Top Banner
KETUHANAN YANG MAHA ESA Edit sampai warna merah 1. Pangeran iku siji, ånå ing ngêndi papan, langgêng, sing nganakake jagad iki sak isine, dadi sêsêmbahane wong sak alam kabéh, nganggo carane dhewe-dhewe. 2. Pangeran iku ånå ing ngêndi papan, anéng sirå ugå ånå Pangeran, nanging åjå sirå wani ngaku Pangeran. 3. Pangeran iku adoh tanpå wangênan, cêdhak tanpå senggolan. 4. Pangeran iku langgêng, tan kênå kinåyå ngåpå, sangkan paraning dumadi. 5. Pangeran iku biså mawujud, nanging wêwujudan iku dudu Pangeran. __________ Butir-butir Budaya Jawa __________ 1
76

Butir-Butir Budaya Jawa

Jun 26, 2015

Download

Documents

Welcome message from author
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Page 1: Butir-Butir Budaya Jawa

KETUHANAN YANG MAHA ESA

Edit sampai warna merah

1. Pangeran iku siji, ånå ing ngêndi papan, langgêng, sing nganakake jagad iki sak isine, dadi sêsêmbahane wong sak alam kabéh, nganggo carane dhewe-dhewe.

2. Pangeran iku ånå ing ngêndi papan, anéng sirå ugå ånå Pangeran, nanging åjå sirå wani ngaku Pangeran.

3. Pangeran iku adoh tanpå wangênan, cêdhak tanpå senggolan.

4. Pangeran iku langgêng, tan kênå kinåyå ngåpå, sangkan paraning dumadi.

5. Pangeran iku biså mawujud, nanging wêwujudan iku dudu Pangeran.

6. Pangeran iku kuwåså tanpå wiranti, akaryå alam sak isine, kang katon lan kang ora kasat måtå.

7. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

1

Page 2: Butir-Butir Budaya Jawa

8. Pangeran iku Måhå Wêlas Asih, hayuning bawånå margå såkå kanugrahaning Pangeran.

9. Pangeran iku Måhå Kuwåså, pêpêsthén såkå kêrsaning Pangeran ora ånå sing biså murungake.

10. Urip iku såkå Pangeran, bali marang Pangeran.

11. Pangeran iku ora sare.

12. Bedå-bedå panduming dumadi.

13. Pasrah marang Pangeran iku ora atêgês ora gêlêm nyambut gawe, nanging pêrcåyå yén Pangeran iku Måhå Kuwåså. Dene kasil orane åpå kang kitå tuju kuwi såkå kêrsaning Pangeran.

14. Pangeran nitahake sirå iku lantaran biyung irå, mulå kudu ngrumat biyung irå.

15. Sing biså dadi utusaning Pangeran iku ora mung janmå manungså wae.

16. Purwå madyå wasånå.

17. Owah gingsiring kahanan iku såkå kêrsaning Pangeran Kang Murbéng Jagad.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

2

Page 3: Butir-Butir Budaya Jawa

18. Ora ånå kasêktén sing madhani pêpêsthén, awit pêpêsthén iku wis ora ånå sing biså murungake.

19. Bênêr kang asale såkå Pangeran iku lamun ora darbe sipat angkårå murkå lan sênêng gawe sangsaraning liyan.

20. Ing donyå iki ånå rong warnå sing diarani bênêr, yakuwi bênêr mungguhing Pangeran lan bênêr såkå kang lagi kuwåså.

21. Bênêr såkå kang lagi kuwåså iku ugå ånå rong warnå, yakuwi kang cocok karo bênêring Pangeran lan kang ora cocok karo bênêring Pangeran.

22. Yén cocok karo bênêring Pangeran iku atêgês bathårå ngejåwantah, nanging yén ora cocok karo bênêring Pangeran iku atêgês titisaning brahålå.

23. Pangeran iku dudu dewå utåwå manungså, nanging sakabéhing kang ånå iki ugå dewå lan manungså asale såkå Pangeran.

24. Ålå lan bêcik iku gandhéngane, kabéh kuwi såkå karsaning Pangeran.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

3

Page 4: Butir-Butir Budaya Jawa

25. Manungså iku såkå dating Pangeran, mulå ugå darbe sipating Pangeran.

26. Pangeran iku ora ånå sing pådhå, mulå åjå nggambar-nggambarake wujuding Pangeran.

27. Pangeran iku Kuwåså tanpå piranti, mulå såkå kuwi åjå darbe pêngirå yén manungså iku biså dadi wakiling Pangeran.

28. Pangeran iku Kuwåså, dene manungså iku biså.

29. Pangeran iku biså ngowahi kahanan åpå wae tan kênå kinåyå ngåpå.

30. Pangeran biså ngrusak kahanan kang wis ora dipêrlokake, lan biså gawe kahanan anyar kang dipêrlokake.

31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran, nanging dudu Pangeran.

32. Manungså iku biså kadunungan dating Pangeran, nanging åjå darbe pangirå yén manungså mau biså diarani Pangeran.

33. Titah alus lan titah kasat måtå iku kabéh såkå Pangeran, mulå åjå

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

4

Page 5: Butir-Butir Budaya Jawa

nyêmbah titah alus nanging åjå nginå titah alus.

34. Samubarang kang katon iku kalêbu titah kang kasat måtå, dene liyane kalêbu titah alus.

35. Pangeran iku mênangake manungså sênajan ngåpå.

36. Pangeran maringi kawruh marang manungså bab anane titah alus mau.

37. Titah alus iku ora biså dadi manungså lamun manungså dhewe darbe panyuwun marang Pangeran supåyå titah alus mau ngejåwantah.

38. Sing såpå wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu sadhengah wong, nanging minangka utusaning Pangeran.

39. Sing såpå gêlêm nglakoni kabêcikan lan ugå gêlêm lelaku, ing têmbe bakal tåmpå kanugrahaning Pangeran.

40. Sing såpå durung ngêrti lamun piyandêl iku kanggo pathokaning urip, iku sêjatine durung ngêrti lamun ånå ing dunyå iki ånå sing ngatur.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

5

Page 6: Butir-Butir Budaya Jawa

41. Sêkabéhing ngélmu iku asale såkå Pangeran Kang Måhå Kuwåså.

42. Sing såpå mikani anane Pangeran, kalêbu urip kang sêmpurna.

43. Åjå andhisiki kêrså.

44. Åjå sirå mung kélingan barang kang katon wae, sêbab kang katon gumêlar iki anane malah ora langgêng.

45. Åjå sirå wani marang wong atuwanirå, jalaran sirå bakal kênå bêndhu såkå Kang Murbéng Dumadi.

46. Åjå darbe pangirå yén mung piyandêlirå iku kang såkå Pangeran. Kabéh piyandêl iku asale såkå Pangeran. Ing ngêndi papan Pangeran iku ånå.

– ooOoo –

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

6

Page 7: Butir-Butir Budaya Jawa

KEROHANIAN

1. Dumadining sirå iku lantaran anane båpå biyung irå.

2. Manungså iku kanggonan sipating Pangeran.

3. Titah alus iku ånå patang warnå, yakuwi: 1] kang biså mrentah manungså nanging yå biså mitulungi manungså, 2] kang biså mrentah manungså nanging ora biså mitulungi manungså, 3] kang ora biså mrentah manungså nanging biså mitulungi manungså, 4] kang ora biså mrentah manungså nanging yå ora biså mitulungi manungså.

