marok'en tandurane nang wong-wong sing gelem nggarap.Maringono sing duwe gaga budal terus manggon suwe ningenggon liya sing adoh. 10Pas wayahe panen, sing duwe gagangongkon koline nang wong-wong sing nggarap gagane, ceknedigenei separoh asile. Tapi koline iku digepuk'i nang wong-wongsing nggarap. Terus dikongkon moleh, tapi orak digenei peparan.11Sak'wise iku sing duwe gaga ngongkon koli liyane maneh. Koli ikudigepuk'i, dinyek terus dikongkon moleh, tapi orak digenei peparan.12Marine ngono ping telune sing duwe gaga ngongkon koli liyane.Tapi koli iku dicatoni terus diuncalen nang njabane gaga iku."13 "Ahire sing duwe gaga guneman ning njero atine ngene, 'Paran

sing kudu tak lakoni maneh? Reang kate ngongkon anak'e reangsing tak tresnani. Wong-wong sing nggarap mesti ngajeni anak'ereang.'"14 "Tapikne pas ndeleng anak'e sing duwe gaga teka, wong-wong

sing nggarap guneman nang kancane, 'Iki lare sing bakale olehwarisan. Ayo dipateni wae, cekne bisa oleh warisane.' 15Maringono

Page 95: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

95

Anak'e dipateni

anak'e sing duwe gaga iku diuncalen metu teka gagane terusdipateni."Terus Yesus takon, "Paran sing bakale dilakoni sing duwe gaga

nang wong-wong sing nggarap iku? 16Sing duwe gaga bakale teka,terus mateni wong-wong sing nggarap iku. Maringono gaga ikubakal digenehen nang wong-wong liya."Terus sing ngrungok'en iku guneman, "Kedadean kaya ngono ajo

sampek kelakon!"

Page 96: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

9617Tapikne Yesus masen nang wong-wong iku ambek guneman,

"Nek sira orak kepengen iku kelakon, ngapa kok ana tulisan ningKitab Suci sing unine ngene:

'Ana watu sing dibuak nang tukang-tukang bangunan,Tibak'e watu iku sing dadi pondasine omah.'

18Sapa sing rutuh nang watu iku bakale ajur, terus sapa singketiban watu iku bakale ajur nemen."

Yesus dijebak gawe tetakonan20:19-40

19Guru-guru Kitab Suci karo ketua-ketuane pengarepesembayang weroh nek'e paribasan mau ditujok'en nang awak'e.Mangkane wong-wong mau pada usaha cekne bisa nyekel Yesus,tapikne orak bisa merga wedhi nang wong akeh. 20Terus padangawasi Yesus ambek ngongkon mata-mata cekne njebak Yesus.Mata-mata iku dikongkon etok-etok jujur tapi gawe tetakonan singewoh. Nek semaure Yesus salah, bisa dipasrahen nang kuasanegubernur. 21Mata-mata iku mau guneman nang Yesus, "Guru,wong kene weroh nek'e kabeh gunemane karo wuruk'ane rika ikubener. Apamaneh rika iku orak mbedak-mbedak'en wong, tapiknemulang dalane Pengeran sing temenan. 22Na, nurut rika, apa wongIbrani kudu mbayar pajek utawa orak nang Raja Gede Roma?"w23Yesus weroh nek kate dijebak, terus guneman, 24 "Tulung

dudohna nang reang peces dinar bangsa Roma. Ning kono anagambar karo jenenge sapa?"Wong-wong iku njawab, "Iki gambar karo jenenge Raja Gede

Roma."25 "Nek ngono," semaure Yesus, "genehana nang Raja Gede Roma

paran sing dadi duwek'e Raja Gede Roma, terus genehana nangPengeran paran sing dadi duwek'e Pengeran."26Tibak'e wong-wong iku orak bisa nemok'en sesijia gunemane

Yesus sing salah ning ngarepe wong akeh. Kabeh wong gawok nanggunemane Yesus terus dadi meneng.27Marine iku ana wong-wong golongane Saduki teka nang Yesus.

Na, wong Saduki iku orak percaya nek'e kabeh wong sing matibakale urip maneh.Wong-wong iku kepengen ngalahen Yesus, terusnjajal Yesus ngene, 28 "Guru, Nabi Musa wes nulis ning Kitab Sucingene,

w20.22Raja Gede Roma ngongkon saben bangsa sing dijajah kudu mbayarpajek. Wong Ibrani sing manut nang aturane agama orak seneng mbayar pajeknang Raja Gede Roma. Jarene, 'Nanak raja sak'liyane Pengeran dewe.'

Page 97: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

97

'Nek'e ana wong sing mati,terus sing wedhok gek durung duwe anak,

dulur lanange sing mati ikukudu rabi karo wong wedhok mau,cekne sing mati duwe turunan.'"

29Wong Saduki nerusen gunemane, "Tau ana wong sing duweanak lanang, kabehe pitu. Sing nomer siji rabi terus mati, tapiorak duwe anak. 30Terus sing nomer loro rabi karo lanjar iku tapimati pisan sak'durunge duwe anak. 31Maringono sing nomer telusampek sing nomer pitu rabi karo lanjar mau tapi mati pisan. Masiangono, nanak sesijia sing duwe anak. 32Ahire wong lanjar maumati pisan. 33Mbesok sak'marine kiamat, nek kabeh wong diuripenmaneh nurut kepercayaane rika, sapa ning antarane wong lanangpitu iku sing dianggep bojone lanjar iku?"34Yesus njawab, "Wong sing urip ning ndunya biasae rabi ya

dirabek'en. 35Tapikne ning swarga orak ngono. Wong-wong singdianggep pantes bakale diuripen Pengeran ya bakale mlebu nangswarga. Ning kono nanak sing rabi utawa dirabek'en, 36mergawong sing urip ning swarga iku memper malaekat sing orak bisamati. Wong-wong iku dadi anak-anak'e Pengeran merga awak'e wesdiuripen maneh teka pati."37 "Nabi Musa biyen tau nulis ning njerone Kitab Suci nek'e wong

mati bakale diuripen maneh. Pas ndeleng wit sing murup tapi orakkobong, Musa nyeluk Pengeran ngene:

'O Pengerane Abraham,Ishak karo Yakub.'"

