Top Banner
Bebuka Assalamualakum wr wb Sedaya puji kula aturaken dumateng gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang maringi kesarasan dumateng kula sahingga saget ngrampungaken buku menika, mboten kesupan kula aturakan selawat serta salam ingkang kunjuk dumaten junjungan rosulullah SAW ingkang kita tengga syafaatipun ing yaumil kiyamah. Buku “Namung Mata kang Wicara”menika kempalan geguritan ingkang wosipun dipunpendet saking paweruhi panyerat . Saking terbitipun buku menika kula nyuwun atur panuwun dumateng : 1. Allah SWT 2. Bapak lan ibu 3. Ibu Prembayun inggih menika Dosen pengampu 4. Kanca-kancaku kang aweh semangat Buku menika uga saget dipun sebat uneg-unegku ingkang kula sontakken wonten geguritan Wassalamualaikum wr wb Semarang, 27Juni 2012 Usman Hanafi Daftar Isi 1. Bebuka i 2. daftar isi ii 3. Pahlawan Saiki 1 4. Iki dudu kaca benggala 2 5. Rasa 3 6. Nduwenane Bocah Lanang 4 7. Nata Ati 5 8. Ora bisa di waca 6 9. Dudu Ajaran 7 10. Pajek 8 11. Ati-ati 9 12. Demokrasi 10 13. Kudhung 11 14. Antri Lucu 13 15. Cidra 14 16. Kesengsem 16 17. Metamorposis Rembug 17 18. Bener lan Salah 18 19. Korupsi 19 20. Biografi 21 i ii
12

Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Apr 15, 2018

Download

Documents

buihanh
Welcome message from author
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Page 1: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Bebuka

Assalamualakum wr wb

Sedaya puji kula aturaken dumateng gusti ingkang murbeng

dumadi, ingkang maringi kesarasan dumateng kula sahingga

saget ngrampungaken buku menika, mboten kesupan kula

aturakan selawat serta salam ingkang kunjuk dumaten junjungan

rosulullah SAW ingkang kita tengga syafaatipun ing yaumil

kiyamah.

Buku “Namung Mata kang Wicara”menika kempalan geguritan

ingkang wosipun dipunpendet saking paweruhi panyerat .

Saking terbitipun buku menika kula nyuwun atur panuwun

dumateng :

1. Allah SWT

2. Bapak lan ibu

3. Ibu Prembayun inggih menika Dosen pengampu

4. Kanca-kancaku kang aweh semangat

Buku menika uga saget dipun sebat uneg-unegku ingkang kula

sontakken wonten geguritan

Wassalamualaikum wr wb

Semarang, 27Juni 2012

Usman Hanafi

Daftar Isi

1. Bebuka i

2. daftar isi ii

3. Pahlawan Saiki 1

4. Iki dudu kaca benggala 2

5. Rasa 3

6. Nduwenane Bocah Lanang 4

7. Nata Ati 5

8. Ora bisa di waca 6

9. Dudu Ajaran 7

10. Pajek 8

11. Ati-ati 9

12. Demokrasi 10

13. Kudhung 11

14. Antri Lucu 13

15. Cidra 14

16. Kesengsem 16

17. Metamorposis Rembug 17

18. Bener lan Salah 18

19. Korupsi 19

20. Biografi 21

i ii

Page 2: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Pahlawan Saiki

Luh, kringet padha netesi, kesele awak sing lagi gebuki

Semangat, mung bisa angalahi

Jiwa patriotisme kang lagi di uji

Tetep, madhep njaga konsentrasi, para atlet,kang lagi mbelani

Mibere gendera nagara kang kita tresnani

Yen wis umur naging ora diajeni

Apa meneh disumbang , sing genah waeora diwangsuli

Iki mung awujud dihormati

Iki dudu godhong jati, dudu kemangi mung godhong mahoni

kang ora bisa diduwiti, anangiing kanggoku mung butuh diijoli

Iki dudu kaca benggala

Bening ora banyu

Atos ora watu

Kotak alus dudu kayu

Malah dadeake geguyu

Iki apa....

Jare biyungku.... kaca

Ing jaman saiki, negara wis meh pecah

Aku mung jaluk kaliyan pamerintah

Sifat kaca bisa dadi petuah

Bisa kanggo ngilo, trasparan uga indah

Negara sing dak senengi ora bubrah

Iki dudu kaca benggala, kang duwe kasekten

Mung iki kudu diwiwiti

Awet saiki

1 2

Page 3: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Rasa

Banyu netes ngenani ati sing lagi mbesengut

Temetes mili ana ing plataran lambe sing lagi mencep

Bledek gumlegar ngenani pangrungu

Pangrungu kang madep marang ati kang pada metutut

Tak pancal pedalku iki , ben ra okeh banyu sing pingin demek

awakku

Tekan pangiyup kang tansah nerima

Pegele badan amarga polah ing gawe

Lan katon tangan kang awe-awe

Kaya gegodongan kang keterak bayu

Kang biyasa dak undang “Ibu”

Atis, anyep, adem pada leren ana ing badan

Karepe wedi karo udan

Tak arep-arep ... aku mlebu ing angeting raga....