4. Lêlêmbut iku ånå rong warnå, yakuwi kang nyilakani lan kang mitulungi.

5. Guru Sejati biså nuduhake êndi lêlêmbut sing mitulungi lan êndi lêlêmbut sing nyilakani.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

7

Page 8: Butir-Butir Budaya Jawa

6. Kêtêmu Gusti iku lamun sirå tansah eling.

7. Cåkrå manggilingan.

8. Jaman iku owah gingsir.

9. Gusti iku dumunung ånå atining manungså kang bêcik, mula iku diarani Gusti iku bagusing ati.

10. Sing såpå nyumurupi dating Pangeran iku atêgês nyumurupi awake dhewe. Dene kang durung mikani awake dhewe durung mikani dating Pangeran.

11. Kahanan donyå ora langgêng, mulå åjå ngêgungake kêsugihan lan drajat irå, awit samangså ånå wolak-waliking jaman ora ngisin-isini.

12. Kahanan kang ånå iki ora suwe mêsthi ngalami owah gingsir, mula åjå lali marang sapådhå-padhaning tumitah.

13. Lamun sirå kêpengin wikan marang alam/jaman kêlanggêngan, sirå kudu wêruh alamirå pribadi. Lamun sirå durung mikani alamirå pribadi adoh kêtêmune.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

8

Page 9: Butir-Butir Budaya Jawa

14. Yén sirå wus mikani alamirå pribadi, mårå sirå mulangå marang wong kang durung wikan.

15. Lamun sirå wus mikani alamirå pribadi, alam jaman kêlanggêngan iku cêdhak tanpå sénggolan, adoh tanpå wangênan.

16. Lamun sirå durung wikan alamirå pribadi, mårå takonå marang wong kang wus wikan.

17. Lamun sirå durung wikan kadangirå pribadi, cobå dulunên sirå pribadi.

18. Kadangirå pribadi ora bedå karo jênêng sirå pribadi, gêlêm nyambut gawe.

19. Gusti iku sambatên nalikå sirå lagi nandhang kasangsaran. Pujinên yén sirå lagi nåmpå kanugrahaning Gusti.

20. Lamun sirå pribadi wus biså caturan karo lêlêmbut, mêsthi sirå ora bakal ngålå-ålå marang wong kang wus biså caturan karo lêlêmbut.

21. Sing såpå nyêmbah lêlêmbut iku kêliru, jalaran lêlêmbut iku sêjatine

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

9

Page 10: Butir-Butir Budaya Jawa

rewangirå, lan ora pêrlu disêmbah kåyå dene manêmbah marang Pangeran.

22. Wêruh marang Pangeran iku atêgês wis wêruh marang awake dhewe, lamun durung wêruh awake dhewe, tangéh lamun wêruh marang Pangeran.

23. Sing såpå sênêng ngrusak kêtêntrêmaning liyan bakal dibêndhu dening Pangeran lan diwéléhake dening tumindake dhewe.

24. Lamun ånå janmå ora kêpenak, sirå åjå lali nyuwun pangapurå marang Pangeran, jalaran Pangeranirå bakal awéh pitulungan.

25. Gusti iku dumunung ånå jeneng sirå pribadi, dene kêtêmune Gusti lamun sirå tansah eling.

26. Åjå darbe pangirå yén lêlêmbut iku mêsthi alane, jalaran sing apik iyå ånå, sing ålå iyå ånå, ora bedå kåyå dene manungså.

27. Åjå ngålå-ålå liyan, margå biså caturan karo lêlêmbut, yén sirå dhewe durung biså caturan karo lêlêmbut.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

10

Page 11: Butir-Butir Budaya Jawa

28. Åjå lali sabên ari eling marang Pangeranirå, jalaran sêjatine sirå iku tansah katunggon Pangeranirå.

29. Åjå seneng gawe rusaking liyan, jalaran sirå bakal kênå siku dhêndhaning Guru Sejatinirå.

30. Åjå sirå nacad piyandêling liyan, jalaran durung mêsthi yén piyandêlirå iku sing bênêr dhewe.

KEMANUSIAAN

1. Rame ing gawe sêpi ing pamrih, mêmayu hayuning bawånå.

2. Manungså sak drêmå nglakoni, kadyå wayang upamane.

3. Ati suci marganing rahayu.

4. Ngélmu kang nyåtå, karyå rêsêping ati.

5. Ngudi laku utåmå kanthi sêntoså ing budi.

6. Jér basuki måwå beyå.

7. Ålå lan bêcik iku dumunung ånå awake dhewe.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

11

Page 12: Butir-Butir Budaya Jawa

8. Sing såpå lali marang kabêcikaning liyan, iku kåyå kewan.

9. Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan legawaning ati, darbe sipat bêrbudi båwålêksånå.

10. Ngundhuh wohing pakarti.

11. Ajining dhiri såkå lathi lan budi.

12. Sing såpå wêruh sadurunge winarah lan diakoni sapådhå-padhaning tumitah iku kalêbu utusaning Pangeran.

13. Sing såpå durung wikan anane jaman kêlanggêngan iku, åjå ngaku dadi janmå linuwih.

14. Têntrêm iku saranane urip anéng donyå.

15. Yitnå yuwånå, lenå kenå.

16. Ålå kêtårå, bêcik kêtitik.

17. Dalane waskithå såkå niténi.

18. Janmå tan kênå kinirå kinåyå ngåpå.

19. Tumrap wong lumuh lan kêsét iku prasasat wiså, pangan kang ora biså ajur iku kênå diarani wiså, jalaran mung bakal nuwuhake lêlårå.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

12

Page 13: Butir-Butir Budaya Jawa

20. Klabang iku wisane ånå ing sirah, Kålåjêngking iku wisane mung ånå pucuk buntut. Yén ulå mung dumunung ånå ulå kang duwe wiså. Nanging yén durjånå wisane dumunung ånå ing sêkujur badan.

21. Gêni murub iku panase ngluwihi panase srêngenge, ewê dene umpåmå ditikêlake loro, isih kalah panas tinimbang gunême durjånå.

22. Tumrape wong linuwih tansah ngudi kêslamêtaning liyan, mêtu såkå atine dhewe.

23. Pangucap iku biså dadi jalaran kabêcikan. Pangucap ugå dadi jalaraning pati, kasangsaran, pamitran. Pangucap ugå dadi jalaraning wirang.

24. Sing biså gawe mêndêm iku: rupå endah, båndhå, dharah luhur, ênom umure. Arak lan kêkênthêlan ugå gawe mêndêm sadêngah wong. Yén ånå wong sugih, endah warnane, akéh kêpintêrane, tumpuk-tumpuk bandhane, luhur dharah lan isih ênom umure, mångkå ora mêndêm, yakuwi aran wong linuwih.

25. Sing såpå lenå bakal cilåkå.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

13

Page 14: Butir-Butir Budaya Jawa

26. Mulat salirå, tansah eling kalawan waspådå.

27. Andhap asor.

28. Sakbêgjå-bêgjane kang lali luwih bêgjå kang eling lan waspådå.

29. Sing såpå salah séléh.

30. Nglurug tanpå bålå.

31. Sugih ora nyimpên.

32. Sêkti tanpå maguru.

33. Mênang tanpå ngasorake.

34. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.

35. Mumpung anom ngudiyå laku utåmå.

36. Yén sirå dibêciki ing liyan, tulisên ing watu, supåyå ora ilang lan tansah kélingan. Yén sirå gawe kabêcikan marang liyan tulisên ing lêmah, supêyê enggal ilang lan ora kélingan.