Masia mbah-buyute wong Ibrani mau wes mati sak'durungeNabi Musa, tapi wong-wong iku gek urip ning ngarepe Pengeran.38Pengeran iku dhuduk Pengerane wong sing mati, tapikne wongsing urip. Merga ning ngarepe Pengeran wong-wong iku mau uripsak'lelawase."39Na, ning kono pisan ana pepirang guru Kitab Suci. Wong-wong

iku percaya kabeh wong sing mati bakal tangi teka pati. Wong-wong iku guneman nang Yesus, "Guru, gunemane rika iku benertemenan." 40Terus wong-wong iku orak wani njajal Yesus maneh.

Page 98: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

98

Ngapa kok Raja Daud nyembah nang anak'e?20:41-44

41Maringono Yesus guneman maneh nang wong-wong iku ngene,"Njare kok wong-wong bisa mikir nek'e Raja Pilihane Pengeran ikuturunane Raja Daud biyen?" 42Raja Daud tau nulis ning Kitab SuciMasmur ngene:

'Gusti Pengeran wes guneman nang Gustine reang ngene,"Lungguha ning sisih tengene Reang,

43 sampek Reang ndeleh musuh-musuhe Siraning isore sikile Sira."'

44 "Nek'e Daud nyeluk Raja iku 'Gusti,' njare kok bisa daditurunane Daud? Apa Gustine Daud bisa dadi turunane Daud?"

Yesus nyalahen guru-guru Kitab Suci20:45-47

45Pas iku akeh wong gek ngrungok'en Yesus. Terus Yesusguneman nang murit-murite ngene, 46 "Sira kudu sing ati-ati nangguru-guru Kitab Suci. Merga wong-wong iku seneng nggawe jubahsing apik cekne ndudohen jabatane, terus kepengen diajeni ningpasar-pasar. Wong-wong iku seneng lungguh ning ngarepan pasana ning balai agama utawa ning slametan. 47Apamaneh dunganeguru-guru Kitab Suci mestine suwe cekne disangka wong sing suci.Tapi wong-wong iku seneng ngrampas omahe randa-randa. Wong-wong memper iku bakale nerima paukuman sing abot temenan."

Randa mlarat sing nggewei akeh21:1-4

211Ning latare Omahe Pengeran, Yesus nguasen wong-wongsugeh sing nglebok'en peces ning wadah kotak kanggo

digewei nang Pengeran. 2Yesus ya nguasen salah sijine randamlarat sing pegat pati. Randa iku mek nglebok'en rong peceslogam sing paling cilik. 3Maringono Yesus guneman, "Rungokna!Randa mlarat iku sing paling akeh nggenei timbangane kabeh wongliyane. 4Ngapa kok ngono? Merga wong-wong iku kabeh nggenei

Page 99: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

99

Yesus masen wong sing nggenei peces nang Pengeran

teka dunyane sing akeh, tapikne randa mlarat iku nggenei kabehkeduwenane nang Pengeran."

Page 100: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

100

Kedadean-kedadean sing bakale kelakon21:5-26

5Maringono ana wong-wong sing pada guneman soal OmahePengeran sing lenah temenan. Omah iku wes diapik'i ambekwewatunan sing larang karo barang-barang liyane singdipersembahen nang Pengeran. Pas ndeleng iku Yesus guneman,6 "Kabeh sing sira deleng iki mbesok bakale dirubuhen. Nanaksesijia watu iku sing bakale dijaren ngadek ning enggone."7Maringono murit-murite takon nang Yesus, "Guru kapan

iku bakale kedadean? Terus paran tengere nek'e wes wayahekedadean?"8Yesus guneman, "Sira kudu awas cekne orak digorohi, merga

akeh wong kate nggawe jenenge reang ngene, 'Reang iki Raja singdijanjek'en Pengeran!' karo 'Kiamate wes parek.' Ajo melu wong-wong iku. 9Ajo wedhi masia sira krungu kabare perang utawa akehwong sing brontak. Kabeh iku kudu kedadean dikek, tapikne iku gekdurung kiamat."10Yesus nerusen gunemane, "Rakyat kate nglawan rakyat, ya

negara kate nglawan negara. 11Ning pepirang panggonan kate analindu gede. Akeh wong kate nularen lara, terus kate ana laib gedesampek nanak pangan. Kate ana pisan tetenger sing gaib ningawang-awang sampek akeh wong pada wedhi."12 "Tapikne sak'durunge kabeh iku kelakon, sira bakale dicekel

terus disiksa. Sira bakale diadili ning balai-balai agama, ambekbui-bui. Sira ya bakale diserahen pisan nang ngarepe penggede-penggede karo raja-raja merga melu reang. 13Masia ngono, kabehiku bakale dadi wayah sing tepak kanggo nyampek'en kabar apiksing wes sira weruhi. 14Pas diadili, sira orak usah mikiren njarecarane mbelani awak'e sira dewe. 15Merga reang dewe sing bakalenggenei kata-kata ning atine sira, cekne nanak musuh sing bisanglawan utawa mbantah nang gunemane sira."16 "Bapak-makne, ya dulur karo kancane bakale nyerahen sira

nang musuh-musuhe sira. Apamaneh ana ning antarane sira singbakal dipateni. 17Sira kabeh bakale disengiti nang kabeh wongmerga melu reang. 18Tapi nanak sesijia rambute sira sing bakaleilang. 19Nek'e sira tetep setia nang reang, sira bakal oleh uriplanggeng."20 "Orak kosi suwe, sira bakal ndeleng kota Yerusalem dikepung

prajurit teka bangsa liya. Pas iku sira bakale weroh nek'e kota ikukate ajur. 21Nek wes ngono wong-wong ning wilayah Yudea kudumlayu nang pusungan. Sapa wae sing ana ning kota kudu metu

Page 101: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

101teka kono. Terus sapa wae sing ana ning jabane kota ajo mlebumaneh nang njerone kota. 22Rungokna! Ukumane kota Yerusalemwes ditentok'en ngono. Kabeh sing wes ketulis ning Kitab Suci soalukuman iku mesti kedadean. 23Pas iku, wong-wong wedhok singgek mbobot ambek sing gek nyusoni bakale blai! Merga bakaleana sengsara ning negara iki ambek amukane Pengeran nangbangsa iki. 24Bakale ana sing dipateni karo wedung. Ana pisansing digawa dadi tawanan ning bangsa-bangsa liya. Kota Yerusalembakale diidek-idek nang wong-wong sing dhuduk bangsa Ibrani.Wong-wong sing orak wedhi nang Pengeran iku bakale nguasaniYerusalem sampek wayahe sing ditentok'en nang Pengeran."25 "Bakale ana tetenger sing katok ning sengenge, wulan, karo

lintang sing ndudohen nek kate ana kedadean elek. Terus kabehwong ning bumi bakale pada bingung karo wedhi ngadepi goncangesegara. 26Kuasane kayangan bakale goncang. Merga iku akeh wongbakale wedhi sampek semaput mikiren paran sing kate kedadeanning bumi iki."