Ing panggonan kang gawe ayemme rasa

Nduwenane Bocah Lanang

Iki barang apa

Barang cilik ndadekke perkara

Marai metu eleke ukara

Wes cetha katulis marai lelara

Lha kok malah pada mara

Nginiki sing goblok sapa

Jarene nek ora dilakoni ndadeke sepa

Lha apa ora mikir, sing nang andengmu beka

Dadi wong kuwi ya sing peka

Woooo dasar rokok

Ndadiake wong podo pekok

Marai wong bengak-bengok

Sing nang cedak kupinge kopok

Doookkk... kodoookkkk

3 4

Page 4: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Nata Ati

Mlaku ing dalan kang saya ngadoh

Ngoyak barang kang ra weruh

Keterak angin kan pada playon

Di antem lirikane srengenge

Kukuhing ati mantep ing dalane

Sang saya suwe indahe sang saya katon

Raketing ing memitran

Netepake suku mandeg ing pepanggihan

Ing panggonan kang asri

Ngudi ilmu, kanggo sangu ing tuwan

Ing pucuking kota semarang

Ing kampusku, kampus konservasi

Ora bisa di waca

Suara kang ngaung

gugah ati kang lagi mendung

sumpek, judeg pikiran mubeng

suara mau ngrasa ngundang

gawa ati ing plataran kang padhang

ing sisih kiwa , setan gawa plang

kang unine

“ thenguk-thenguk, anteng, lan meneng”

Adzan mbengok, ngakon mara pasujudan

Tentrem adem ayem

Ing kana pancen gawe ati tentrem

Jubul aku suwe wis ora bener

5 6

Page 5: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Dudu Ajaran

Saiki jaman edan

Yan ra edan ora keduman

Une-unen kuwi guyonan apa tenanan

Sing mesthi ora iklan

Urip kuwi kudu cekatan, ana ing gawean

Iki dudu dolanan

Manungsa aja mung ngetokke kaapikan

Sing ala di umpetke , wedi yen konangan

Sandang, pangan uga papan aja dadi kautaman

Sing, katon mung kerakusan

Sing jane di utamakke kuwi akure tetanggan

Iki dudu wejangan

Lan dudu pengarepan apa meneh ajaran

Iki mung omongan, manungsa kang ora weruhan

Tapi nduweni rasa kang diwujudake gremengan

Pajek

Tahun mbentahun Kabeh pada ngetoake

Duwit sitik kanggo ngijoli

Lemah, motor, mobil kang arupa upeti

Pancen , duwit samono ora sepira

Kanggone wong kang kuwasa, lha kanggone wong kang rekasa

Mara rene mara rana

Utang rene utang rana

Iku mung kanggo mbayari

Yen wis tekan nduwr kok padha dikorupsi

Aduh... apa ngene iki kelakuane negara iki

Apa-apa mbalik ana ing korupsi

7 8

Page 6: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Ati-ati

Barangku-barangmu

Duwekmu-duwekku, saiki jamanmu

Kabeh kuwi pancen panduwenmu

Ananging apa yakin nak kuwi mung panduwenmu

Barang iki tipis tapi medeni

Lenture ngyakini

Iki dudu mbedeki, apa maneh ngapusi

Lha kok pada wedi

Lambe kuwipancen duwekmu

Kuwi uga bisa dadi bencanamu

Kari pintere kowe milih dalanmu

Akeh pada rusak saka iku

Gawe kahanan kang orsa akur

Kaya anak panah ing busur

Kang waspada nembak manuk kang mabur

Demokrasi

Demokrasi, demokrasi ohhhh demokrasi

Saiki kuwe ana ing ngendi

Demokrasi kang sejati

Dudu demokrasi kang ngobral janji

Semana, kue di gemborake

Lan ngalahake cara monarki

Saiki seng katon mung jenenge

iki carane sapa..

cara sing gawe bingunge negara

insyiyur, presiden wis lali iku apa, apa meneh mahasiswa

pancen, lambe kuwi panggonan sing kerep ngapusi

beda karo kang ana ing jero ati

apa pancen wis padha ora duwe ati

demokrasi- demokrasi gawe ruwete negara iki

9 10

00

0

Page 7: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Kudung

Kemlebat bandamu,nutupi sutraning alam

Putih resik panutup ira

Bening, genahke mata kang lagi mandang

Ana kembang kang mekar ing dhuwurmu

Sedep, arum, gandane ngundang mahkluk kang cerewet

Iki mung awujud kudung

Kudung –kudung ... apa kanggomu

Gawe ayu?

Nutupi panas?

Apa nutupi kaalanan?