37. Sing såpå têmên tinêmu.

38. Melik nggêndhong lali.

39. Kudu sêntoså ing budi.

40. Sing prasåjå.__________ Butir-butir Budaya Jawa

__________

14

Page 15: Butir-Butir Budaya Jawa

41. Balilu tau pintêr durung nglakoni.

42. Tumindak kanthi dugå lan prayogå.

43. Prêcåyå marang dhiri pribadi.

44. Nandur kabêcikan.

45. Janmå linuwih iku biså nyumurupi anane jaman kêlanggêngan tanpå ngalami pralåyå dhisik.

46. Såpå kang mung ngakoni barang kang kasat måtå wae, iku durung wêruh jatining Pangeran.

47. Yén sirå kasinungan ngélmu kang marakake akéh wong sênêng, åjå sirå malah rumångså pintêr, jalaran mênåwå Gusti mundhut bali ngélmu kang marakake sirå kalokå iku, sirå ugå banjur kåyå wong sejene, malah biså aji godhong jati aking.

48. Sing såpå gêlêm gawe sênêng marang liyan, iku bakal oléh walês kang luwih gêdhe katimbang åpå kang wis ditindakake.

49. Ngélmu pari såyå isi såyå tumungkul.

50. Ngélmu kang nyåtå gawe rêsêping ati.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

15

Page 16: Butir-Butir Budaya Jawa

51. Dadiyå wong luhur bêbudéne.

52. Abot énthéng såkå pênggawene dhewe.

53. Wong mati iku bandhane ora digåwå.

54. Wong ålå iku kang ora gêlêm nyambut gawe kang prayogå.

55. Sing lali marang panggawe kang bêcik bakal nêmoni cilåkå.

56. Sing såpå durung wêruh dununge urip, nanging tansah mêmådå marang piyandêling liyan, bakal nêmoni cilåkå.

57. Sing såpå wêdi marang barang kang ora bênêr, tur gêlêm ngilangi watak kang kurang prayogå, iku kalêbu bathårå.

58. Sing såpå durung sumurup kang diarani bathårå ugå durung sumurup dununging urip.

59. Sing såpå wêruh dununging ålå lan bêcik, nanging rumångså bêcik dhewe, iku bakal nêmoni cilåkå.

60. Wong iku tansah karidhu dening dhêmit lan banaspati lamun tansah sênêng gawe sêriking liyan.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

16

Page 17: Butir-Butir Budaya Jawa

61. Setan iku watak kang ålå, dhêmit iku watak kang kurang prayogå, banaspati iku watak kang gawe sêriking liyan. Dadi yén janmå manungså kang tansah ngujå watak kang kåyå mêngkono iku pancén kancane setan, dhêmit lan banaspati. Dene wong kang ora gêlêm ngujå watak kang kåyå mêngkono kalêbu dewå ngejåwantah. Sirå åjå darbe watak kang ålå kåyå kuwi mau, jalaran watak kang ålå kåyå mêngkono iku dadi sirikaning wong kang ngudi kamulyan.

62. Wong kang ora gêlêm ngudi kamulyan urip, iku wong kang sênêng ngujå håwå nêpsune.

63. Kamulyaning urip iku dumunung ånå têntrêming ati.

64. Wong kang mung nguja hawa nepsu iku mung gawe seneng babagan hawa nepsu, dene atine ora tentrem amerga tansah kelingan marga tumindake kang ora prayoga.

65. Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.

66. Wong kang ora gêlêm ngudi kabecikan iku prasasat setan.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

17

Page 18: Butir-Butir Budaya Jawa

67. Sing gêlêm ngudi kautaman ing urip mesthi didohi dhemit.

68. Wong linuwih iku ambek welas lan sugih pangapura.

69. Sing såpå lali marang kabecikaning liyan, ing tembe biså urip sengsara.

70. Sing såpå wedi ing luput wani ing bênêr, iku klebu manungså linuwih.

71. Sing såpå wani ing luput wedi ing bênêr, iku klebu manungså kang sengsara ing tembe mburine.

72. Perang tumrap awake dhewe iku lamun ora biså meper hawa napsu.

73. Ngelmu iku kelakone kanthi laku, sênajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunaake, ngelmu iku tanpå guna.

74. Dadi gaweing liyan iku sasat nelangsaning sapadha-padha.

75. Wong kang weruh sadurunge winarah, kang ora cocok karo tumindake, iku saktemene ilmu karang.

76. Turuten pituture wong tuwa.

77. Wong kang ora weruh tata-krama uda nêgara, iku padha karo ora biså

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

18

Page 19: Butir-Butir Budaya Jawa

ngrasaake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet lan pahit).

78. Wong kang sepi ing kawruh samangsa ånå pasamuan kang ngrembug kawruh, mesthi meneng wae kaya wong bisu, marga ora mudheng.

79. Wong kang bodho lan mlarat ilmu, yén kumpul karo wong akeh iku kaya dene wisa, marga mung nambahi gelaning ati.

80. Wong linuwih iku kudu biså apek ati lan ngepenak-ake atining liyan. Yén kumpul karo wanita kudu biså ngetrapake tembung kang manis, kang biså gawe senenging ati. Yén kumpul karo pendhita kudu biså ngomongake kang becik. Yén ånå sakngareping mungsuh, kudu biså ngatonake kewanenane.

81. Wisane ula galak tawar dening mantra kang ngetokae banyu panguripan.

82. Yén arep weruh trahing ngaluhur, titiken alusing tingkah-laku budi basane.

83. Titikane wus putus ngelmu, basa kang biså gawe tentrem lan bungahing liyan.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

19

Page 20: Butir-Butir Budaya Jawa

84. Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.

85. Wong tuwa umure, asor kelakuane, iku ora miturut piwulang sing bênêr.

86. manuk kang dadi cacadan iku gagak, awit såkå olehe candhala atine (nistha ala atine).

87. Jun yén lokak (ora kebak) kocak, yén kebak anteng.

88. Sapi kang seru lan angor suwarane, mesthi sethithik powange.

89. Tumrap wong putus ngelmu, sesaji iku perlu kanggo rahayuning jagad.

90. Mungsuhmu kasoran, yén balamu tansah wani.

91. Tetep anteping budi lan kencenging tekad iku wohing kawruh.

92. Ora ånå mitra kang ngungkuli kagunan kang luhung lan maedahi.

93. Ora ånå satru kang luwih mbebayani tinimbang ala kang dumunung ånå atine dhewe.

94. Tepa palupi lan piwulang kang dipundhi dhewe iku piwulang sing bênêr.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

20

Page 21: Butir-Butir Budaya Jawa

95. Enoma, bagusa, isih dharah lan warasa kae, yén kapinterane ora duwe, kucem raine, tanpå cahya, ora beda karo kembang randhu alas kang abang branang ora wangi ora barang.

96. Titikaning trahing ngawirå, solah tingkah kang tata.

97. Titikane pangan kang bêcik, kang biså gawe wêwêging sarirå.

98. Titikane mitrå darmå, kêladuking panyubå-subå.

99. Titikane aluhur, alusing bêbudén lan lêgawaning ati.

100.Wong becik ora kena mangan daging kang ora suci, kudu nyirik sembarang kang dadi regeding awak utawa cedhaking satru lahir batin.