Tetenger tekane Rajane Menungsa21:27-38

27Yesus nerusen gunemane, "Pas iku wong kabeh ning ndunyabakale nguasen kuasane karo keagungane Rajane Menungsa ningnjerone awan. 28Pas kabeh iku wes kedadean, ngadeka karodelengen langit, merga sira kate diselameten."29Maringono Yesus nyampek'en paribasan iki, "Tenger tekane

Rajane Menungsa iku memper tenger tekane wayah ketiga.Delengen godonge wit ara utawa wit-wit liyane. 30Nek'e godongewit-wit iku wes molai mupus, sira mesti weroh nek'e wayahe ketigameh teka. 31Ya ngono pisan mbesok nek'e sira ndeleng kabehkedadean sing tak ceritak'en mau, iku tegese Kerajaane Pengerankate dinyatak'en."32 "Tapi gatekna! Kabeh iku bakale kedadean sak'durunge wong-

wong jaman iki mati kabeh. 33 Jagat sak'isine bakale dimusnahen,tapikne wulangane reang bakale ana sak'lelawase."34 "Jaga'en awak'e sira! Ajo sampek sira mek ngurusi mangan-

manganan, ngombe-ngombenan karo mek kuwatir ngurusi uripning ndunya iki. Merga nek ngono, sira bakale orak siap pasRajane Menungsa teka ning wayah sing orak disangka-sangka.35Rungokna! Memper manuk sing orak weroh pas kejiret, ya ngonopisan wong kabeh bakale orak nyangka-nyangka nang tekane dinaiku. 36Sira kudu jejaga cekne siap pas tekane Rajane Menungsa.Ajo lali ndedunga cek'ne sira bisa kuat ngadepi kabeh sing bakal

Page 102: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

102kedadean. Nek ngono, sira bakale orak wedhi pas ndunya iki diakimiRajane Menungsa iki."37Molai iku, saben dina Yesus mulang ning latare Omahe

Pengeran. Tapi saben bengine Yesus ambek murit-murite metu tekaYerusalem nang Pusung Saitun. Ning kono Yesus karo murit-muriteturu ning isore wit-witan. 38Terus saben isuk'e Yesus budal nangOmahe Pengeran. Ning kono wes ana akeh wong sing teka kanggongrungok'en wulangane Yesus.

Rundingan kanggo mateni Yesus22:1-6

221Riaya Roti sing Nanak Ragine, utawa Paskah, wes parek.2Pas iku ketua-ketuane pengarepe sembayang karo tokoh-

tokoh agama nggolek dalan cek'ne bisa mateni Yesus. Tapikabeh pemimpin agama iku pada meneng-menengan merga wedhikeweroh'an nang wong akeh.3Pas iku Iblis ngrasuk'i Yudas, sing diceluk Iskariot pisan. Yudas

Iskariot iku salah sijine 12 utusane Yesus. 4Merga dikuasani Iblis,Yudas Iskariot budal nang ketua-ketuane pengarepe sembayangkaro pemimpine prajurit sing njaga Omahe Pengeran, terusrundingan njare carane bisa nyerah'en Yesus nang wong-wong iku.5Wong-wong iku seneng temenan, terus njanji nggewei peces nangYudas cekne nyerahen Yesus. 6Yudas setuju, terus molai nggolekwayah sing orak diweruhi wong cekne bisa nyerahen Yesus.

Yesus ngrayak'en Riaya Paskah bareng murit-murite22:7-23

7Maringono Riaya Paskah wes teka. 8Dadi Yesus ngongkon Petruskaro Yohanes ngene, "Budala, terus cepakna wedus karo panganliyane kanggo Riaya Paskah."9Terus wong loro iku takon, "Rika kepengen tak cepak'en ning

endi?"10Yesus njawab, "Pas mlebu nang kota, sira bakale campuh

karo wong lanang sing nggawa banyu ning kendi gede. Tutut'anawong iku terus mlebu'a nang omah sing dileboni wong iku. 11Ningkono ngomonga ngene, 'Gurune reang takon, "Endi enggon kanggongrayak'en Paskah bareng murit-murite reang?"' 12Sing duwe omahbakale ndudohen kamar gede sing wes jangkep perabotane. Kamariku ana ning pinggir duwur. Sira kudu nyepak'en kabeh ning kono."13Dadi Petrus karo Yohanes budal terus nemok'en kabeh sing

persis karo gunemane Yesus. Wong loro iku molai nyepak'en pangankanggo Riaya Paskah.

Page 103: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

103

Yesus karo murite ngrayak'en Paskah (Lukas 22:14)

14Maringono, pas wayahe kanggo mangan bareng-bareng, Yesuskaro 12 utusane lungguh ambek mangan. 15Terus Yesus guneman,"Reang wes suwe kepengen temenan mangan bareng sira kabehning Riaya Paskah iki, masia marine iki reang bakal disiksa.16Rungokna! Reang orak bakal mangan Riaya Paskah manehsampek riaya iki dijangkepi ning Kerajaane Pengeran."17Maringono Yesus njupuk cangkir sing ana anggure ambek nedan

nerima nang Pengeran. Yesus guneman, "Jupuk'en cangkir iki, terusiteren nang kabeh cekne diombe. 18Rungokna! Molai sak'iki reangorak ngombe maneh anggur Paskah iki sampek Kerajaane Pengeranwes dinyatak'en."19Sak'wise iku Yesus njupuk roti ambek nedan nerima nang

Pengeran. Roti iku ditugel-tugel terus digewehen nang utusan-utusane ngene, "Roti iki nggambaren awak'e reang sing digenehenkanggo sira kabeh. Mangana roti iki cekne sira eling nang reang."20Sak'marine mangan, Yesus njupuk cangkir sing ana anggure

terus digeweh'en maneh ngene, "Anggur iki nggambaren getihe

Page 104: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

104reang sing bakale diutahen kanggo sira kabeh. Getihe reang ikubakale ndadek'en janji anyarx teka Pengeran."21 "Tapikne delengen! Wong sing bakal ngianati reang, ana ning

kene melu mangan bareng reang. 22Pengeran wes nentok'enRajane Menungsa iki kudu mati. Masia ngono, blai'a wong singbakale ngianati reang."23Dadi utusan-utusane Yesus molai pada takon siji nang sijine,

"Sapa sih, sing kate nglakoni ngono?"