Wolak walike jaman, kudung kanggo pantesan

Jarene supaya kembar karo kancane

Aduh- aduh ana meneh ngang gone yen pas pengajian

Beda meneh yen gombale klawus, moh nganggo

Salah kaprah

Kanggone kuwi nutupi aurat

Ora mung ben nambahi ayu

Kuwi mung bonus

Astagfirullahhaladzim...

11 12

Page 8: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Antri Lucu

Hahaha wkwkwk

Apike negara iki

Kabeh pada antri

BBM,BLT uga LPJ

Bangga aku lahir ing negara iki

Nganti- nganti korupsi kuwi yo pada antri

Bar kasus iku, ngaleh kasus iki

Gayus, nazarudin, bar kuwi angie

Hahaha wkwkwk

Bangga meneh aku lahir ing negara iki

Rakyate pada rukun

Kabeh-kabeh bareng

Yen ora bareng ora gelem

Kaya koruptor, kena siji kancane daijaki

hihihihi

Cidra

Gluduk ana ati

Angin kang seger uga ana ing ati

Ana apa sing tak rasake saiki

Rasa seneng lan wedi, nyampur dai siji

Pingin taktokke, tapi apa sing ditokke

Indahing donya dadi siji

Kuwi ana ing awakmu

Tak waniake nulis surat

Tak tujuake marang awakmu

Tak selehake ing meja kelasmu

Tak arep-arep balesanmu ngnti ra isa turu

Awan iki aku pas-pasan

Lambemu mesem, ngiyasi rupa ayu panduwenmu

Bali sekolah aku mlayu, mara ing mejamu

Salembar kertas ana ing kana

Tak waca alon-alon

13 14

Page 9: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

“aku pingin kuwe dadi kancaku,dudu pacarmu, senengku beda

karo awakmu”

Kesengsem

Gegodongan miber-miber ngundang

Srengenge nginceng, ana ing sawaliki mega

Kembang –kembang pada mekar

Tawon padha-nyebut-nyebut

Ratuning penggalih mudhun

Kinawal widodari, lan prajurit

Ati iki miber-miber, weruh kang kaya mangkana

Eseme pait madu, gawe bombong

Lanangan kabehpadha kesengsem

Rasa iki pengin nduweni

Nanging piye, godhong wis ana tawon

15 16

Page 10: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Metamorposis Rembug

Masalah, perkara kuwi bumbuning urip

Nangip urip ora kangga golek perkara

Musyawarah carane wang jawa

Kanggo ngrampungke perkara

Cara iki diadopsi ing negara

Iki beda , wis beda

Olehe nerapke ing negara

Kudune golek dalan liya, malah golek masalah liya

Seneng rembukan mung golek kesalahan liyan

Ngolah lathi, kaya kembang melati

Ngetoake rupa kaya arjuna

Jebul ati kaya buta

Bener lan Salah

Elek apik

Bener salah

Anyar amoh

Resik rusah

Kabeh kuwi ana sifate

Tapi kok di kembarke ,

Malah ana sing di wolak walik

Sing elek diapik-apike

Sing apik dielek-elekke

Bener di salahke , salah dibenerke

Wong bener di gorohake

Jaman akhir polahe lucu-lucu

Dipanggonke ora marang panggone

Pengene negara maju, sing genah wae

Negara tentrem ayem

Ngimpi wae, yen sifat ngono mau diterus-teruske

17 18

Page 11: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Korupsi

Jas panganggone, merek terkenal jalukane

Apik banget tumpakane, lha piye moh yen ora miliyar regane

Sebribit ambune , wangi ganda perfume

Kuwi mau saka ngendi duwite

Saiki lagi musime

Para manungsa kang ngunggulake jabatane

Sing kaentuk saka duwite

Arupa nyuap uga ditindake

kae mau ska ngendi jebule

“Wong cilek”

Sapa meneh sing sengsara

Kuwi ha’e sapa

Sing nang ngisor mung bisa nampa

Apa wae nakale sing nduwe kuwasa

Dil-adil maz adil… saiki kue nang endi

Iki ana sing wigati

Ana sing nyokoti Negara kang lagi nutupi

Nutupi apa..?

Nutupi polahe korupsi

Korupsi, korupsi

Gawe terkenale negeri iki

19 20

Page 12: Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa ... kampus konservasi Ora bisa di waca ... lha kanggone wong kang rekasa

Biografi

USMAN HANAFI lair ing Mojokulon,

Banjarejo, Blora, 22 Agustus 1993.

Namatake SD ing SDN 1 Banjarejo, banjur

lulus saking Mts Khozinatul Ulum Blora.

SMA ditamatake ing MA Negeri Blora.

Nglanjutake sekolah ing Universitas Negeri

Semarang tekan saiki.

Awit saka SD wes kerep melu Organisasi. Ing SD yaiku Dokter

kecil, lanjeng ing SMP melu OSIS, diteruske ing SMA melu IPNU.

Ing Unnes melu Kridamadu UKM Keseniyan Jawa lan Hima

Bahasa lan Sastra Jawa Unnes.

21