101.Panggawe ala lan panggawe becik iku tut wuri lan tuduh dalan nganti delahan. Mula wong iku mumpung urip ngudiya kabecikan, supaya dadi sarana bisane oleh swarga.

102.Yén madu kaworan wisa iku, libangen, jupuken madune. Yén emas kaworan rereged, jupuken emase banjur kumbahen. Golekana lan tuladhanen

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

21

Page 22: Butir-Butir Budaya Jawa

kautaman lan piwulang becik, sênajan dumunung ånå wong asor.

103.Rembulan lan lintang iku dadi pepadhanging rahina. Kawruh piwulang lan angger-angger iku dadi pepadhanging jagad tetelu. Anak kang mursid iku dadi pepadhanging kadang karuh lan kulawarga.

104.Wong kendel sing unggul ing perang iku padha nemu seneng, mulya lan kaluwihan.

105.Sing såpå wani ngungkuli kesuciane wong suci sewu, iku lagi disebut wong suci, yakuwi kang prayoga disuyudi wong sejagad, kena disebut sejatine pinisepuh.

106.Wong utama wajib ndandani dhayoh kang mlarat mangan lan ngrengga patilasan-patilasan leluhur kang wus rusak, supaya kena dienggo maneh.

107.Yén wong tuna susila weruh isin, sajake bakal suda tumindak tuna susila, mesthi bakal ilang, nanging yén wong utama ora adhep isin, bakal ilang utamane.

108.Saklawase isih dadi murid, sing diudi kudu kaweruh lan kautaman. Yén wis

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

22

Page 23: Butir-Butir Budaya Jawa

diwasa ngudiya omah-omah lan netepi janji.

109.Pituwase wong meneng iku bandha. Sing såpå galak pangucapane, bakal nemu sengsara. Dene sing meneng bakal diweleg bandha. Wong meneng damar pindhane.

110. Ing donya iki ånå lima cacahe bapa, yakuwi:1) Bapa sing ngukir kowe.2) Bapa sing ngentas umurmu såkå bebaya.3) Bapa sing ngingoni saklawase tanpå diwales.4) Bapa sing ngajar yakuwi guru.5) Bapa kang nyucekake kowe.

111.Wong asor lan bodho iku bisane keringan mung ånå awake dhewe. Panggedhening nêgara dialem kerana kuwasa, kendel lan pinter yén ånå daerahe. Nanging yén ånå wong suci atine, ånå sadhengah panggonan dipundhi-pundhi lan diunggulake.

112.Sing såpå weruh marang bebênêran iku kalebu wong wasis, nanging wong kang ora ngerti marang bebênêran iku kalebu wong bodho.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

23

Page 24: Butir-Butir Budaya Jawa

113.Dawa umure nanging ora tentrem atine iku kaya dene dikunjara.

114.Priya utawa wanita dalane mulya lamu darbe sipat memayu rahayuning sasama. Priya utawa wanita dalane cilaka lamun darbe watak seneng nerak pager ayu.

115.Pandhita kudu biså meper hawa nepsune, pamepere hawa nepsu sarana ngilangi karep kang kurang prayoga.

116.Lamun ånå pepetenging ati, åjå seneng muring-muring, nanging ngudiya pepadhang såkå Gustinirå pribadi.

117.Sengsara uripe iku ånå rong warna, kapisan: merga digawe dhewe, kapindho: marga såkå penggawening liyan. Kang kapisan iku ibarate tanem tuwuh kang lagi kodanan kepanasan ora diopeni, nanging kang kapindho ngibarate tanem kang tansah diepek asile nganti ora kober thukul godhonge.

118. Yén sirå ketemu wong kang sengsara marga såkå karepe dhewe iku åjå kesusu sirå tulungi, jalaran durung mesthi ketrima, nanging yén sengsara

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

24

Page 25: Butir-Butir Budaya Jawa

marga pokaling liyan enggal tulungana, awit mesthi ketrimane.

119.Kewan iku kaya dene manungså, darbe kesenengan lan ugå darbe kesusahan.

120.Sing såpå seneng mateni kewan kang ora ånå sebabe, iku ugå bakal nemu pituwas kang ora prayoga.

121.Seneng mateni kewan iku kalebu manungså kang kurang prayoga. Mula såkå iku åjå nganti dadi tukang mateni kewan.

122.Pocapan iku ånå rong prakara kang becik, kang kapisan: marga wis gawe beciking liyan, kapindho: marga wis munggah pangkat utawa drajat såkå pakarti kang apik, dene pocapan liyane durung mesthi kalebu kang apik.

123.Biså ngowahi kahanan iku beda karo ngowahi kahanan, jalaran biså durung mesthi wani.

124.Sing såpå gêlêm nglakoni kabecikan lan ugå gêlêm lelaku iku ing tembe bakal tampa nugrahaning Pangeran.

125. Ing ngalam donya iki ånå rong rupa kekarepaning bapa-biyung, kapisan: bapa-biyung kang nyarujuki anake

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

25

Page 26: Butir-Butir Budaya Jawa

sugih lan pangkat, kapindho: bapa-biyung kang ora nyarujuki anake sugih lan pangkat, angger biså urip kepenak. Dene kang apik dhewe tumraping wong kang lumrah iku milih kepenak uripe, jalaran sugih lan pangkat durung mesthi kepenak uripe.

126.Nanging tumrape wong kang darbe gegayuhan luhur, sing dijangka iku kepenak uripe lan ugå kasinungan bandha lan kasinungan drajat.

127.Kaweruh kang marakake reseping atining sasama iku kaweruh donya kang mumpangati.

128.Aneng donya iki goleka kaweruh utama, kang biså gawe tentreming jagad, lamun ånå wong kang kurang kaweruh donya iku, prasasat dhemit kang kepengin gawe rusaking manungså.

129.Perang kalawan sadulur iku ora becik, mula åjå seneng perang kalawan sadulur.

130.Perang sejatine mung kepengin golek endi sing bênêr lan endi sing luput.

131.Lamun enggal biså migunani ngelmu kudu disaranani tememen, jalaran

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

26

Page 27: Butir-Butir Budaya Jawa

lamun ora mengkono ngelmu iku tanpå guna.

132.Sing såpå gêlêm gawe becik lan ugå gêlêm gawe ala, iku ditimbang endi sing akeh, becike åpå alane iku bakal ngundhuh wohe dhewe-dhewe.

133.Darbe kaweruh kang ora ditangkarake, bareng mati tanpå tilas.

134.Yén nyenyamahi wong suci bakal cedhak patine, kaya piring tumiba ing watu.

135.Tegal yén tanpå suket mesthi bakal tininggal ing raja kaya, ora ånå kewan kang gêlêm saba mrana. Kali asat ora ånå banyune, mesthi tininggal ing kuntul, maune dadi ambah-ambahane. Wong lanang kang nista papa, mesthi tininggal ing rabine. Mengkono ugå ratu kang ora titi priksa lan ambeg siya, mesthi tininggal kawulane.

136.Wong kang ora ngerti marang trap sila kalebu wong kang ora perlu dicedhaki.

137.Cedhak marang wong kang ora trap sila bakal nulari awake dhewe.

138.Dora sing ora kena paukuman ånå limang werna:

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

27

Page 28: Butir-Butir Budaya Jawa

1) Manawa pinuju among suka ånå jagongan.2) Nalika dadi penganten bakda ketemu sepisanan.3) Menawa perlu kanggo ngreksa bandha.4) Yén perlu kanggo ngreksa umur.5) Yén perlu kanggo ngreksa tentreming kulawarga.