Sapa sing paling duwur derajate?22:24-30

24Maringono murit-murite Yesus pada bengkerengan soal muritendi sing paling duwur derajate.25Merga pada bengkerengan, Yesus guneman nang murit-murite

ngene, "Raja-raja karo penguasa-penguasa ning ndunya iki mekkepengen nindes wargane, karo mek kepengen dianggep penguasasing mbelani wargane."26 "Tapikne sira kabeh orak oleh ngono. Malah-malah sapa sing

paling duwur derajate kudu dadi memper sing derajate palingcilik. Terus sapa sing dadi pemimpin kudu dadi memper wong singngladeni."27 "Rungokna! Sapa sing paling duwur derajate? Apa wong sing

lungguh mangan ning meja, utawa abdi sing nyepak'en mangan?Mestine wong sing lungguh mangan iku. Tapikne reang iki ana ningantarane sira memper abdi sing ngladeni."28 "Sak'jerone kabeh cobaane reang, sira tetep bareng reang.

29Memper Sang Bapak wes nggenei kerajaane nang reang, yangono pisan reang bakal nggenei kerajaan nang sira. 30Mergaiku sira kabeh bakale bungah pas mangan karo ngombe ningkerajaane reang iku. Sira kabeh bakal lungguh ning singgasanakanggo ngakimi 12 sukune bangsa Ibrani."

Utusan-utusane Yesus bakale sara22:31-38

31Maringono Yesus guneman nang Simon ngene, "Simon, Simon,gatekna! Memper sekem sing dipisahen teka wijine terigu, ya ngonopisan Iblis kepengen misahen sira teka imane sira. 32Tapikne reangwes ndunga nang Pengeran cekne imane sira orak luntur. Masia

x22.20 janji anyar: Biyen Pengeran nggewei janji nang bangsa Ibrani nek'edosane wong bisa disepura ngliwati getihe kewan sing dikorbanen. Sak'iki Yesusnggewei janji anyar nang kabeh wong, yaiku dosane wong bisa disepura ngliwatigetihe Yesus sing dikorbanen ning kayu salib.

Page 105: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

105imane sira bakale goyah, tapi nek wes tobat, sira kudu nguatenimane kanca-kancane."33Terus Simon njawab, "Reang sanggup mlebu ning bui karo mati

bareng rika."34Tapikne Yesus guneman, "Simon Petrus, gatekna! Dina iki,

sak'durunge ana petek kluruk, sira bakal orak ngakoni reang pingtelu."35Maringono Yesus guneman maneh, "Pas sira tak utus biyen, sira

kabeh orak oleh nggawa bontotan, bangkelan karo serepan sandal.Masia ngono apa ana sing gek kekurangan?"36Utusan-utusan iku njawab, "Nanak sing kekurangan."Terus Yesus guneman maneh, "Tapikne dina-dina iki sira bakale

sara. Sapa wae sing duwe bontotan karo bangkelan, iku kabeh kududigawa. Sapa sing orak duwe wedung kudu dodol jubahe ceknedigawe tuku wedung. 37 "Rungokna! Biyen wes ana isine Kitab Sucisoal reang ngene,

'Wong iku bakale dianggep wong jahat.'"Kabeh sing wes ketulis soal reang kudu kedadean, malah sak'iki

wes molai dinyatak'en."38Maringono murit-murite guneman, "Guru ning kene ana wedung

loro."Yesus njawab, "Wes, iku wes cukup."

Yesus ndedunga ning Pusung Saitun22:39-46

39Sak'marine ngrayak'en Riaya Paskah, Yesus budal nang jabanekota. Merga wes bengi, Yesus munggah nang Pusung Saitun kanggoturu ning isore wit-witan kaya biasae. Pas iku murit-murite ya melubareng Yesus.40Sita teka ning kono, Yesus guneman nang murite, "Diluk engkas

sira bakale diuji. Dunga'a cekne pas iku sira orak gawe dosa."41Maringono Yesus budal radhak adoh teka murit-murite, kurang

luweh 30 meter adohe. Ning enggon iku Yesus sujud ambekndedunga ngene, 42 "Duh Bapak, nek oleh, adohna teka reangsiksaan sing kudu tak tanggung iki. Tapikne reang pasrah nangkekarepane rika, dhuduk kekarepane reang." 43Pas iku anamalaekat sing teka ning kono kanggo nguaten Yesus. 44Pasiku pikirane Yesus kesiksa temenan. Tapi Yesus tambah mantepndedunga sampek kringete memper getih sing netes nang lemah.45Sak'marine ndedunga, Yesus mbalik maneh nang murit-murite.

Tapikne Yesus nemok'en murit-murite pada turu merga sakingsedihe. 46Terus Yesus guneman, "Ngapa kok sira kabeh pada turu?

Page 106: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

106Tangi'a! Diluk engkas sira bakal diuji. Dunga'a cekne pas iku siraorak gawe dosa."