139.Dudu wong becik lamun ora gêlêm mawas dhiri pribadine.

140.Wong urip ora tentrem kepengin enggal mati. Dene wong urip tentrem seneng dawa umure.

141.Ngelmu karang iku amarga migunaake angkara murka.

142.Sing såpå ngerteni yén ngelmu karang mbebayani, iku kagolong wong kang wicaksana.

143.Sing såpå ngudi kautaman, upayanen ngelmu kang karya tentreming ati.

144.Sing såpå lali marang barang becik lam eling marang barang kang ala, bakal nemoni cilaka.

145.Piyandêl kang ora cocok karo kahanan iku dudu piyandêl kang nyata.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

28

Page 29: Butir-Butir Budaya Jawa

146.Akeh wong kang wedi kahanan perang, awit hukum kang becik akeh kang ora kanggo, mula banjur wedi perang. Iku kabéh keliru, jalaran perang iku ugå kepingin mbelani kabênêran.

147.Lamun ånå perang, kang kanggo hukum perang, mula åjå gumun menawa akeh wong kang ora seneng. Mula åjå nganti ånå perang yén emoh hukum perang.

148.Kaduk wani ora deduga.

149.Sakabéhing kaweruh kang ora bênêr iku åjå dienggo, jalaran bakal ngrusak pager ayu, lan ugå biså ngrusak kahanan kang apik sejene.

150.Sing såpå mung arep oleh wae, nanging emoh kangelan, iku aran wong keset, iku kabéh åjå ditiru, jalaran kulawarga lan bangsa ugå rugi.

151.Kudu angon wektu.

152.Tumindak åjå nganti getun mburine.

153.Tumindak åjå nganti manut kala mangsa.

154.Gawe rusak ora becik. Dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

29

Page 30: Butir-Butir Budaya Jawa

155.Mungsuh sing wis nugkul åjå dipateni.

156.Sing såpå mung arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka.

157.Sing såpå gêlêm mbuwang ngelmu karang bakal nemoni kabecikan.

158.Sing såpå mung arep gawe seriking liyan, kuwi ugå arep nemahi cilaka.

159.Sing såpå seneng udur, iku kena bebendu dening Pangeran.

160.Sing såpå seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwalese såkå penggawene dhewe.

161.Wani marang penggawe kang ora bênêr kuwi kagolong titah kang ora becik tumindake.

162.Sirå kudu mituhu marang pitutur kang bênêr.

163.Lamun sirå mung seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.

164.Muring-muring iku dalane antuk pepeteng, mula sing såpå seneng muring ora bakal antuk pepadhang.

165.Perang iku tanpå guna lamun asile ora ana. Migunani yén asile ana.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

30

Page 31: Butir-Butir Budaya Jawa

166.Sing såpå seneng nyidrani janji, iku bakal kena piwalese såkå asil penggawene dhewe.

167.Angrembuga kang perlu kewala.

168.Wani ngalah luhur wekasane.

169.Goleka kanca sing padha tujuanne.

170.Åjå lali marang kabecikaning liyan.

– ooOoo –

KEBANGSAAN

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

31

Page 32: Butir-Butir Budaya Jawa

1. Bangsa iku minangka sarana kuwating nêgara, mula åjå nglirwaake kebangsanirå pribadi, supaya kanugrahan bangsa kang handana warih.

2. Nêgara iku tanpå guna lamun ora darbe angger-angger minangka pikukuhing nêgara kang adhedhasar idi kalbune manungså salumahing nêgara kuwi.

3. Kang becik iku lamun ngerti anane bebrayan agung, ing ngarsa asung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.

4. Nêgara biså tentrem lamun murah sandhang kalawan pangan, marga para kawula padha seneng nyambut karya, lan ånå panguwasa kang darbe sipat berbudi bawaleksana.

5. Wadya-bala kang seneng kawula alit, iku dadi senengane para kawula sajroning praja, gawe kukuh sarta minangka tamenging nêgara.

6. Para mudha åjå ngungkurake kaweruh kang nyata, amrih karya ungguling bangsa lan biså gawe rahayuning sasama.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

32

Page 33: Butir-Butir Budaya Jawa

7. Nêgara kang kasuwur kasinungan kanugrahaning Pangeran, maujud tatanan praja lan tatanan batin kang murakapi rahayuning bangsa, wadya-balane kuwat lan kawulane suyud.

8. Panguwasa iku kudu gawe tentrem para kawulane, marga yén ora mengkono biså dadi kawula ngrebut nêgara.

9. Nêgara kuwat iku amarga kawulane seneng uripe lan disuyudi dening liyan nêgara.

10. Ratu kang darbe watek berbudi bawaleksana, ambeg paramarta, kusuma rembesing madu, wijiling atapa, iku mesthi dipundhi-pundhi dening para kawula.

11. Kawula iku minangka tamenging nêgara semangsa ånå panca baya.

12. jaman kang ora kepenak kanggo kawula bakal ilang lamun wus ånå wong kang biså mbengkas karya.

13. Jaman ora kepenak tumrap kawula bakal ilang lamun wus ånå janma kang sabar sarana mulang ngelmu marang kawula kanggo ketentremaning jagad.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

33

Page 34: Butir-Butir Budaya Jawa

14. Sandhang kalawan pangan iku tumraping kawula kudu diperlokake, mula sirå åjå nyepelekake sandhang kalwan papan. Mengkono ugå katentreman atine kawula perlu, supaya ora ånå kridha paripeksa sing tumama.

15. Lamun sirå dadi wadya-balaning nêgara, åjå sirå kepengin kuwasa dhewe, jalaran ing tembe bakal ånå wong sing biså ngalahake sirå, yén sirå wus ora kasinungan maneh. Dene wadya-bala kang kepengin kuwasa marga sing mengku nêgara ora darbe watak berbudi bawaleksana, iku biså dadi tetungguling prajurit ing nêgara kuwi.

16. Yén wong becik kang kuwasa, kabéh kang ala didandani lamu kena, dene yén ora kena disingkirake, mundhak nulari (cuplak andheng-andheng).

17. Wataking manungså iku kepengin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringi panguwasa miturut karsaning Pangeran pribadi.

18. Nêgara kuwat ugå marga såkå wadya-balane kuwat lan kawulane suyud. Nêgara kang kuwat iku kalebu

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

34

Page 35: Butir-Butir Budaya Jawa

kasinungan kanugrahan dening Kang Maha Kuwasa. Dene kang mengku nêgara kudu ndarbeni watak berbudi bawaleksana.

19. Nêgara kang mung kuwat marga wadya-balane, lan disuyudi dening kawulane, iku durung mesthi kuwat saklawase, jalaran kawula mau suyude mung marga wedi karo wadya-balane mau. Dene nêgara kuwat marga kawulane suyud kamangka wadya-bala kurang kuwat, iku marga kasinungan dening Kang Maha Kuwasa. åpå dene kang mengku mau darbe watak berbudi bawaleksana.

20. Desa mawa cara, nêgara mawa tata.

21. kawula kang seneng uripe marga panggautane akeh pametune, ing kono nêgarane biså tentrem ora ånå wong colong jupuk.

22. Lamun sirå darbe penguwasa åjå sirå luru aleman, jalaran iku mau bakal ketemu pituwase kang ora prayoga.

23. Kuwasa marga diangkat kancane utawa sedulure kang lagi kuwasa, iku ngibaratake melu payu. Dene darbe

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

35

Page 36: Butir-Butir Budaya Jawa

panguwasa marga kapintêran lan kasinungan nugraha dening Pangeran iku ora kalebu melu payu.