Yesus dicekel22:47-53

47Pas Yesus gek guneman, sak'grombolane wong teka kate nyekelYesus. Ning grombolane wong iku ana ketua-ketuane pengarepesembayang, pemimpin-pemimpine prajurit teka Omahe Pengeran,karo tetuwek-tetuwek'ane wong Ibrani. Grombolane wong ikudipimpin Yudas, yaiku murite Yesus sing dirasuki Iblis mau. Na,Yudas wes nggawe rencana kate ngambung Yesus cekne prajurit-prajurit bisa niteni nek iku Yesus. Maringono Yudas marani Yesusterus nyapa ambek ngambung.48Tapi Yesus guneman nang Yudas, "Ngene tah, carane sira

ngianati reang, Rajane Menungsa?"49Sita ndeleng kedadean iku, murit-murite Yesus sing ana ning

kono guneman, "Gusti Yesus, oleh tah nglawan wong-wong ikunggawe wedung?" 50Terus salah sijine murite Yesus mbacok anak-buahe ketua pengarepe sembayang. Wedunge kenek kuping singtengene sampek tugel.51Tapikne Yesus guneman, "Wes, ajo diterusen!" Maringono Yesus

nyandak kupinge wong sing maune ditugel terus diwarasen.52Maringono Yesus guneman nang ketuane pengarepe

sembayang, pemimpin-pemimpine prajurit teka Omahe Pengeran,karo tetuwek-tetuwek'ane wong Ibrani sing kate nyekel iku ngene,"Apa reang iki didarak'en wong jahat, sampek sira nggawa gepukkaro wedung kanggo nyekel reang? 53Saben dina reang karo siraana ning latare Omahe Pengeran. Ngapa pas iku sira kok oraknyekel reang? Tapikne iki wayahe sira kabeh karo sing nguasanipepeteng."

Petrus orak ngaku dadi murite Yesus22:54-62

54Maringono Yesus dicekel terus digawa nang omahe PengarepeSembayang Agung. Pas iku Petrus ngetuten teka adoh. 55Ningtengah-tengahe latare omah iku wong gawe geni terus diubengiwong akeh. Petrus lungguh ning antarane wong-wong sing padagegeni. 56Salah sijine babu wedhok ndeleng Petrus lungguh ningpinggire geni. Terus wong wedhok iku guneman, "Ikilo wong singbiasae melu Yesus."57Tapikne Petrus orak ngakoni ambek guneman, "Ya orak! Reang

orak kenal wong iku."

Page 107: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

10758Orak kosi suwe ana wong liya sing ndeleng Petrus terus

guneman, "Sira iki salah sijine rewange wong iku."Tapikne Petrus njawab, "Orak, dhuduk reang."59Kurang luweh sak'jam marine, ana wong liya maneh sing

negesen, "Wong iki pancen murite Yesus, merga wong iki asale tekawilayah Galilea pisan."60Tapi Petrus guneman, "Sira iki ngomong paran? Reang orak

ngerti karepe." Sekala iku sak'wene Petrus gek guneman, mara-mara ana petek kluruk. 61Pas iku Gusti Yesus noleh karo mandengnang Petrus. Terus Petrus eling nek Gusti Yesus wes guneman, "Dinaiki, sak'durunge ana petek kluruk, sira bakal orak ngakoni reangping telu." 62Terus Petrus budal teka kono ambek nangis mergagetun temenan.

Yesus dilarani karo diadili22:63-71

63Wong-wong sing njaga pada ngenyek karo nggepuk'i Yesus.64Wong-wong iku nutupi mripate Yesus ambek guneman, "Neksira pancen nabi, coba tebak'en sapa sing nggepuk'i sira sak'iki?"65Maringono wong-wong iku gek teterusan ngenyek Yesus.66Bareng kawit padang, pepirang tetuwek'ane wong Ibrani,

ketuane pengarepe sembayang, karo guru Kitab Suci padanglumpuk. Terus Yesus digawa nang ngarepe Mahkama Agama

Page 108: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

108

Yesus diadili

Ibrani cekne diadili. 67Wong-wong iku takon, "Apa sira mikir neksira iki Raja pilihane Pengeran? Semaura!"Yesus nyauri, "Masia tak dongengi, sira kabeh orak bakal percaya.

68Terus, masia reang takon nang sira, sira orak kira gelem semaur.69Tapikne, molai sak'iki, Rajane Menungsa bakale lungguh ningsisih tengene Sing Kuasa."70Wong kabeh iku takon, "Nek ngono, apa sira iki Anak'e

Pengeran?"Yesus nyauri, "Ya, gunemane sira iku bener."

Page 109: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

10971Terus wong-wong iku guneman maneh, "La, kene wes krungu

teka gunemane wong iki dewe. Orak perlu ana saksi maneh!"

Yesus digawa nang Gubernur Pilatus23:1-6

231Maringono wong-wong sing ana ning sidang iku padangadek, terus gawa Yesus nang Gubernur Pilatus.y 2Ning

kono wong-wong iku pada nuduh Yesus ngene, "Kene meruhi wongiki ngejak bangsane kene nglawan Roma. Sing dilakoni, yaikumenggak wong cekne orak mbayar pajek nang Raja Gede Roma,terus ngakoni awak'e iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran."3Terus Pilatus takon nang Yesus ngene, "Bener tah, sira iki rajane

wong Ibrani?"

y23.1 Gubernur Pilatus iku dhuduk wong Ibrani tapi asale teka Roma.Pilatus didadek'en gubernur nang Raja Gede Roma cekne ngatur wong Ibranising dijajah Roma.

Page 110: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

110

Yesus ning ngarepe Gubernur Pilatus

Yesus njawab, "Sira dewe sing guneman ngono."4Maringono Pilatus guneman nang ketua-ketuane pengarepe

sembayang karo kabeh wong sing ana ning kono, "Reang oraknemok'en sesijia salah nang wong iki."5Tapikne wong-wong iku tambah nyereng ngene, "Wong iki wes

nyesaten warga ngliwati wuruk'ane ning sak'kabehe wilayah Yudea.Kawitane teka wilayah Galilea sampek ning kene."6Pas ngrungok'en gunemane wong-wong iku, Pilatus takon, "Apa

wong iki asale teka wilayah Galilea?" 7Weroh nek'e asale Yesuspancen teka Galilea, Pilatus nyerahen Yesus nang Raja HerodesAntipas sing nguasai Galilea.

Page 111: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

111

Yesus digawa nang Raja Herodes Antipas23:7-12

Na, pas iku Raja Herodes ketepak'an ana ning kota Yerusalempisan. 8Herodes seneng temenan pas ndeleng Yesus, merga wessuwe kepengen nyampui. Apamaneh, merga wes ngrungok'enkabar soal Yesus, Herodes arep-arep ndeleng Yesus gawe mujijat.9Merga iku Herodes nggenei tetakonan sing akeh nang Yesus.Tapikne Yesus orak semaur blas. 10Sak'wene iku ketua-ketuanepengarepe sembayang karo guru-guru Kitab Suci pada maju nangngarepe Raja Herodes terus bulak-balek nggenei tuduhan sing abotnang Yesus. 11Terus Herodes karo prajurit-prajurite molai gawedolanan karo ngenyek Yesus. Terus ngenggok'en klambine raja nangYesus ambek ngeguyu Yesus. Mari iku Yesus dibalek'en maneh nanggubernur Pilatus.12Masia sak'durunge dina iku Herodes karo Pilatus wes suwe

memungsuhan, tapi pas iku dadi kancanan.