24. Ratu kang ngêgungake pêpak gêgamane ora kajén uripe, marga kawulane wedi yén dipateni.

25. Ing nêgara kang kasuwur murah sandhang kalawan pangan lan para kawula padha seneng nyambut karya, iku mesthi ånå penguwasa kang darbe watak berbudi bawaleksana lan ugå ånå janma kang handana warih. Mula yén nêgara kepingin kuwat tirunen kahanan kang kaya mengkono iku.

26. Lamun ånå penguwasa asale såkå wong ala, iku ora lawas bakal konanga alane, sebab kabéh mau wis kawaca såkå tumidake penguwasa mau.

27. Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula åjå sirå seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

28. Ing wêktu akeh wong kang uripe marga panggautane akeh pametune, ing kono negara biså tentrem, ora ånå wong colong jupuk darbeking negara.

29. Samangsa ånå negara rusak amerga ånå peperangan, ing kono

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

36

Page 37: Butir-Butir Budaya Jawa

kawula padha kepingin marang darbeking liyan kang isih wutuh ora rusak marga peperangan. Mula negara kudu nyarujuki wong sugih dana weweh marang wong mlarat.

30. Wadya bala kang seneng marang kawula alit, iku dadi senengane para kawula sajroning negara.

31. Ratu iku durung mesthi kepenak uripe, lamun ora biså ngawruhi kawulane.

32. Ratu kang mung seneng uripe marga akeh bandhane, ing tembe matine ora kajen. Mula dadi Ratu åjå sawiyah-wiyah marang kawulane.

33. Perang iku tumraping kawula pancen ora seneng, jalaran mung gawe rugi panggautane, nanging tumraping satriya kang tinanggenah njaga negara, perang iku malah seneng, luwih-luwih yén perange menang.

34. Negara akeh pepeteng, jalaran kurang sandhang kurang pangan lan penguwasa datan darbe watak berbudi bawelaksana, ath-Thur: ora ånå janma kang hadaa warih, ing kono negara bakal dikuwasani dhemit lan banaspati.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

37

Page 38: Butir-Butir Budaya Jawa

35. Ratu kang murang sarak iku åjå diajeni, jalaran ratu kang kaya mengkono iku gawe rusaking negara.

36. Ratu kang seneng wanita akeh, iku ugå biså gawe rusaking negara, jalaran para putra padha rebutan bandha lan peguwasa.

37. Perang iku becik lamun tujuwane nggayuh kamardikaning negara lan bangsane, lan perang ala lamun kanggo njarah-rayah darbeking liyan.

38. Sing såpå wedi perang iku padha karo wedi marang kasunyatan, jalaran perang iku ugå kasunyatan. Yén ora ånå perang babar pisan, iku pretandha ing tembe bakal ånå perang gedhen.

39. Sig såpå ora gêlêm gawe becik marang liyan, åjå sirå ngarep-arep yén bakal oleh pitulungan ing liyan.

40. Wong ala samangsa kuwasa åjå dicedhaki, sebab mbilaheni, saya mundhak angkara murkane, lan meneh bakal dienggo srana menangake kag ala mau.

41. Wong ala iku lamun kuwasa banjur sawiyah-wiyah nguja hawa napsune, lan

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

38

Page 39: Butir-Butir Budaya Jawa

ugå ngagung-agungake penguwasane, mula åjå biså nyekel penguwasa.

42. Wong kang rumangsa nindakake panggawe kang kurang prayoga, nanging emoh mareni, iku åjå dicedhaki, mundhak nulari.

43. wong ala yén biså kuwasa, kang ala iku diarani becik, kosok baline yén wong becikkang kuwasa, kang becik iku kang ditindhakake.

44. Pathokaning negara iku dumunung ånå angger-anggering negara.

45. Dhasaring negara iku ånå lima, kapisan pasrah anane negara iki marang Kang Murbeng Dumadi. Kapindho precaya marang anane manungså iki såkå Kang Murbeng Dumadi. Kaping telu åjå sirå nglirwakake bangsanirå pribadi. Kaping papat sirå åjå mung kepingin menang dhewe, mula prelu rerembugan amrih becike. Kaping lima kewajiban aweh sandhang kalawan pangan lan ugå njaga katentreman lahir kelawan batin.

46. Jaman kang ora kepenak, akeh wong pangkat dikuya-kuya, wong sugih dirayah bandhane. Nanging jaman

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

39

Page 40: Butir-Butir Budaya Jawa

kepenak kosok baline, gentho maling ora ana, sig ånå mung tentreme kawula.

47. Rumagsa melu handarbeni. Wajib melu hanggondheli. Mulat sarirå hangrasa wani.

– ooOoo –

KEKELUARGAAN

1. Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

40

Page 41: Butir-Butir Budaya Jawa

2. Sing såpå lali marang wong tuwane prasasat lali marang Pangerane. Ngabektiya marang marang wog tuwa.

3. Putra wayah wulangen marang kautaman, predinen susileng tata, supaya gawe pepadhanging kulawarga.

4. Wong tuwa kang ora ngudi kebecikan, sarta ora ngerti marang udha negara lan tata krama, kuwi sejatine dudu panutane putra wayah.

5. golek jodho åjå mung mburu endhahing warna. Pala krama åjå ngeceh-eceh bandha.

6. Tumprap wong sesomahan kudu amongsih, kulawarga kang apik lamun padha rukun lan darbe panjangka amrih rahayuning jagad.

7. sing såpå seneng urip tetanggan kelebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedhaki nangig åjå ditresani.

8. Wong urip kudu ngupaya boga. Tuking boga såkå nyambut karya. Sregep makarya biså gawe mulya tumraping kulawarga.

9. Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

41

Page 42: Butir-Butir Budaya Jawa

10. Upayanen turuning janma utama.

11. Mikul dhuwur mendhem jero.

12. Goleka kanca sing pada tujuanne.

13. Ora ånå katresnan kang ngluwihi katresnan wong tuwa marang anak.

14. Putra iku tiru bapa biyung idham-idhaman wong tuwa kang becik. Dene wong ala ora bakal mikir kepriye bakal kedadeyane anak tembe mburi.

15. Wong tuwa kudu memulang kang prayoga marang putra wayah.

16. Darbe putra utama mesthi denalem kathah ing janma.

17. Wong kang lali omahe sok mbilaheni. Bilahi såkå wong ala. Bilahi såkå priya utawa wanita. Bilahi såkå sepadha-padha.

18. Sing såpå nyembah marang wong tuwa kang ora ngerti uda negara lan tata krama, kuwi prasasat ngumbah uyuh lan kotoran kang akeh banget.

19. Kulawarga iku åjå digawe serik, jalaran mundhak ringkih adeging kulawarga.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

42

Page 43: Butir-Butir Budaya Jawa

20. Marang garwa kang rujuk gendhon rukun sekarone.

21. Tumrap wong wadon, anak kang dadi wohing among asih.

22. Wong tuwa kang ora gêlêm memulang marang putra wayahe iku dudu wong tuwa.

23. Anak iku minangka terusane wong tuwa.

24. Sapa sing mikir anak putrane iku janma linuwih, dene wong ala babar pisan ora mikir marang anak putune.

25. Maratuwa iku dadi lantarane rabi utawa lakinirå.

26. Maratuwa iku kudu tresna marang mantu, jalaran mantu iki sisihane putrane.

27. Tresna marang mantu iku padha wae tresna marang putra, jalaran putu iku såkå katresnane putra lan mantu.

28. Putra ala metengi sedulurirå.

29. Putra becik nyirami mring kulawarga.

30. Anane kulawarga becik marga wong-wonge becik. Mula åjå darbe pangirå

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

43

Page 44: Butir-Butir Budaya Jawa

lamun wong-wonge padha ala kulawargane biså becik.