Yesus digawa balik nang Gubernur Pilatus23:13-25

13Maringono Pilatus nglumpuk'en ketua-ketuane pengarepesembayang, pemimpin-pemimpin karo wargane. 14Terus Pilatusguneman nang wong-wong iku, "Sira kabeh wes gawa mrene wongiki sing sira tuduh ngejak warga nglawan Roma. Sak'iki sira kabehwes ndeleng pas wong iki tak preksa. Tapikne reang orak nemok'ensesijia salahe wong iki memper tuduhane sira kabeh iku. 15RajaHerodes pisan ya orak nemok'en salahe wong iki, terus dibalek'enmaneh nang reang. Nyatane wong iki orak nglakoni peparan singpantes diukum pati."16–17Na, biasae, saben Riaya Paskah salah sijine wong tahanan

kudu diculen teka bui. Merga iku Pilatus guneman, "Reangngongkon wong iki dipecuti, terus diculen wae."18Tapi kabeh wong sing nglumpuk ning kono pada memelung,

"Patenana wae Yesus iku! Terus kepe Barabas sing diculen." 19Wongsing jenenge Barabas iku dilebok'en bui merga nglawan pemrentahRoma ning kota iku, ya mateni wong pisan.20Gubernur Pilatus guneman banter maneh nang wong-wong iku

merga kepengen ngeculen Yesus. 21Tapikne wong-wong iku padabebengok, "Paku'en awak'e ning kayu! Paku'en awak'e ning kayu!"

Page 112: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

112

Tangane wong sing dipaku nang kayu salib (23:21)

(Na, jaman iku wong sing diukum pati biasae dipenteng utawadipaku ning kayu salib.)22Ping telune Pilatus guneman maneh, "Kejahatan paran sing

dilakoni wong iki? Reang orak nemok'en sesijia salahe wong iki singbisa dikenek'i ukuman pati. Dadi tak pecuti wae, terus tak culen."23Tapikne wong-wong iku tetep memelung, ndesek Pilatus cekne

Yesus diukum pati. Ahire ngotote wong-wong iku menang. 24DadiPilatus nuruti kekarepane wong-wong iku cekne Yesus dipenteng.

Page 113: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

113

Pilatus nuruti kekarepane wong akeh

25Ahire Barabas, sing tau nglawan pemrentah karo mateni wong,diculen nurut jaluk'ane wong akeh mau. Terus Yesus dipasrahennang prajurit-prajurit nurut jaluk'ane wong akeh iku.

Yesus diukum pati23:26-43

26Pas Yesus digawa nang enggon ukuman, prajurit-prajurit ikucampuh wong teka kota Kirene sing jenenge Simon. Simon iku

Page 114: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

114

Simon mikul salibe Yesus

dikongkon mikul kayu salibe Yesus.z Dadi Simon mikul kayu salibiku teka mburine Yesus.27Akeh wong pada mlaku ngetuten Yesus. Ning antarane wong-

wong iku ana pisan wong wedhok-wedhok sing memelung karonangisi Yesus temenan. 28Tapikne Yesus noleh nang wong-wongiku terus guneman, "He, wong-wong wedhok teka kota Yerusalem!Ajo nangisi reang. Tangisana anak-anak'e sira karo awak'e siradewe. 29Merga mbesok bakale ana wayah sing ewoh temenansampek wong bakal guneman, 'Untung temenan wong-wongwedhok sing orak tau mbobot, sing orak tau duwe anak, karosing orak tau nyusoni bayi.' 30Pas wayah sing ewoh iku wong-wong bakale guneman, 'He gunung-gunung, tibanana kene kabeh!He pusung-pusung, urukana kene kabeh.' 31Rungokna! Nek wong-wong nglakoni ngene pas wit gek ijo, paran sing bakal dilakoni nekwit wes garing?"

z23:26 mikul salibe Yesus: Biasae, wong sing kenek ukuman pati kudumikul kayu salibe dewe nang njabane kota. Tapi Yesus orak bisa merga wesdipecuti nemen.

Page 115: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

115

Yesus disalib32Pas iku, ana rampok loro sing diukum pati bareng Yesus.

33Wong loro iku karo Yesus digawa prajurit nang enggon singdiarani 'Pusung Tengkorak' sing ana ning jabane tembok kotaYerusalem. Ning kono prajurit Roma maku Yesus nang kayu salib.Rampok loro iku ya dipaku nang kayu salib pisan. Siji ana ningkiwane Yesus, sing sijine ning tengene Yesus.34Yesus ndedunga, "Duh Bapak, sepuranen prajurit-prajurit iki

merga orak weroh paran sing dilakoni."Maringono prajurit-prajurit iku pada totoan. Terus sapa sing

menang oleh jubahe Yesus.35Akeh wong ngadek ning kono karo ndeleng kabeh kedadean

iku. Sak'wene iku pemimpin-pemimpine wong Ibrani molai ngenyekYesus ngene, "Wong iki wes nyelameten wong liya. Nek'e wongiki pancen Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran, jaren wae ceknenyelameten awak'e dewe."

Page 116: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

11636Ana pisan prajurit-prajurit sing bulak-balek ngenyek Yesus.

Prajurit-prajurit iku nggenei anggur basin nang Yesus ambekguneman, 37 "Nek'e sira pancen rajane wong Ibrani, slametnaawak'e sira dewe." 38Ning duwure kayu salibe Yesus ana tulisan:'Ikilo Rajane Wong Ibrani.'39Salah sijine rampok sing dipenteng bareng Yesus iku ngenyek

Yesus, "Lo, jarene sira iku Raja Pilihane Pengeran. Ayo slametnaawak'e sira karo kene, nek bisa!"40Tapikne rampok sing sijine menggak rampok iku muka, "Ngapa

kok orak wedhi nang Pengeran? Diluk engkas sira kate mati pisan.41Kene pantes diukum merga klakoane kene sing jahat. TapikneYesus iki orak duweni salah peparan." 42Maringono rampok ikunerusen gunemane, "Yesus, reang percaya pas dina kiamat rikabakal dadi Rajane ndunya. Pas iku ilinga reang!"43Yesus guneman nang rampok siji iku, "Reang janji, dina iki sira

bakal ana ning swarga ambek reang."

Yesus mati23:44-49

44Pas awan, kira-kira jam 12, memara wilayah iku petengdedet sampek jam 3, merga sengenge orak ngetok'en padhange.45Bareng peteng dedet mau, slambu gedea ning Omahe Pengeran

a23.45 Slambu Gede: Ning Omahe Pengeran ana rong enggon, yaiku PapanSuci karo Papan Maha Suci. Slambu gede iku digawe nutupi Papan Maha Sucicekne orak bisa dideleng wong. Delengen 'Omahe Pengeran' ning kamus.

Page 117: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

117

Slambu gede suwek

memara suwek dadi loro. 46Teruse Yesus ndedunga ambek suarabanter, "Duh Bapak, nang tangane Rika tak pasrahen nyawanereang." Sak'marine guneman ngono ambek'ane Yesus entek, terusmati.47Ndeleng kabeh sing kedadean, salah sijine pemimpine prajurit

muji Pengeran ngene, "Wong iki pancene wong sing benertemenan!"48Maringono kabeh wong sing nonton ning kono pada rumangsa

getun temenan terus moleh. 49Tapi, kabeh wong sing raket nangYesus, ambek wong-wong wedhok sing melu Yesus teka wilayahGalilea, ngadek teka adoh terus nguasen kabeh kedadean iku.

Yesus dikubur23:50-56

50–51Ana wong Ibrani sing jenenge Pak Yusuf teka kota Arimatea.Wong iku apik karo bener, terus ngenteni tekane KerajaanePengeran. Senajan teka golongane Mahkama Agama, Yusuf orak

Page 118: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

118

Yesus dikubur

setuju paran sing diputusen nang Mahkama Agama iku soal mateniYesus. 52Yusuf budal ngadep nang Pilatus terus njaluk mayite Yesus.53Maringono mayite Yesus diduk'en teka salib, dibuntel lawon, terusdilebok'en ning kuburan.b Enggon iku gek kotong merga durung taudigawe ngubur wong mati.54Dina iku wong-wong pada njagani kanggo sisuk'e, merga sesok

wes dina Sabat.55Wong-wong wedhok sing melu Yesus teka wilayah Galilea

pada ngetuten Yusuf ambek ndeleng kuburane Yesus. Wong-wongiku ndeleng dewe pas mayite Yesus dilebok'en ning kuburan.56Sak'marine moleh teka kono, wong-wong wedhok mau nyepak'enlenga wangi karo ramuan sing digawe bubuk kanggo nglenganimayite Yesus cekne orak mambu. Sisuk'e, pas dina Sabat, wong-wong iku leren teka penggaweane nurut prentahe Kitab Suci.

b23.53 Kuburan: Jaman iku wong mati dikubur ning kuburan watu singditatahi entah gua. Biasae kuburan iku orak mek diiseni siji mayet, tapi dadikuburane sak'keluarga. Terus bolongane kuburan iku ditutupi watu gede ceknemayete orak keganggu kewan alas.

Page 119: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

119

Wong-wong wedhok pada sujud

Yesus tangi teka pati24:1-12

241Sisuk'e maneh, pas dina Minggu, ana wong-wong wedhoksing nyekar isuk-isuk nang kuburane Yesus. Wong-wong

wedhok iku nggawa ramuan kanggo mayite Yesus cekne orakmambu. 2Pas teka ning kuburan, wong-wong mau meruhi nek watusing nutupi kuburane Yesus wes kebukak. 3Wong-wong wedhok ikumlebu nang njero kuburane Yesus, tapi mayite wes orak ditemok'en.4Pas gek pada temenggengen, mara-mara ana wong loro singnggawe jubah putih kilap-kilap ngadek ning kono. 5Wong-wongwedhok iku pada kewedhen, terus pada sujud. Tapikne wong loro

Page 120: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

120iku guneman, "Ngapa sira kok teka nang enggone wong mati?6Yesus orak ning kene, tapi wes urip maneh! Ilinga nang gunemaneYesus ning Galilea biyen, 7 'Rajane Menungsa kudu dipasrahen nangtangane wong sing dosa, dipateni ning kayu salib, dikubur, teruspas telung dinane urip maneh.'" 8Dadi wong-wong wedhok iku padaeling nang gunemane Yesus biyen.9Sak'marine mbalik teka kuburan, wong-wong wedhok iku

nyeritak'en kabeh kedadean mau nang utusan-utusan sing kabehe11 karo nang murit-murite Yesus liyane. 10Wong-wong wedhokmau yaiku, Maria teka wilayah Magdalena, Yohana, Maria makneYakobus, karo wong-wong wedhok liyane.11Tapikne utusan-utusan iku orak percaya nang ceritane wong

wedhok-wedhok mau merga ceritane orak masuk akal. 12Masiangono Petrus ngadek, terus mlayu cepet-cepet nang kuburaneYesus. Pas ndeleng nang jerone kuburan, Petrus dadi gawok mergamek katok lawon wae. Maringono Petrus moleh tapikne mikirteterusan ning jero atine soal paran sing wes kedadean.

Yesus nyampui murite loro ning dalan24:13-35

13Pas dina iku pisan, ana murite Yesus loro sing budal tekaYerusalem nang desa Emaus. Enggon iku kurang luweh 11 kilometerteka kota Yerusalem. 14Sak'wene mlaku, wong loro iku padambahas kabeh kedadean sing wes kelakon. 15Pas wong loro ikugek pada guneman ning dalan, Yesus teka terus mlaku mbarengi.16Wong loro iku ndeleng Yesus tapikne ana sing ngalang-ngalangipandengane sampek orak ngerti nek iku Yesus.17Maringono Yesus takon nang wong loro iku, "Sira iki mbahas

paran sak'wene mlaku?"Wong loro mau dadi sedih terus mandeg. 18Sing jenenge Kleopas

njawab ngene, "Apa rika iki siji-sijine wong manca ning kotaYerusalem sing orak weroh kedadean sing wes kelakon ning konogek entas iki?"19Terus Yesus takon, "Kedadean paran iku?"Wong loro iku njawab, "Kedadean sing wes kelakon nang