31. Lamun ånå wong kang tansah gawe gelaning atine liyan, jalaran rumangsa dheweke darbe pangkat, iku ugå perlu diedohi. Ing tembe yén wis ilang pangkate, kari katon alane wae.

32. Yén memulang marang garwa iku sedih sabar drana. Luwih ala maneh yén memisuh lan marang garwa.

33. Kudu pinter memulang marang anak.

34. Lamun putra darbe kersa tan prayoga kudu santosa pamekake.

35. putra iku predinen susileg tata.

36. Sedulur iku apik lamun kabéh darbe panjangka amrih rahayu.

37. Dene sedulur kang ora apik lamun sing siji utawa kabéhe pada sulaya lan emoh darbe panjangka amrih rahayuning sesama.

38. Samangsa ånå warga kang ora becik kudu dikandhani, mundhak nulari.

39. Kulawarga kang ora becik åjå dicedhaki, mundhak ketularan.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

44

Page 45: Butir-Butir Budaya Jawa

40. cedhak kulawarga kang becik, sênajan ketularan, ketularan becike.

41. Kasektene bocah iku nangis, pamrih ben ditulungi utawa diugung. Kasektene iwak yén ånå banyu gedhe jero wewalikan. Kasektene manuk, mabur dhuwur ing ngawang-ngawang. Kasektene ratu (negara), ånå bala patang golongan kang pepak gegamane.

42. Sayojana iku dohe sepuluh ewu dhepo. Swara gong krungu nganti sayojana. Aruming jeneng ngambar-ambar salumahing bumi (dialem wong).

43. Titikane wong kang putus ngelmu, basa kang biså gawe tentrem lan bugahing liyan.

44. Wong linuwih iku kudu biså apek ati lan ngepenakake atine liyan.

45. Yén kumpul wanitakudu biså ngetrapake tembung kang manis kang biså gawe senenge ati.

46. Yén kumpul pendhito kudu biså ngomongake tembug kang becik.

47. Yén ånå sangareping musuh kudu biså ngatonake kuwasane.

48. Tangga iku pada karo bapa biyung.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

45

Page 46: Butir-Butir Budaya Jawa

49. Sing såpå ora seneng tetanggan klebu wong kang ora becik.

50. Wong kang ora gêlêm nyedak tangga marga åjå nganti ketularan alane iku klebu janma linuwih.

51. Tangga sing gêlêm tetulung iku titenana. Yén mengku karep iku bakal ketara. Nanging yén sarana bebarengan urip bakal dadi kanca salawase.

52. Tangga iku kadya ula umpamane, kena diingu nanging ya gêlêm nyokot.

53. Tangga kang ora becik atine åjå dicedhaki, nanging åjå dimungsuhi.

54. Tangga iku perlu dicedhaki, nanging åjå ditresnani.

55. tangga iku singkiråna lamun darbe sipat kang kurang prayoga.

56. Kepinteran iku sarana ngupaya boga.

57. Tuking boga såkå nyambut karya.

58. Sregep iku biså gawe kamulyan.

59. Yén makarya udinen kang becik kedadeyane.

60. Wong tuwa ora kena dadi mungsuhe anak.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

46

Page 47: Butir-Butir Budaya Jawa

61. Golek jodho åjå mung mburu endah ing warna. Sênajan ayu atawa bagus, yén atine durjana, ora wurung disiriki liyan.

KEBENDAAN

1. Darbe bandha iku pratandha biså nguwasani kahanan donya, mung wae udinen katentreman njaba-njero, lahir timbang kalawan batin.

2. Bandha kan resik iku bandha kang såkå nyambut karya, lan såkå pametu sejene kang ora ngrusakake liyan, dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa såkå nemu duweking liyan kang kawruhan sing duwe.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

47

Page 48: Butir-Butir Budaya Jawa

3. Kadonyan kang ala iku aatêgês mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa-tengene, ugå ora mikirake kahanan batin.

4. Sing såpå rebutan bandha kang marakake crahing negara lan bangsa, iku kudu laku kang utama awit wekasane rusak negarane.

5. Lamun ånå perang banjur melu perang golek bandha, iku ora kelebu satriya kang biså perang.

6. Wong kang sugih bandha lan sugih sanak sarta sugih kapinteran lan kabecikan, iku luwih mulya katimbang wong kang ngumbar panguwasa lan sawiyah-wiyah.

7. Golek bandha iku sing samadya wae, udinen katentreman njaba-njero.

8. Sing såpå wedi marang bandha kang ala, iku kalebu manungså linuwuh.

9. Bandha iku dadi kanca lan ugå dadi mungsuh.

10. Bandha iku anane aneng donya, mula yén mati ora digawa.

11. Wong golek kemakmuran iku ora kalebu kadonyan.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

48

Page 49: Butir-Butir Budaya Jawa

12. Wong kang sugih bandha sugih sanak lan sugih kapinteran iku luwih mulya katimbang dadi ratu.

13. Yén wong urip tanpå bandha sepi uripe, kosok baline urip ngangsa-angsa anggone golek bandha bakal mati kemulusen lamun bandhane dicolong wong.

14. Sing såpå mung gêlêm perang mung golek bandha, iku ora perlu didadekake pangareping perang, jalaran iku mbilaheni.

15. Bandha iku gawe mulya lan ugå gawe cilaka. Gawe mulya lamun såkå barang kang becik, gawe cilaka lamun såkå barang kang ala.

16. Wong urip iku åjå tansah kepengin bandha wae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-mangsa biså gawe cilaka.

17. Sing såpå kang tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ånå owahing jaman.

18. Sing såpå ngegungake bandhane, wirang lamun sirå bandhane.

19. Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara, lan mboyong putri,

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

49

Page 50: Butir-Butir Budaya Jawa

nanging jaman iku ilang bareng wis ngerti manawa wanita boyongan mau biså gawe ringkihing negara.

20. Sing såpå seneng crah kalawan sedulur marga rebutan bandha iku ora apik.

KETUHANAN YANG MAHA

ESA

1. Åjå andhisiki kersa.

2. Åjå sirå mung kelingan barang kang katon wae, sebab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.

3. Åjå sirå wani marang wong atuwanirå, jalaran sirå bakal kena bendu såkå Kang murbeng Dumadi.

4. Åjå darbe pangirå yén mung piyandêlirå iku kang såkå Pangeran.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

50

Page 51: Butir-Butir Budaya Jawa

kabéh piyandêl iku asale såkå Pangeran. Ing ngendi papan Pangeran iku ana.

KEROHANIAN

1. Åjå darbe pangirå yén lêlêmbut iku mesthi alane, jalaran sing apik iya ana, sing ala iya ana, ora beda kaya dene manungså.

2. Åjå ngala-ala liyan marga biså caturan karo lêlêmbut, yén sirå dhewe durung biså caturan karo lêlêmbut.

3. Åjå lali saben ari eling marang Pangeranirå, jalaran sejatine sirå iku tansah katunggon Pangeranirå.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

51

Page 52: Butir-Butir Budaya Jawa

4. Åjå seneng gawe rusaking liyan, jalaran sirå bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinirå.

5. Åjå sirå nacad piyandêling liyan, jalaran durung mesthi yén piyandêlirå iku sing bênêr dhewe.

KEMANUSIAAN

1. Åjå lali marang kebecikaning liyan.

2. Åjå lali marang kahanan kang tau gawe susah, jalaran kang kaya mengkono mau biså bali maneh, mula kudu ngati-ati.

3. Åjå lali marang panggawe becik, jalaran panggawe becik iku minangka dalane mulyanirå.

4. Åjå sirå deksura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

52

Page 53: Butir-Butir Budaya Jawa

5. Åjå rumangsa bênêr dhewe, jalaran ing donya iki ora ånå sing bênêr dhewe.

6. Åjå semangkeyan rumangsa dadi wong sugih, nuli lali marang wong atuwane, jalaran iku aatêgês ora mikani Pangeran.

7. Åjå wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.

8. Åjå tansah gawe gelaning liyan, iku prasasat gawe gelaning awake dhewe.

9. Åjå gawe serik atining liyan.

10. Åjå golek mungsuh.

11. Åjå wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara.

12. Åjå sirå mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ånå uwis-uwise.

13. Åjå kaget lan gumun samubarang gumelaring doya.

14. Åjå ngumbar hawa napsu, mundhak sengsara uripe.

15. Åjå melik darbeking liyan.

16. Åjå cidra ing janji.

17. Åjå dumeh.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

53

Page 54: Butir-Butir Budaya Jawa

18. Åjå kumalungkung.

19. Åjå kumingsun.

20. Åjå dhemen cidra.

21. Åjå munasika kewan.

22. Åjå gumedhe.

23. Åjå tumindhak rusuh.

24. Åjå ngrusak pager ayu.

25. Åjå dahwen.

26. Åjå drengki.

27. Åjå kuminter.

28. Åjå kareman.

29. Åjå ambeg siya.

30. Åjå ngece wong kang ora duwe.

31. Åjå gegedhen rumangsa.

32. Åjå adigang, adigung, adiguna.

33. Åjå nggege mangsa.

34. Åjå nampik rejeki.

35. Åjå semangkeyan rumangsa dadi wong sugih lan pangkat, nuli ninggal marang wong tuwane.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

54

Page 55: Butir-Butir Budaya Jawa

36. Åjå dawa tangane.

37. Åjå panasten.

38. Åjå dadi wong kag kuciwa uripe, iku dudu wong kang utama.

39. Åjå seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating dhemit.

40. Åjå seneng yén den alem, åjå sengit yén den cacat.

41. Åjå kesusu ngaku kendel, ngaku suci lan wani ånå ngarepe wong pinunjul. Sing såpå biså ngalahake wong kendel satus, iku lagi kena disebut wani.

42. Åjå lali piwulang kang becik.

43. Åjå lali marang ngelmu kang karya tentreming ati, jalaran kuwi kang biså gawe mulyanirå lahir-batin.

44. Åjå aweh kasekten marang durjana.

45. Åjå lali marang kahanan kang marakake perang, jalaran yén sirå tansah lali, bakal tansah ånå peang wae.

46. Åjå mburu aleman.

47. Åjå selingkuh.

48. Åjå seneng madon.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

55

Page 56: Butir-Butir Budaya Jawa

49. Åjå seneng main.

50. Åjå seneng maido.

51. Åjå seneng madat.

52. Åjå dhemen nyar.

53. Åjå bosenan.

54. Åjå gebyah uyah padha asine.

55. Åjå dadi wong pinter keblinger.

56. Åjå mung tuwa tuwas.

57. Åjå deksura.

58. Åjå mung nyatur alaning liyan.

59. Åjå golek menang dhewe.

60. Åjå gampang kelu ing swara.

61. Åjå taberi utangan.

62. Åjå seneng royal.

63. Åjå seneng nyenyamah wong tuwa mundhak cilaka.

64. Åjå nyenyamah wong suci, mundhak nampa siku dhendha.

65. Åjå pisan nacat ing liyan, ora ånå wong kang ora cacat.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

56

Page 57: Butir-Butir Budaya Jawa

66. Åjå memitran karo wong ala mudhak ketularan alane. Srawunga karo sujana, ben ketularan pintere.

67. Åjå dumeh kuwasa, mundhak kena walade.

68. Åjå tansah gawe rusak.

69. Åjå wedi marang panggawe becik, lan wani marang panggawe ala.

70. Åjå mung golek gampange wae, jalaran iku kelebu wong ora becik tumindake.

71. Åjå seneng nggampangake.

72. Åjå seneng lelaku kanggo ngrusak ketentremaning liyan, awit iku bakal kena piwalese såkå pakartinirå pribadhi.

73. Åjå ngaku biså dadi wong suci dhewe, jalaran iku durung kena diarani wong suci yén isih gêlêm colong jupuk darbeking liyan.

74. Åjå golek mungsuh.

75. Åjå gawe seriking atining liyan.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

57

Page 58: Butir-Butir Budaya Jawa

KEBANGSAAN

1. Åjå mung seneng yén lagi darbe panguwasa, serik yén lagi ora darbe panguwasa, jalaran kuwi bakal ånå bebendhune dhewe-dhewe.

2. Åjå mung kepengin menang dhewe kang biså marakake crahing negara lan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir-batin.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

58

Page 59: Butir-Butir Budaya Jawa

KEKELUARGAAN

1. Åjå mung ngaku wong tuwa lamun wong atuwane katon sugih lan dhuwur drajate, jalaran sirå iku asale såkå wong tuwanirå sênajan kaya gapa wujude.

2. Åjå mung nganggo basa kasar.

3. Åjå seneng memisuh lan mala marang garwa.

4. Åjå ngendelake anake wong wirya la sugih bandha, durug mesthi darbe kapinteran sarana ngupaya boga.

5. Åjå mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha, jalaran pangkat lan bandha iku mau biså sirna sadurunge sirå pralaya.

6. Åjå mung rumangsa biså, nanging ora biså rumangsa.

7. Maratuwa åjå diwaneni mundhak silih ungkih.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

59

Page 60: Butir-Butir Budaya Jawa

KEBENDAAN

1. Båndhå iku pêrlu nanging åjå diumuk-umukake, drajat lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamér-pamérake, jalaran biså mlésétake awake dhewe.

2. Åjå melik darbéking liyan, margå råjåbrånå lan wanitå iku biså gawe congkrahing pårå sujånå lan ugå gawe nistaning ati.

3. Åjå ngegungake dadi wong sugih båndhå mundhak kuciwå ing têmbe mburine, sêbab kahanan kang ånå iki biså rusak.

4. Åjå seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha biså lunga drajat biså oncat.

5. Åjå seneng bandha kang ora becik.

6. Åjå seneng marang wong kang lagi nguja hawa napsu marga akeh bandhane jalaran bandha mau biså

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

60

Page 61: Butir-Butir Budaya Jawa

gawe cilaka amarga durung mesthi bandha kang resik.

7. Åjå sirå mung lelaku kanggo golek bandha wae, jalaran iku malah gawe nistha ing tembe mburi.

8. Åjå sirå mung seneng lelaku kanggo nggolek drajat lan pangkat wae, jalaran biså mlesetake sirå pribadi.

__________ Butir-butir Budaya Jawa __________

61