Yesus teka desa Nasaret. Yesus iku nabi sing gunemane karopenggaweane duwe kuasa sing gede ning ngarepe Pengeran karoning ngarepe wong kabeh. 20Tapikne ketua-ketuane pengarepesembayang karo tetuwek-tetuwek'ane kene wes nyerahen Yesuscekne diukum pati, terus dipenteng ning kayu salib. 21Masia, kenewes ngarepen Yesus dadi raja sing bakale mbebasen bangsa Ibrani,tapi nyatane Yesus mati. Na, dina iki telung dinane teka kabeh

Page 121: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

121kedadean sing wes diceritak'en iku mau. 22Apamaneh ana wong-wong wedhok teka golongan murite Yesus sing mbingungen kene.Isuk jabut mau wong-wong wedhok iku ana ning kuburane Yesus,23 tapi orak nemok'en mayite. Maringono wong-wong wedhokiku mbalik ambek cerita nek dicampuhi malaekat-malaekat. Jeremalaekat iku, Yesus wes urip maneh. 24Ana pisan murit-muriteYesus liyane sing budal nang kuburan iku. Masia orak ndeleng Yesus,wong-wong iku nyatak'en dewe nek ceritane wong-wong wedhokiku pancen bener."25Terus Yesus guneman, "Mesak'en sira iki! Imane sira cilik

temenan merga orak percaya nang kabeh sing wes digunemennabi-nabi biyen ning Kitab Suci. 26Sira kabeh lak wes werohnek Raja Pilihane Pengeran kudu disiksa dikek sak'durunge olehkeagungane?" 27Maringono Yesus njelasen nang wong loro ikuparan sing wes ketulis ning Kitab Suci, molai teka Kitabe Nabi Musasampek nang kitabe nabi-nabi liyane, soal Yesus.28Pas wes marek'i desa sing kate ditekani, Yesus etok-etok'ane

kate nerusen lakune. 29Tapikne wong loro iku meksa ambekguneman, "Nginep'a wae ning kene merga iki wes meh bengi." DadiYesus mlebu nang omah cekne nginep bareng wong loro iku.30Pas gek lungguh ambek mangan karo wong loro iku, Yesus

njupuk roti terus nedan nerima nang Pengeran. Maringono roti mauditugel-tugel, terus digenehen nang wong loro iku. 31Pas iku wongloro mau dadi sadar terus weroh nek wong iku Yesus. Tapiknemara-mara Yesus ilang teka pandengane wong loro iku. 32Teruswong loro iku pada guneman ngene, "Ngapa kok kene bisa orakweroh. Sak'jane atine reang ambek sira bungah temenan, pas Yesusguneman ambek njelasen artine Kitab Suci ning dalan."33Sekala iku wong loro mau mbalik maneh nang kota Yerusalem

terus campuh sewelas utusane Yesus karo kanca-kanca liyane singgek pada nglumpuk ning omah.34Wong-wong sing ana ning kono pada guneman nang wong

loro iku, "Pancen bener! Gusti Yesus wes urip maneh! Yesus wesndudohen awak'e nang Simon Petrus." 35Maringono wong loro ikunyritak'en nek'e wes dicampuhi Yesus pisan ning dalan. Tapi wongloro iku gek ngerti nek'e iku Yesus pas nugel-nugel roti.

Yesus nyampui murit-murite kabeh24:36-48

36Pas wong-wong iku gek mbahas sing entas kedadean, mara-mara Yesus ngadek ning tetengahan ambek nyapa, "Ayem tentremnang sira."

Page 122: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

122

"Iki reang dewe."

37Wong-wong iku kaget ambek kewedhen, dikirane iku memedhi.38Tapikne Yesus guneman nang wong-wong iku, "Ngapa sira padakaget? Ngapa kok atine sira bimbang? 39Delengen tangan karosikile reang sing gek ana cek'e paku. Iki reang dewe. Candak'encekne weroh dewe. Memedhi orak duwe daging karo belung tirureang." 40Terus Yesus ndudohen tangan karo sikile. Masia senengtemenan ambek gawok, wong-wong iku orak bisa percaya nek ikupancen Yesus. 41Cekne orak didarak'en memedhi, Yesus takon,"Apa ana pangan ning kene?" 42Wong-wong iku nggewei iwakbakaran nang Yesus. 43Terus Yesus mangan ning ngarepe wong-wong iku.44Maringono Yesus guneman nang murit-murite ngene,

"Rungokna! Kabeh isine Kitab Suci sing nyeritak'en reang molaining Kitabe Nabi Musa, kitabe nabi-nabi liya, karo Kitab Masmurkudu dinyatak'en. Iku wuruk'ane reang sing tau tak sampek'ennang sira biyen."

Page 123: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

12345Sak'marine iku, Yesus mbukak pikirane murit-murite cekne

pada ngerti isine Kitab Suci sing tau dirungok'en biyen. 46TerusYesus guneman, "Nurut Kitab Suci, Raja Pilihane Pengeran kudumati, terus urip maneh telung dinane. 47Sapa wae sing tobatterus njaluk sepura nang Pengeran, dosane bakal disepura. Kabarapik iki kudu diceritak'en nang kabeh bangsa, molai teka kotaYerusalem. 48Na, sira kabeh sing dadi saksine soal kabeh iki.49Rungokna! Orak kosi suwe reang bakal ngutus Rohe Pengeransing dijanjek'en Pengeran biyen nang sira. Tapi sira kudu ngentenining kota Yerusalem sampek nerima kuasane Rohe Pengeran iku."

Yesus diunggahen nang swarga24:50-53

50Terus Yesus ngejak wong-wong iku sampek sak'jabane kotaYerusalem, ning parek'e desa Betania. Ning kono Yesus ngunggahentangane ambek mberkahi wong-wong iku. 51Sak'wene Yesusmberkahi murit-murite, Yesus pisah teka murit-murite terusdiunggahen nang swarga. 52Wong-wong iku pada nyembah nangYesus, terus mbalik nang kota Yerusalem ambek ati sing bungah

Page 124: KabarApik - Basuki Langgeng...La wong-wong kepengen njenengi lare iku 'Sakaria' pada karo jenenge bapakne. 60Tapi Elisabet menggak, "Lare iku kudu dijenengi'Yohanes'." 61Wong-wong

124

Yesus diunggahen nang swarga (24:51)

temenan. 53Wong-wong iku teterusan muji Pengeran ning OmahePengeran.